You are on page 1of 6

1.

Manut tatacara kuna, manawa wis ana pasarujukan anggone padha arep bebesanan, lumrahe wong tuwane calon penganten priya njaluk tulung marang sawijining congkog (perantara) sing diprecaya, sing mitayani lebda ing wicara. Atur panembung marang calon besan.

2.

Manawa anggone rerembugan ing antarane congkog lan wong tuwane calon penganten wanita ana titik-titik sarujuk, seje wektu ditemokake upacara Nontoni. Carane, wong tuwane calon penganten priya ngajak anake lanang sing arep dijodhokake, diombyongi dening sawatara kulawarga sing cinaket, medhayoh marang daleme calon besan. Tamu-tamu mau, sawise tumeka ing papan kang sinedya, diaturi lenggah ana njeron pandhapa. Sanalika iku uga, bisa nyumurupi kahanan bale omahe calon besan. Sapatemon kapisanan iku, lagi asipat tetepungan. Pasugatan sing diladekake mligi wedang teh, piladekake dening calon penganten wanita (sing ditontoni), wiwit saka ngladekake cangkir/lepek kothongan, tekan ngilingake wedang saka teko. Tanpa pangiring panganan. Pituture wong kuna, yen dikantheni pasugatan saliyane wedang teh, tembe burine bakal ana grawalane. Ing kalodhangan iku, para tamu ditembungake: Kedhep tesmak anggone nyawang calon penganten wanita, solah bawa lan

sandhang panganggone. Upacara Nontoni kena diarani wis rainpung, tumuli bubaran. 3. Sabanjure, manawa kabeh-kabeh wis padha golong gilig rembuge anggone padha arep bebesanan, wong tuwane calon penganten priya kirim layang lamaran marang calon besane. Tanpa kirim layang lamaran, pratandha rembugane bedho (batal). Pihak wong tuwane anak wadon, ora prelu takon. 4. Samangsa layang lamaran wis ditampa dening sing kawogan, kudu endang diwangsuli. a. Yen layang lamaran iku ora disarujuki, wangsulane: Anake wadon durung kepengin omah-omah, utawa nganggo alesan seje, upamane: Ora cocok petungane manut petungan primbon. b. Manawa lamaran mau ditampa, enggal diwangsuli, manawa lamarane katampa kanthi bungahing ati. c. Rembugan sabanjure, sarehne wis padha sarujuk, mulane banjur nemtokake dina singsetan, yaiku awujud tandha paningset. Wong tuwane calon penganten priya masrahake tandha paningset. Lumrahe awujud barang utawa dhuwit, ajine manut kekuwatan sing kawogan. Apa wujude lan pira cacahe ora ana tatanan kang gumathok. 5. Nalika pasrah/tinampan paningset, pihak calon besan wong tuwane calon penganten wanita, cecala bakal dhauping penganten ing sasi .... Ora susah ditemtokake dina pasaran lan

tanggale, amarga wewenang milih dina becik kanggo dhauping penganten, ana ing pihak wong tuwane calon penganten wanita. 6. Sawise dina, pasaran, tanggal lan sasine gumathok, banjur kirim layang marang calon besan, lumrahe dilantarake dening congkog. Kalamangsa uga ana usul saka pihak wong tuwane calon penganten priya. Ewasamono sing nemtokake, tetep pihak wong tuwane penganten wanita. f. Golong giliging rembug, besan loro-lorone padha tata-tata bakal tekaning gawe. Ngaturi para sadulur, disuwuni pambiyantu samurwate. Sarehne sing mbakoni upacara mau pihak wong tuwane calon penganten wanita, iya sing rebyek dhewe. Tanpa panyengkuyunge sanak sadulur, bakal karepotan. Ing jaman moderen saiki, lumrahe ndhapuk panitya. Panitya gawe reng-rengan sacukupe manut kahanan/sikon (situasi / kondisi) banjur dum-duman pagaweyan, ngurusi: 1. 2. 3. 4. layang idin saka pamarentah, gawe layang sedhahan, golek tuwuhan (gedhang raja, kembang mayang), tarub/dekorasi lan piranti liya-liyane, semono uga ubarampe liyane, 5. 6. 7. nata sesaji, slametan lan pasugatan, among tamu priya lan wanita, nata papan kanggo ijab kobul sarta nata palungguhan penganten sawise temu,

8. 9.

pambiwara (MC = Master of Ceremony), Kuwajiban sing nemokake penganten lan isih akeh maneh tunggale. Kabeh iku gumantung karo undha usuking pahargyan kaya kang

kasebut ing ngarep. Ana sing slentheman, climen, lumrah, gedhen, gedhen lan ambal-ambalan. Ewasemono panitya sing ganep kajaba kadadeyan saka pangarsa, panitra hartaka lan seksi-seksi, kudu gawe ngengrengan bab urut-urutaning upacara sapeprincene, diarah supaya ora ana sing cewet. Kapacak ana ing buku primbon warisane leluhur, diprayogakake tumrap sapa bae sing mangku gawe mantu, padha gondhelana marang tri prakara: 1. Makutha tegese wong sing duwe gawe mantu, pindhane ratu kang kagungan wewenang lan kuwajiban prentah lan mranata lakuning upacara mantu. 2. Makuthem tegese wong sing mangku gawe, becike gondhelan kenceng marang paugeran sing gumathok. Ora miyar-miyur disaruwe dening liyan sing durung mesthi benere. Sisip sembire malah dadi boros lan ngrugekake. 3. Makuthetheran tegese wong sing mangku gawe sing ora ngugemi Makutha lan Makuthem, bakal nemoni karepotan (kethetheran), tundone olehe duwe gawe ora maremake, dadi kembang lambe ana ing masyarakat sarampunge duwe gawe.

Urut-urutan tata-tata duwe gawe mantu.


1. Sesasi sadurunge gawe, kudu wis madik-madik golek tuwuhan (gedhang raja wutuh rong tundhun). Lumrahe menyang desadesa sing ana tandurane gedhang raja. Tanpa tuwuhan, bakal nguciwani, dadi rembug ana ing masyarakat. 2. Kurang saka setengah sasi a. Laporan marang instansi pamarentah sing duwe wewenang. b. Ngracik daftar asmane para tamu sing arep disedhahi. 3. Kurang pitung dina: a. Ngaturake layang sedhahan. b. Jonggolan (calon penganten sarimbit ngadhep marang instansi sing ngurusi akad nikah). 4. Kurang telung dina a. Pasang tarub, manut petungan dina lan sangat sing becik. b. Buwangan: yaiku mapanake lan mendhem sajen ing panggonan sing wis ditemtokake. c. Slametan nyuwun pangestu marang para leluhur, kanthi pangajab muga-muga lakuning upacara mantu gangsar tanpa ana reridhu sawiji apa.

Mligine kanggo masyarakat Surakarta


1. Sesaji (caos dhahar) ana ing sitihinggil. Sesaji marang Nyai Setomi (mriyem) lan Kyai Surak (gong). 2. Sesaji marang Kyai Sala, cikal bakale kutha Sala. 3. Njupuk wedhi ing Sitihinggil, sakidule bangsa Witana.

4. Golek godhong ringin kurung sakembaran (Kyai Jayadaru lan Dewadaru) ing alun-alun lor sing lumah kureb. 5. Golek uwuh ing Pasar Gedhe (Pasar Harjonagoro). 6. Golek banyu tempuran, tepung banyu kali loro. 7. Nata sesaji kanggo petanen lan padaringan. 5. Kurang sadina a. Jam 10.00 esuk, pasrah/tinampanan calon penganten priya ing omahe wong tuwane calon penganten wanita. b. Jam 11.00 upacara siraman tumrap calon penganten sakaloron. Manawa calon penganten priya kepengin siraman ing papan seje, dikirimi banyu sing arep dianggo siraman calon penganten wanita. c. Calon penganten wanita, wiwit diwenehi dhasar paes (paes lakaran) utawa dihalub-halubi sing ditindakake dening juru paes wanita, sing sabanjure ndandani calon penganten mau. d. Pasang tuwuhan, dibarengi pasang ubarampe sejene, kayata janur kuning, gegodhongan nganti katon asri dinulu. e. Jam 19.00 nebus kembang mayang kanthi upacara

mirunggan. f. Jam 19.30 calon penganten priya teka, prelu nyantri (ngenger) ing omahe calon maratuwa. g. Bengine tirakatan midadareni, ngaturi rawuh para kulawarga lan tangga teparo. h. Jam 00.00 (tengah wengi) slametan majemukan. Sumber buku : Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like