You are on page 1of 8

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
Oleh : Mas Kumitir

A J I

P A M E L E N G

Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku pikajeng : tandaning


sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning pandamelan wau winastan
manekung, pujabrata, mesu budi, mesu cipta, ngeningaken utawi
angluhuraken paningal, matiraga lan sasaminipun.
Papan ingkang kangge nindakaken wau panepen, panekungan, pamujan,
pamurcitan, pamursitan, pahoman, paheningan lan sanes-sanesipun. Dene
wedharing kawruh winastan daiwan, dawan, tirtaamerta, tirtakamandhanu,
tirtanirwala, mahosadi, kawasanan, kawaspadan, kawicaksanaan,
sastracetha, utawi sastrajendrayuningr at pangruwating diyu lan
sapanunggalanipun.
Menggah pigunanipun kawruh lan pandamel wau, perlu kangge sarananing
panembah murid manggih kawilujengan, margi saged anindakaken dhateng
sawarnaning pandamel sae, punapadene kangge sarana duk kita darbe
sedya nunuwun kanugrahaning gesang kita pribadi (Pangeran), inggih
nunuwun bab punapa kemawon ingkang limrah kenging linampahan saking
pandamel kita ingkang boten tilar murwat.
Wondene purwanipun ing jagad teka wonten kawruh pasamaden, bilih
miturut saking tembung-tembungipun , sanyata kathah ingkang nagngge
basa Sansekrit; yen makaten tetela manawi wimbaning kawruh pasamaden
wau saking tumitising kawicaksananipun bangsa Indhu ing jaman kina
makina, ingkang sampun boten kasumerepan petang ewoning taun.
Bokmanawi kemawon papantaranipun kalihan nalika bangsa Indhu
amurwani iyasa candhi dalah reca-recanipun. Dene kawruh wau ing sakawit
inggih namung kangge bangsa Indhu, boten nawang bangsa Indhu ingkang
agami punapa kemawon, katamtokaken mesthi ngrasuk pasamaden. Awit
inggih namung kawruh pasamaden punika ingkang dados mukaning saliring
kawruh sajagad, lan ugi dados pangajenging piwulan agami.
Ing ngalami lami bangsa Indhu sami lumeber dhateng ing Tanah Jawi lan
sanes sanesipun, serta sami anggelaraken agaminipun tuwin kawruh sanes
sanesipun; makaten ugi kawruh pasamaden inggih boten kantun. Kawruh
pamasaden wonten ing Tanah Jawi saget ngrembaka tuwuhipun, margi
bangsa Jawi tan pilih drajad sami remen puruita lan saged nandangaken
dating pangolahing kawruh punika, awit kawruh wau saget nocoki kalihan
dhadhasaring pamanahipun titiyang Jawi, mila kalayan gampil rumasukipun
wonten ing balung sungsuming titiyang Jawi. Kasembuh malih saking
kathahing bangsa Indhu kados sinuntak sami angajawi, nedya anggelar
agami Jawi lan kawruh kawicaksananipun. Bebasan sakedeping netra,
bangsa Jawi ing sa'indhengipun maratah sampun sami angrasuk agami
Indhu, lan ugi sampun sami saget ngraosaken kabegjan, kamulyan,
kawilujengan lan sasaminipun, margi saking wohing kawruh pandamel wau.
Ing wusana katungka dhatengipun titiyang bangsa Arab sami lumebet ing
Tanah jawi, ingkang ugi ambekta kawruh lan agaminipun Mohammad,
kasebut agami Islam, temah nyunyuda tumangkaring agami Indhu, sebab
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

lajeng wonten ingkang angrasuk agami Islam. Namung kemawon wedharing


agami Islam boten andarbeni kawruh pasamaden, kados kasebut ing
nginggil.
Sareng golonganipun tiyang Islam sampun saget ngendhih Nagari, inggih
punika adeging Karaton Bintara (Demak), ing ngriku lajeng angawisi kalayan
kenceng, titiyang Jawi boten kenging anindakaken kawruh pasamaden,
mekaten ugi sami kinen nilar agaminipun lami, serta kedah santun angrasuk
agami Islam.
Ananging boten ta manawi bangsa Jawi lajeng anut purun santun agami
Islam sadaya, purunipun wau namung margi saking ajrih paukuman
wisesaning Nata, dados Islam-ipun wau namung wonten ing lahir kemawon,
utawi Islam pangaran-aran, yen batosipun taksih angrungkepi agamipun
lami. Milo bab kawruh pasamaden inggih taksih lajeng katindakaken,
ananging pamulang pamedharing kawruh pasamaden wau, ingkang karan
nama wejangan (wijang-wijang) sarana lampah dhedhemitan, katindakaken
ing wanci ndalu sasampunipun jam 12, ugi papaning pamejang boten
kenging kaubah wangon, kadosta ing ara-ara, ing wana, ing lepen lan
sasaminipun ing papan ingkang sepen. Pamejangipun srana bisikan boten
kenging kapireng ngasanes, sanadyan suket godhong, kewan tuwin
bangsanipun gegremetan kutu-kutu walangataga ugi boten kenging miring,
yen miring lajeng malih dados manungsa. Mila linggihipun Kyai Guru ajengajengan aben bathuk kaliyan pun murid, serta sanget pamantos-mantosipun
Kyai Guru, pun murid boten kenging nularaken wewejanganipun
(kawruhipun) dhateng tiyang sanes, bilih dereng angsal palilah Guru, yen
nerak bade angsal wilalat manggih sapudendhaning Pangeran. Panindak
ingkang mekaten punika, purwanipun namung tetep kangge panjagi,
supados pamulanging kawruh pasamaden boten katupiksan dhateng
pamarintahing agami Islam. Sebab yen ngantos kasumerepan, tamtu
manggih pidana.
Dumuginipun ing jaman samangke, sanadyan Nagari sampun boten
angarubiru dhateng wontenipun wewejangan kawruh pasamaden, nanging
panindaking wejangan wau taksih kalestantunaken sarana dhedhemitan
kados kawursita ing nginggil. Mila lajeng angsal paparab saking
panyedaning titiyang ingkang boten remen, utami tiyang ingkang anglampahi
sarengating agami Islam, bilih wontening wejangan kawruh pasamaden wau
lajeng kawastan ilmu klenik. Purwo saking tembung klenik, lajeng
angandhakaken tembung abangan lan putihan. Ingkang kasebut abangan
punika tiyang ingkang boten nindakaken saraking agami Islam, dene putihan
mastani tiyang Jawi ingkang teluh manjing agami Islam sarta anglampahi
sadaya sarak sarengating agami Islam wau, inggih punika ingkang kasebut
nama santri. Mila santri karan putihan, margi miturut panganggenipun
titiyang agami Islam, bilih santri punika sarwo-sarwi langkung resik utawi
suci tinimbang kaliyan titiyang ingkang boten angrasuk agami Islam.
Mangsuli wontening kawruh pasamaden anggenipun sanget winados,
menggah ingkang dados sababipun kapretalakaken ing nginggil. Dene yen
saleresipun ingkang nama wados-wados wau pancen boten wonten; dados
inggih kenging-kenging kemawon kawulangaken dhateng sok tiyanga, boten
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

mawang nem sepuh, serta kenging kawejangaken ing sawanci-wancinipun,


uger tiyang wau pancen ambetahaken kawruh pasamaden kasebat. Sebab
wontenipun sadaya punika supados kasumerepan dhateng ingakathah,
langkung-langkung kawruh pasamaden punika ingkang sanyata dados
mukaning sadaya kawruh. Mila wajib sinebar dados seserepaning tiyang
nem sepuh wadarin ing saindengipun, tanpa nawang andhap inggiling
darajadipun.
Amarengi wahyaning mangsakala, wusana wonten kaelokaning lalampahan
ingkang boten kanyana-nyana; ing pawingkingipun bab kawruh pasamaden
wau lajeng muncul katampen dhateng tiyang Islam, margi yakin bilih kawruh
pasamaden wau, pancen musthikaning gagayuhan ingkang saged
andhatengaken ing kawilujengan, kamulyan, katentreman, lan sasaminipun.
Mila kawruh wau dening tiyang ingkang sampun suluh papadhanging
raosipun inggih punika Seh Sitijenar, ingkang ugi dados pramugarining
agami Islam apangkat Wali, lajeng kadhapuk ing ndalem serat
karanganipun, ingkang lajeng winastan daim, wirid saking tembung daiwan
kasebut ing nginggil. Punapadene lajeng kaewoaken dados saperanganing
panembah, sarana dipun wewahi tembungipun, lajeng mungel : salat daim
(salat - basa arab, daim saking daiwan basa Sansekrit). Milanipun dipun
wewahi basa arab, namung kawigatosan kangge mikekahaken
kapitadosanipun murid-muridipun ingkang sampun sami necep agami Islam.
Punapadene tembung salat lajeng kapilah kalih prakawis. Sapisan salat 5
wekdal, kasebut salat sarengat, ateges panembah lahir. Kaping kalih salat
daim, punika panembahing batos; mangertosipun : anekadaken
manunggaling pribadinipun, utawi kasebut loroning atunggil.
Kitab karanganipun Seh Sitijenar wau lajeng kangge paugeraning piwulang.
Sareng sampun angsal kawigatosaning ngakathah, ing ngriku salat limang
wekdal lan sarak agami sanes-sanesipun lajeng kasuwak boten
kawulangaken babar pisan. Ingkang pinindeng namung mumuruk
tumindaking salat daim kemawon. Mila titiyang Jawi ingkang suwau manjing
agami Islam, langkung-langkung ingkang dereng, lajeng sami ambyuk
maguru dhateng Seh Sitijenar, margi piwulangipun langkung gampil, terang
lan nyata.
Wondene purwanipun Seh Sitijenar kaserenan kawruh pasamaden, ingkang
mijeni Kyai Ageng Pengging, sebab Seh Sitijenar punika mitradarmanipun
Kyai Ageng Pengging. Kawruh asamaden, dening Seh Sitijenar lajeng
katularaken Raden Watiswara, inggih Pangeran Panggung, ingkang ugi
apangkat Wali. Lajeng tunimbal dhateng Sunan Geseng, inggih Ki
Cakrajaya, tiyang asal saking Pagelen, ingkang kacarios saderengipun
dados Wali, Ki Cakrajaya wau pandamelanipun anderes nitis gendhis.
Salajengipun sumrambah kawiridaken dhateng ingakatah. Makaten ugi
sakabat-sakabatipun Seh Sitijenar ingkang sampun kabuka raosipun, dening
Seh Sitijenar kinen sami madeg paguron amiridaken kawruh pasamaden
wau. Sangsaya dangu sangsaya ngrebda, anyuremaken panguwaosing para
Wali, anggenipun amencaraken piwulang agami Islam. Yen kalajeng-lajeng
masjid saestu badhe suwung.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

Ngawekani sampun ngantos wonten kadadosan ingkang makaten, temah


Kyai Ageng Pengging tuwin Seh Sitijenar sasekabatipun ingkang sami
pinejahan katigas jangganipun dening para Wali, saking dhawuhipun Sultan
Demak. Makaten ugi Pangeran Panggung boten kantun, kapidana
kalebetaken ing brama gesang-gesangan wonten samadyaning alun-alun
Demak, kangge pangewan-ewan murih titiyang sami ajrih, lajeng sami
mantuni utawi nglepeh piwulangipun Seh Sitijenar.
Kacariyos sariranipun Pangeran Panggung boten tumawa dening
mawerdining Hyang Brama, lajeng oncat medal saking salebeting latu
murub, nilar nagari Demak. Kanjeng Sultan Bintara tuwin para Wali sami
kablerengen kaprabawan katiyasaning Pangeran Panggung, temah
kamitenggengen kadi tugu sinukarta. Sareng sampun sawatawis tebih
tindakipun Sang Pangeran, Kanjeng Sultan tuwin para Wali saweg sami
enget bilih Pangeran Panggung kalis saking pidana, temah sami rumaos
kawon angsal sihing Pangeran. Katungka unjuking wadyabala, atur uninga
bilih Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, kesah anututi lampahipun
Pangeran Panggung. Ing ngriku Kanjeng Sultan katetangi dukanipun, temah
dhawahing bendu, para sakabat tuwin murid-muridipun Seh Sitijenar
ingkang kapikut lajeng sami pinejahan. Ingkang boten kacepeng sami
lumajar pados gesang.
Para sakabatipun Seh Sitijenar ingkang taksih wilujeng kakantunanipun
ingkang sami pejah, ugi taksih sami madeg paguron nglestantunaken
pencaring kawruh pasamaden, nanging mawi sislintru tinutupan wuwulang
sarengating agami Islam, murih boten ka'arubiru dening para Wali
pramugarining praja. Dene piwulangipun kados ing ngandhap punika :
Pamulanging kawruh pasamaden ingkang lajeng karan salat daim,
karangkepan wuwulang salat limang wekdal tuwin rukuning Islam sanessanesipun malih. Wewejanganipun salat daim wau lajeng winastan wiridan
naksobandiyah, dene panindaking piwulang kawastan tafakur. Saweneh
wonten ingkang pamulangipun ing saderengipun para murid nampi wiridan
salat daim, langkung rumiyin kalatih lampah dhidhikiran lan maos ayat-ayat.
Wiwit punika wuwulangan pasamaden lajeng wonten wanrni kalih, inggih
punika :
1. Piwulang pasamaden wiwiridan saking para sekabatipun Seh Sitijenar,
ingkang sarana tinutupan utawi aling-aling sarak rukuning agami Islam.
Wuwulangan wau dumuginipun ing jaman samangke sampun mleset
saking jejer ing sakawit, mila para guru samangke, ingkang sami
miridaken kawruh pasamaden, ingkang dipun santuni nama
naksobandiyah utawi satariyah, nginten bilih kawruh wau wiwiridan
saking ngulami ing Jabalkuber (Mekah). Salajengipun para Kyai guru
wau, amastani guru klenik dhateng para ingkang sami miridaken kawruh
pasamaden miturut wawaton Jawi pipiridan saking Seh Sitijenar.
Punapadene para Kyai guru wau nyukani paparab nama Kiniyai,
pikajengipun : guru ingkang mulangaken ilmuning setan. Dene nama
Kyai, punika guru ingkang mulangaken ilmuning para nabi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

2. Piwulang pasamaden miturut Jawi, wiji saking Kyai Ageng Pengging,


ingkang kapencaraken dening Seh Sitijenar (ingkang ing samangke
karan klenik), punika ing sakawit, ingkang dados purwaning piwulang,
dumunung wonten panggulawenthahing wawatekan 5 prakawis, kados
ing ngandhap punika :
1. Setya tuhu utawi temen lan jujur.
2. Santosa, adil paramarta, tanggeljawab boten lewerweh.
3. Leres ing samubarang damel, sabar welas asih ing sasami, boten
ngunggul-unggulaken dhirinipun, tebih saking watak panganiaya.
4. Pinter saliring kawruh, langkung-langkung pinter ngecani manahing
sasami-sami, punapadene pinter angereh kamurkaning manah
pribadi, boten anguthuh melik anggendhong lali, margi saking
dayaning mas picis rajabrana.
5. Susila anor-raga, tansah nganggeni tatakrami, maweh rereseping
paningal tuwin sengseming pamiharsa, dhateng ingkang sami
kataman.
Lampah limang prakawis wau kedah linampahan winantu ing pujabrata
anandangaken ulah samadi, inggih amesu cipta angeningaken pranawaning
paningal. Awit saking makaten punika mila tumrap panindaking agami Jawi
(Buda), bab kawruh pasamaden tuwin lampah limang prakawis wau kedah
kawulangaken dhateng sadaya titiyang enem sepuh boten pilih andhap
inggiling darajatipun. Mila makaten, sebab musthikaning kawruh tuwin luhurluhuring kamanungsan, punika bilih tetep samadinipun, kuwasa anindakaken
lampah 5 prakawis kados kawursita ing nginggil. Temah kita manggen ing
sasananing katrenteman, dene wontening katentreman mahanani harja
kerta lan kamardikan kita sami. Yen boten makaten, ngantos sabujading
jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagiles dening rodha jantraning
jagad, margi kacidraning manah kita pribadi.
Bab kawruh pasamaden ingkang lajeng karan wiridan naksobandiyah lan
satariyah, ingkang ing nguni wiwiridan saking Seh Sitijenar, sampun
ka'andharaken ing nginggil, namung kemawon tumandangipun boten
kawedharaken. Ing riki namung badhe anggelaraken lampah umandanging
samadi sacara Jawi, ingkang dereng kacarobosan agami sanes, inggih
punika makaten :
Para nupiksa, mugi sampun kalintu panampi, bilih samadi punika
angicalaken rahsaning gesang utawi nyawanipun (gesangipun) medal
saking badan wadhag. Panampi makaten punika, purwanipun mirid saking
cariyos lalampahanipun Sri Kresna ing Dwarawati, utawi Sang Arjuna yen
angraga-suksma. Mugi kawuninganana, bilih cariyos makaten punika tetep
namung kangge pasemon utawi pralambang.
Ing samangke wiwit wedharaken lampahing samadi makaten : tembung
samadi = sarasa - rasa tunggal - maligining rasa - rasa jati - rasa nalika
dereng makarti. Dene makartining rasa jalaran saking panggulawenthah
utawi piwulang, punapadene pangalaman-pangalam an ingkang tinampen
utawi kasandhang ing sadinten-dintenipun . Inggih makartining rasa punika
ingkang kawastanan pikir. Saking dayaning panggulawenthah, piwulang
tuwin pangalaman-pangalam an wau, pikir lajeng gadhah panganggep awon
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

lan sae, temah anuwuhaken tatacara, pamacak lan sanes-sanesipun


ingkang lajeng dados pakulinan. Punapa panganggep awon sae, ingkang
sampun dados tata-cara margi sampun dados pakulinan punika, yen awon
inggih awon sayektos, yen sae inggih sae temenan, punika dereng tamtu, jer
punika namung pakulinaning panganggep. Dene panganggep, boten yekti,
tetep namung ngenggeni pakulinaning tata-cara, dados inggih dede kajaten
utawi kasunyatan. Menggah pikajenganipun samadi ing riki, boten wonten
sanes namung badhe nyumerepi kajaten, dene sarananipun boten wonten
malih kajawi nyumerepi utawi anyilahaken panganggep saking makartining
rasa, kasebut sirnaning papan lan tulis. Inggih ing riku punika jumenenging
rasa jati kang nyata, kang yekti, kang weruh tanpa tuduh. Wondene
kasembadanipun kedah angendelaken ing saniskara, sarana angereh
solahing anggota (badan). Mangrehing anggota wau ingkang langkung
pikantuk kalihan sareyan malumah, saha sidhakep utawi kalurusaken
mangandhap, epek-epek kiwa tengen tumempel ing pupu kiwa tengen, suku
ingkang lurus, dalamakan suku ingkang tengen katumpangaken ing
dalamakan suku kiwa, mila lajeng kasebut sidhakep suku (saluku) tunggal.
Punapadene angendelna ebahing netra (mripat), inggih punika ingkang
kawastanan meleng. Lampah makaten wau ingkang kuwasa ngendelaken
osiking cipta (panggagas), tuwin amuntu ilining rahsa, dene pancering
paningal kasipatna amandeng pucuking grana medal saking sa'antawising
netra kakalih, inggih punika ing papasu, dene pamandengipun kedah
kalayan angeremaken netra kakalih pisan.
Sasampunipun lajeng nata lebet wedaling napas (ambegan) makaten :
panariking napas saking puser kasengkakna minggah anglangkungi cethak
ingga dumugi ing suhunan (utek = embun-embunan) , sarta mawi kaendelna
ing sawatawis dangunipun. Sumengkanipun napas wau kadosdene darbe
raos angangkat punapa-punapa, dene temenipun ingkang kados kita angkat,
punika ilining rahsa ingkang kita pepet saking sumengkaning napas wau,
menawi sampun kraos awrat panyangginipun napas, inggih lajeng
ka'edhakna kalayan alon-alon. Inggih patrap ingkang makaten punika
ingkang kawastanan sastracetha. Tegesipun cetha = empaning kawruh,
cetha = antebing swara cethak, inggih cethaking tutuk kita punika. Mila
winastan makaten, awit duk kita mangreh sumengkaning napas
anglangkungi dhadha lajeng minggah malih anglangkungi cethak ingga
dumugi suhunan. Menawi napas kita dipun ereh, dados namung manut
lampahing napas piyambak, tamtu boten saget dumugi ing suhunan, margi
saweg dumugi ing cethak lajeng sampun medhak malih. Punapadene ugi
winastan daiwan (dawan), pikajengipun : mangreh lebet wedaling napas
ingkang panjang lan sareh, sarwi mocapaken mantra sarana kabatos
kemawon, inggih punika mungel `hu' kasarengan kalihan lumebeting napas,
inggih panariking napas saking puser, minggah dumugi ing suhunan. Lajeng
`ya', kasarengan kalihan wedaling napas, inggih medhaking napas saking
suhunan dumugi ing puser, minggah mandhaping napas wau anglangkungi
dhadha lan cethak. Dene, anggenipun kawastanan sastracetha, margi nalika
mocapaken mantra sastra kakalih : hu - ya, wedaling swara ingkang namung
kabatos wau, ugi kawistara saking dayaning cethak. (Ungeling mantra utawi
panebut kakalih : hu ya, ing wiridan naksobandiyah kaewahan dados
mungel, hu Allah, panebutipun ugi kasarengan lampahing napas. Dene ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

wiridan satariyah, panebut wau mungel : hailah haillolah, nanging tanpa


angereh lampahing napas).
Menggah lebet medaling napas kados kasebut ing nginggil, sa'angkatanipun
namung kuwasa angambali rambah kaping tiga, mila makaten, awit napas
kita sampun boten kadugi manawi kinen anandangana malih, jalaran
sampun menggeh-menggeh. Dene manawi sampun sareh, inggih lajeng
ka'angkatana malih, makaten salajengipun ngantos marambah-rambah
sakuwawinipun, margi saya kuwawi dangu, sangsaya langkung prayogi
sanget. Dene sa'angkataning pandamel wau kawastan : tripandurat,
tegesipun tri = tiga, pandu = suci, rat = jagad badan enggen, suraosipun :
kaping tiga napas kita saget tumameng ing ngabyantaraning ingkang Maha
suci manggen ing salebeting suhunan (ingkang dipun suwuni). Inggih punika
ingkang kabasakaken paworing kawula Gusti, tegesipun : manawi napas kita
sumengka, kita jumeneng gusti, yen tumedhak, wangsul dados kawula. Bab
punika para nupiksa sampun kalintu tampi ! Menggah ingkang dipun wastani
kawula gusti punika dede napas kita, nanging dayaning cipta kita. Dados
ulah samadi punika, pokokipun kita kedah amanjangaken panjing wijiling
napas (lebet wedaling napas), kalihan angeningaken (ambeningaken)
paningal, sebab paningal punika kadadosan saking rahsa.
Wondene patraping samadi kados kasebut ing nginggil wau, ugi kenging
karancagaken, uger kita tansah lumintu tanpa pedhot mangeh panjing
wijiling napas, kalihan lenggah, lumampah, utawi nyambutdamel inggih
kedah boten kenging tilar mangreh lebet wedaling napas wau, ingkang
sarana mocapaken mantra mungel : hu ya, kados ingkang kajarwa ing
nginggil.
Kajawi punika, wirid saking tembung daiwan punika ugi taksih darbe maksud
sanesipun malih, inggih punika ateges panjang tanpa ujung, utawi ateges
langgeng. Dene pikajengipun amastani bilih wontening napas kita punika
sanyata wahananing gesang kita ingkang langgeng, inggih wontening
ambegan kita. Dene ambegan punika, sanyata wontening angin ingkang
tansah mlebet medal tanpa kendel, ingkang sasarengan kalihan keketeg
panglampahing rah (roh). Bilih kakalih wau kendel boten makarti nama
pejah, inggih risaking badan wadhag wangsul dados babakalan malih. Mila
sayogyanipun lampahing napas inggih ambegan kita ingkang tansah mlebet
medal tanpa kendel, kedah kapanjang-panjangan a lampahipun, murih
panjanga ugi umur kita, temah saget awet wonten ing donya tutug
panyawangipun dhateng anak, putu, buyut, canggah, wareng, ingkang
babranahan.
Wontenipun andharan ing nginggil, mratelakaken bilih kawruh pasamaden
punika sanyata langkung ageng pigunanipun, mila lajeng sinebut
sastrajendrayuningr at pangruwating diyu. Tegesipun sastra = empaning
kawruh, jendra = saking panggarbaning tembung harja endra. Tegesipun
harja = raharja, endra = ratu dewa, yu = rahayu wilujeng, ningrat = jagad
enggen badan. Suraosipun : Musthikaning kawruh ingkang kuwasa
amartani ing karahayon, kaharjan, katentreman lan sapatunggalipun. Dene
tegesesipun pangruwating diyu = amalihaken diyu; dene diyu = danawa
raksasa asura buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

rereget, babaya, pepeteng, kabodhohan lan sanesipun. Dados diyu punika


kosokwangsulipun dewa, engkang ateges pinter, sae, wilujeng lan
sapanunggilipun. Mengku suraos amastani ingkang saget anyirnakaken
saliring piawon tuwin samubarang babaya pekewed. Mangertosipun, sinten
ingkang tansah ajeg lumintu anandangaken ulah samadi, punika bilih ing
suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun, malih dados tiyang sae
lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados saras, tiyang murka daksiya
lajeng narimah sabar, welasasih. Tiyang goroh lajeng dados temen. Tiyang
bodho dados pinter. Tiyang pinter dados pinter sanget. Makaten ugi tiyang
golongan sudra dados waesia, waesia dados satriya, satriya dados
brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

You might also like