You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati,
rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih
pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika
narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita
mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami,
awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan.
Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet
penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan
gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun.
Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat,
mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila
kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita
mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda,
minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba,
ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito
dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah
dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken
pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula
nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like