Professional Documents
Culture Documents
:
Puji syukur kaaturake marang ngarsane Gusti Alloh taala Dzat sing
Kuoso, ngatur lan dadiaken urip lan mati, ugoh tansah maringi werowernone nikmat.
Kanti pengarep-ngarep, mugo-mugo kito kebeh biso nggayuh
sampurnane nikmat arupo mati husnul khotimah, mati kanti netepi iman lan
Islam. Podo karo sing wes didawuhne dining Sayyidina Ali karromallohu
wajhah :
Sholawat-salam mugo tansah kalimpahake marang junjungan Nabi
Agung, Nabi Muhammad saw, sing wis maringi tuntunan lam bimbingan
sehinggo dadi gamblang antarane kabeneran lan kebatilan.
Dawuhe ulama : Sopo wong yen ngamal tanpo didasari ilmu mongko
amali ditolak ategesi ora diterimo. Kahanan saiki akeh penggawean sing
mestine kudu dilakoni dianggep sunat, penggawean sunat dianggep wajib.
Malahan terkadang penggawean sing mestine ditinggal dianggap wajib lan
sebalike.
Mulo songko iku, buku iki minongko usahane penulis supoyo
anggepan-anggepan sing ora bener ora dadi budoyo ono ing tengah-tengah
masyarakat sing akhire podo biso ngerti. Banjur gelem ngelakoni
penggawean utowo amal kang cocok karo syareat. Amin.
Buku iki minongko rangkuman songko keterangan-keterangan utowo
hukum-hukum sing ono kitab-kitab kuning al mutabaroh. Kanti methil
keterangan sing sekirane biso utowo nyedeki kasempurnan kanggo
mulosoro mayit. Ugo biso dilakoni dening wong umum.
Buku iki sengojo katulis kilawan boso jowo sing tanpo aturan (pakem)
supoyo luwih gampang dingerti lan dipahami, khususe dening wong sepuh
sing ora pati ngerti boso Indonesia.
Senajan mengkono, kerono cekake ilmune penulis mongko kasuwun
songko sopo wae supoyo gelem niti lan ngoreksi supoyo buku iki benerbener mengku kaweruh sing nyukupi.
Cukup semene mugo-mugo buku iki tansah migunani lan dadi amal
jariyahe wong tuwone penulis. Amin.
2005 Juni 29 Pahing, Rebo Kulon, Pos
Penulis
Fattah Abdul Ibnu
Tembung Pambuko
Kabeh menungso bakale mesti mati. Tekone pati ora biso kasongko.
Werno-werno jalarane tur ora pandang bulu.
Akeh menungso sing mati kanti ndadak, ijen-ijen utowo rombongan
senajan ora loro lan durung tuwo umure.
Mulo songko iku, dianjurake marang sopo wae (luwih-luwih wong sing
lagi loro) :
1. Tansah iling mati1;
2. Cawis-cawis kanggo sangune mati2, kanti ngakehake amal bagus lan
ninggal kemaksiatan, sing dibarengi kelawan taubat sing bener3;
3. Tansah husnu-dzon4 (nyono bagus) mareng gusti Allah taala.
TOTO-KROMONE WONG LORO
Wong loro iku kudu merhatekake tanggungan-tanggungan sing dadi
kewajibane. Podo ugo tanggungan marang Gusti Alloh (umpamane sholat,
zakat, utowo zakat), utowo tanggungan marang menungso (umpamane :
nayuri utang lan njaluk ngapuro).
Dene kahanan lan tingkah sing utomo, yoiku :
1. Awak tansah suci, resik lan anteng.
2. Lisan tansah syahadat, dzikir, moco Al Quran, lan dungo5.
3. Ati tansah sabar, husnu-dzon marang Gusti Alloh, nyuwun pengapuro,
kawelasan, tur ridlo marang opo wae sing dikersaake dening Gusti Allah
taala.
TOTO-KROMONE WONG SING AREP MATI (SEKARAT)
Wong loro, yen tingkahe nyedeki sing arep mati mongko penggawean
sing disunatake yoiku :
1. Ngadepake marang arah qiblat6.
1
:
(201 ) :
2
(464 3 ) :
3
(80 ) :
4
Mantep yen Gusti Allah bakal pareng welas lan ngapuro
(374 1 ) :
. :
5
Dungo naliko loro nemen :
.
6
Pertikele ngedepake marang arah qiblat :
1. Ngiringake nengen, kanti sirah ono ning lor (yen kangelan)
3
2. Mulangi syahadat1.
3. Macakake surat Yasin2 lan surat Ar Rodu3, kanti rodhok banter4 sekirane
wong sing loro krungu.
4. Bagusake husnu-dzon5 marang Gusti Alloh, naganjurake taubat lan nulis
wasiat.
5. Sering-sering nyegoki (ngombeni)6 banyu.
6. Nyiwaki7.
WIGATI
1. Aturane ngedepake qiblat lan mulangi syahadat iku sing utomo
ndesekake ngedepake qiblat. Yen ora biso mongko kanti bareng.
(Hasyiyah Bujairimi ala syarhil manhaj juz I hal. 449)
2. Wong sing mulangi syahadat iku yen biso wong sing ditresnani dening
wong sing loro utowo wong sholeh sing ora ahli waris. (Hasyiyah Al
Bujairimi Juz I hal. 450)
3. Wong sing arep mati selagi iseh nduweni kesadaran iku luweh utomo
diwacakake surat Yasin tinimbang surat Ar Rodu.
: :
.
2
Kejobo olehe sambang supoyo gelemake ninggal masiat, mongkoh ora makruh.
3
Kejobo olehe sambang kerono anane hajat syari utowo dlorurot.
4
Kanggo njogo menowo wong sing disambangi durung siap nerimo tamu.
5
Umpomo ditakoni, Sopo iku?, ora jawab, Aku. Ananging njawab kelawan nyebutake
jenenge.
6
.
5
:
) .
(9 2
2
:
3
Kejobo keduwe wong sing ndadekake ayeme wong sing disambangi, utowo keduwe wong
sing dialap barokahe (wong sholeh).
4
:
5
Klawan moco :
(450 1 )
6
Supoyo ora kebukak cangkeme sehinggo katon olo.
6
Kanti ngangkat lan nemplekake lengen marang bahu, wentis marang pupu, pupu marang
weteng, nuli dibalekake maneh supoyo awake mayit tetep lemes ora kaku sehinggo
gampanggake ngedusi lan ngulesi.
2
Kanti kain sing pucuk nduwur ditlangkupake ing ngisor sirah, sing pucuk ngisor
ditlangkupake ing ngisor sikil, lan sing ono sisih kiwo tengene ditlangkepake ono ing sisi
kiwo tengene awake mayit.
3
Biso kursi, amben, utowo mejo supoyo ora langsung nemplek bumi sehinggo gampan
owahe mayit lan sunate antarane mayit lan amben ora diwenehi lemek.
4
Kelawan wesi utowo sepadane sing bobote kurang luweh setengah kilo luweh tithik lan
sing luwih utomo dideleh ono sak jabane kain.
5
Ndungaake husnul khotimah, nyuwunake pengapuro lan rohmat.
6
Kanti tujuan supoyo akeh sing nyolati lan ndungaake mayit.
7
:
8
:
7
MULOSORO MAYIT
Sak wise mayit nyoto-nyoto mati, lan sak wise ngelakone penggawean
sing disunatake naliko lagi mati, mongko inggal-inggal ngelakoni kewajiban
mulosoro mayit kanti ndisiaken ngedusi.
HUKUME MULOSORO MAYIT
Hukume molosoro mayit iku fardlu kifayah.
Songko arah penggawean, dadi kewajiban saben-saben wong mukallaf
sing ngerti utowo nyono anane kematian, utowo wong mukallaf sing
taqsir (ora ngerti anane kematian ananging kerono ora tanggap utowo
peduli marang lingkungan.
Songko arah pembiayaan, dijupuk utowo dadi kewajibane limang
golongan1 :
1. Tirkah (bondo warisan).
2. Wong sing wajib nafaqohi mayit.
3. Bondo waqof kanggo mulosoro mayit.
4. Baitul mal.
5. Wong sugih sing Islam.
Kanti wajib ndisikake nomor urut siji (ngurut) yen kabeh golongan ono. (Al Bajuri : I/361)
8
Ananging kewajiban sing wis kasebut iku biso gugur sebab olehe
nandangi wong siji1.
PENGGAWEAN MULOSORO SING HUKUME FARDHU KIFAYAH
Hukume mulosoro sing hukume fardlu kifayah iku ono papat2 :
1. Ngedusi.
2. Ngulesi.
3. Nyolati.
4. Ngubur.
I. NGEDUSI MAYIT
1.1 HUKUME NGEDUSI MAYIT
Hukume ngedusi mayit iku ono telu :
1. Wajib, yen mayit muslim, ora syahid kerono perang musuh wong kafir,
lan ora bayi mati keluron sing ora ono rupo bakal menungso.
2. Mubah, yen mayit kafir utowo bayi keluron sing ora ono rupo bakal
menungso.
3. Harom, yen mati syahid kerono perang musuh wong kafir.
1.2 PERSIAPAN KANGGO NGEDUSI MAYIT
Supoyo lancar lan sampurno naliko ngedusi mayit mongko sak
durunge tumandang ngedusi dianjurake nyiapake keperluan lan
merhatekake penggawean ing ngisor iki :
1. Nyiapake panggonan ngedusi sing sepi, ketutupan lan ora ono payone3.
Olehe mulosoro malaikat, wong wadon utowo bocah cilik sing durung tamyiz iku durung
biso nggugurake kewajiban mulosoro, kejobo ora ono menungso maneh sak liyane wong
wadon utowo bocah cilik. (At Thoriqoh As Sadidah Fii Masaail Mufidah Hal. 367)
2
Kejobo mayit mati syahid, bayi keluron, lan mayit kafir, sing bakal dijelasake.
3
Supoyo awake mayit (luwih-luwih aurot) ora gampang disawang wong sing ora melu
ngedusi, kanti ora ono perlune.
9
2. Nyiapake banyu1 sak wadahe2, godhong doro utowo sabun, sampo lan
kapor barus.
3. Nyiapake suri sing arang-arang, anduk lan kain utowo jarit sing garing3.
4. Nyiapake kain kanggo belebet tangan4.
5. Mangeni panggonan ngedusi5.
6. Ndeleh Mayit ono panggonan sing rodhok duwur6.
7. Mayit ditutupi kain utowo jarit sing tipis, lemes lan teles7.
8. Mayit dilumahake mujur ngetan-ngulon, kanti sirah ono ing wetan lan
luwih duwur8 tinimbang awake.
9. Noto Ules lan panggonane, supoyo naliko rampung ngedusi biso
langsung diulesi lan disholati.
1.3 PELANGGERANE NGEDUSI MAYIT
Banyu adem luwe utomo tinimbang banyu anget, kejobo ono hajat kanggo ngilangi najis.
Sing dideleh ono panggonan sing ora gamang kecipratan. Sing utomo nyediaake wadah
werno telu :
1. Wadah gedhe (sing bakale diisi banyu sabun, banyu murni kanggo mbilasi, lan
banyu sing dicampuri sethithik kapur barus.
2. Wadah sedengan.
3. wadah cilik.
Wadah cilik digawe nyiduk banyu songko wadah gedhe, lan disok menyang wadah
sedengan sing bakale digawe grujuki mayit. Yen ora biso kelawan nambahi wadah gedhe
nganti telu sing siji-sijine diisi banyu sabun, banyu murni lan banyu sing dicampur kapur
barus. Yen ora biso kelawan selang lan banyu sabun utowo banyu kapur barus diwadahi
wadah sing nyukupi. (At Thoriqoh As Sadidah Hal. 373)
3
Sing bakale digawe nganduki lan nyelimuti mayit naliko rampung ngedusi.
4
Biso kelawan kain, sapu tangan, utowo kaos tangan, biso loro utowo telu.
Yen loro sing siji digawe ngereseki dalan ngarep lan mburi lan sing siji digawe ngeresiki
awak lan bolongan-bolongan sing tembus marang wetenga lan meripat.
Yen telu sing siji digawe ngeresiki dalan ngarep-mburi, sing siji digawe ngeresiki awak lan
sing siji maneh digawe ngeresiki bolongan-bolongan sing tembus marang wetenga lan
meripat.
5
Biso kelawan ngobong kayu garu, ngawur-ngawurake kapur barus utowo wewangian
supoyo naliko mayit ngetoake kotoran ora mambu. Miturut sawenehe ulama mangeni
panggonan mayit iku disunatake mulai matine lan dideleh ono sekitare mayit.
6
Kanggo njogo songko nyiprate najis. Lan sing utomo ono ing kursi, amben utowo mejo
sing rancang-rancang supoyo banyu ora ngembeng nyiprat.
7
Supoyo nggampangake tembuse banyu marang awake mayit lan kain tutup paling ora sing
nutupi auro. Ananging sunate sing nutupi kabeh awak.
8
Supoyo banyu ora gampang melebu ing cangkeme mayit sing hukumi harom yen disengojo
lan ora ono hajat (umpamane ngeresiki najis).
2
10
Pelanggerane ngedusi mayit iku podo karo adus jinabat utowo adus
sunat. Ateges paling ora kudu ngeratani awake mayit kelawan banyu sing
nyucikake (sing sekaligus biso ngilangake najis yen mayit ono najise).
1.4 PERTIKELE NGEDUSI MAYIT
Pertikele ngedusi mayit sing sampurno yoiku :
1. Sak wise rampung kabeh nyiapake keperluan kanggo ngedusi kanti
posisine mayit ngelumah, sirah ono ing wetan lan rodho duwur, mayit
nuli dilungahake1 ( kelawan rodho ndoyong mengguri) kanti sendenan
dengkul tengene wong sing ngedusi. Tangan tengeni wong sing ngedusi
ono ing gulu lan bahu burine mayit, kanti jempolane ono ing ledhok
cengele (sirah burine) mayit2. Dene tangan kiwo tansah ngurut-ngurut
wetenge mayit ( songko njobo kain tutupi mayit) kanti rodho metek
supoyo kotoran podo metu.
2. Sekirane cukup, mayit digeletakake maneh (podo karo posisi naliko sak
durunge dingelumahake), nuli dicewoki dalam ngarep-mburine kelawan
tangan kiwo3 sing wis diblebet ( dibungkus) kain utowo kaos tangan,
kanti ngakehake banyu supoyo kotoran lan ambu biso cepet ilang.
3. Sak wise rampung nyewoki nuli blebet ono ing tangan kiwo dicopot
(tangan dibasuh lan diresiki), lan diganti kelawan blebet anyar sing wis
ditelesi, kanggo ngeresiki reget utowo blonggot awak 4, gidhal untu5, upel
irung6, blobok mripat, curek kuping7, lan ireng-irenge kuku8, sing kabeh
mau dilakone kelawan alus lan sing sering ngumbah blebet skirane
katon reget.
Ngelumahake mayit iku yen kangelan (umpamane mayit ora didusi ono amben utowo
mayit wis kaku) mongko sukup kelawan ngelumahake mayit.
2
Supoyo sirahe mayit ora ndeglek.
3
Kanti ngelebokake ono ing ngisor kain lan ora kelawan mbukak kain sehinggo katon
aurote.
4
Kanti ngelebokake ono ing ngisor kain lan ngeratani kabeh awake mayit.
5
Kelawan deriji penuduh tangan kiwo sing blebetan, sing carane podho karo siwakan lan
ora perlu kelawan mbukan cangkem. Kerono khawatir mlebune banyu menyang weteng sing
hukumi harom yen disengojo. Kejobo yen ono hajat, umpamane cangkeme mayit ono najise
mongko kudu dibukak lan disuceni. (Hasyiyah Jamal Juz II Hal. 146)
6
Kelawan deriji jentian tangan kiwo.
7
Kelawan deriji penuduh tangan kiwo.
8
Kelawan kayu lemes sing dilencipi supoyo ora ngelaraake mayit.
11
4. Sak wise rampung ngeresiki nuli mayit diwudloni 1 kelawan wudlu sing
sempurno (podho karo wudlune wong urip). Ananging naliko ngemoni
lan ngisepake banyu irung supoyo sirahe mayit diiringake supoyo banyu
ora mlebu weteng.
5. Sak wise rampung mudloni nuli mayit dibasuh (disiram) nganggo banyu
telong werno :
a. Banyu sabun, utowo sing dicampur godhong doro.
b. Banyu murni, kanggo mbilasi banyu sabun.
c. Banyu kapur barus2 (banyu sing dicampur sethithik kapur barus).
Kanti ngurut ndisikake mbasuh kelawan banyu sabun, nuli banyu murni
kanggo mbilas lan banyu kapur barus. Ugo kanti ndisikake mbasuh
sirah, wajah, janggut, lan bagian anggotane mayit sisih tengen.
Dene Sempurnane urutane mbasuh, yoiku :
1. Mbasuh kelawan sabun.
- Kanti posisi mayit isih melumah, lan sirah rodhok duwur (sak wise
diwudloni), nuli dibasuh sirah ( songko arah nduwur), rahi lan
jenggote kanti disureni3 rambut lan jenggote ( yen nduwe jenggot)
kelawan suri sing arang-arang.
- Dibasuh awake sing tengen, songko gulu nganti pucuke deriji sikil
tengen.
- Dibasuh awake sing kiwo, songko gulu nganti pucuke deriji sikil
kiwo.
- Mayit diiringake ngiwo ( sehinggo bagian awak sisih tengen ono
nduwur), nuli dibasuh bagian awak sing ono nduwur mulai songko
gulu nganti pucuke deriji sikil.
- Mayit diiringake nengan ( sehinggo bagian awak sing kiwo ono
nduwur), nuli dibasuh bagian awak sing ono nduwur mulai songko
gulu nganti pucuke deriji sikil.
- Sak wise rampung nuli mayit dingelumahake maneh.
2. Mbasuh Kelawan Nganggo Banyu Murni Kanggo Bilasan Lan
Banyu Kapur Barus
1
Mudloni mayit iku sunat, ananging niate wajib Ateges yen ora ono niat songko sing
mudloni mongko wudlune ora sah. Bedo karo ngedusi mayit, iku hukume sunat sebab tujuan
ngedusi mayit iku dudu sesuci (thoharoh) ananging bebersih (nadhofah).
Dene niate mudloni mayit yoiku :
Lan naite ngedusi mayit yoiku :
2
( )
.
3
Kanggo ngeratakake lan ngeresiki reget. Dene nyureni naliko mbilasi iku kanggo ngeresiki
sabun utowo gondho doro.
12
Sak wise rampung dibasuh kelawan banyu sabun, kanti posisi mayit
ngelumah, nuli mayit dibasuh kelawan banyu murni kanggo bilasan,
lan diterusake kelawan banyu kapur barus, sing pertikile ( karokarone) podo karo naliko mbasuh kelawan banyu sabun, mulai
songko ndisikake mbasuh sirah, ndisikake anggota sisih tengen,
nganti naliko mbasuh kelawan ngiringake awake mayit.
Wilangane
Basuhan
Wilangane
Sabun
Wilangane
Bilasan
Wilangane
K. Barus
Sabun-Bilasan-K. Barus
Sabun-Bilasan-K. Barus 3x
Sabun-Bilasan-K.Barus-SabunBilasan-K. Barus
(Sabun-Bilasan-K. Barus) 3x
(Sabun-Bilasan) 3x-K. Barus 3x
Keterangan :
1. Nomer urut sing paling ngisor ( nomer 7) iku luwih utomo katimbang
nomer sing ing nduwure (nomer 6), lan sak teruse.
2. Rujuan :
1. Al Hawasyi Asy Syarwani Juz III Hal. 105
2. At Taqrirot As Sadidah Hal. 375
3. Al Hadits riwayat Imam Bukhori lan Imam Muslim
13
.
3. Ngeluwihi songko sangang basuhan iku dihukumi isrof, kejobo ojo
hajate, umpamane ono najis sing ora biso ilang-ilang.
WIGATI
1. Mbasuh kelawan banyu sabun-banyu bilasan-banyu kapur barus itu
senajan wis oleh kesunatan ngapeng teloni (sebab jumlahe basuhan wis
ono telu), anangin disawang songko arah paling sempurno mung
diwilang sak basuhan, sehinggo disunatake maneh ngapeng teloni
nganti dadi sangang basuhan.
2. Sejatine ( miturut keterangan sing ono kitab kuning), anane basuh
kelawan banyu sabun lan banyu kanggo mbilasi iku ora dituju, yoiku
banyu kapur barus (banyu murni sing dicampur sethithik kapur barus)
sing ora nganti owah (isih tetap biso nyucikake). Mulo songko iku kudu
ngati-ngati kerono kebiasaan ing masyarakat anane banyu kapur barus
iku owah ( ora nyucikake). Dadi umpomone telong basuhan ( banyu
sabun-banyu bilasan-banyu kapur barus) utowo ditikelake nganti
sangang basuhan iku ora ono sing owah (podo ugo owah sak durunge
dibasuhake utowo owah naliko ono ing awake mayit). Mongko kudu
nambahi basuhan kanggo bilasan kanti ngganjili basuhan lan
ngakherake basuhan kapur barus.
(Bujairimi Manhaj Juz I Hal. 455)
1.6 KESUNATAN SAK WISE NGEDUSI MAYIT
Sak wise rampung ngedusi mayit lan sak durunge mayit diangkat
saperlu diulesi, mongko penggawean sing disunatake, yoiku :
1. Sirahe mayit diiringake kanti alus supoyo banyu sing ono cangkeme
mayit biso metu.
2. Ngelemesake ros-rosan awake mayit ( pertikele podo karo naliko lagi
meti) supoyo tetep lemes sehinggo gampang diulesi.
3. Nganduki mayit supoyo ora nelesi ules (kafan) sehinggo cepet rusak.
4. Ngganti tutup kain kelawan sing garing.
5. Masang sumpel kapuk ing dalan ngarep-mburine mayit lan sak
mblebete bokong ( yen ora mongko biso dilakoni ono ing panggonan
ngulesi).
Keterangan
14
Yen kabeh kesunatan iki wis ditandangi nuli mayit diangkat lan digowo
menyang panggonan ngulesi kanti ngati-ngati, ndisikake sirah lan tetep
njogo supoyo awake mayit (khususe aurot) ora kabukak.
WIGATI
1. Wong sing ngedusi mayit iku wajib lanang yen mayite lanang. Lan wajib
wadon yen mayite wadon utowo banci1. Kejobo yen sing ngedusi
mahrom utowo bojone mayit, utowo mayite bocah cilik sing durung
tumeko bates disyahwati.
2. Wong sing ngedusi mayit iku sing luwih patut lan utomo keluargane
mayit sing luwih ngerti masalah ngedusi mayit sing bener, senajan luwin
enom.
3. Wong sing ngedusi iku yen biso paling ora wong loro, sing siji
ngesokake banyu lan sing sijine ngeresiki awake mayit lan ngeratakake
banyu. Lan biso ditambah miturut kebutuhan, ananging sing luwih utomo
ganjil.
4. Sunate iku ora melebu pangonan ngedusi kejobo wong sing ngedusi lan
wong sing mbantu, kejobo waline mayit, malahan waline mayit iku
disunatake nunggoni senajan ora melu utowo mbantu ngedusi.
5. Nyawang anggotane mayit naliko ngedusi iku makruh. Lan yen sing
disawang aurote2 mayit mongko hukume harom 3, kejobo yen mayit
bocah cilik utowo sing nyawang mahrom utowo bujune mayit kanti ora
syahwat.
6. Naliko ngeresiki utowo ngosoki anggotane mayit iku disunatake
ngenggo blebet tangan. Lan yen sing diresiki iku aurote mayit (khususe
dalan ngarep-mburi) mongko blebet tangan hukume wajib 4, kejobo yen
mayit bocah cilik, utowo sing ngeresiki mahrom utowo bujune mayit,
kanti ora syahwat.
7. Ngesokake banyu naliko ngedusi mayit iku cukup songko jabane kain
sing digawe nutupi mayit. Yen kangelan mongko keno kelawan mbukak
kain ananging tetep kudu njogo songko kebukake aurote mayit.
(Rangkuman songko Bujairimi Khotib, Jamal Manhaj, lan Syarwani)
1
Banci yoiku wong sing nduweni alat lanang lan wadhon. Dadi umpamane ora ono wong
lanang yen mayit lanang utowo sewalike (ugo ora ono bojo utowo mahrome mayit utowo
mayit bocah cilik) mongko mayit wajib ditayamumi kanti nganggo blebet tangan lan yen
tetep didusi mongko hukume harom, senajan biso nggugurake kewajiban ngedusi.
2
Sing dikarepake aurot ning kene yoiku antarane udel lan dengkul, kejobo yen sing ngedusi
mayit lanang iku wong wadon utowo sewalike (sing ora bujune, mahrome, utowo mayit ora
bocah cilik) mongko sing dikarepake aurot yoiku aurote mayit naliko sholat.
3
Kejobo dlorurot, umpamane ora biso ngeresiki najis kejobo kelawan nyawang.
4
Kejobo dlorurot, mongko ora wajib.
15
8. Ngetok rambut utowo kukune mayit iku makruh, kejobo ono hajat.
Umpamane kelete rambut sebab ono gethihe ( regete), sing angel
ilangane utowo biso ngalangi tumekane banyu marang kulit.
9. Ngedusi mayit nganggo banyu zam-zam, iku hukume ora sunat,
ananging nulayani kang luwih utomo ) ( , kerono mulyaake
banyu zam-zam ( kanti nyawang pendapate sebagian ulama sing
ngarani najise nayit).
(Hasyiyah Al Bujairimi Alal Manhaj Juz I Hal. 454)
WERNO-WERNO MASALAH NGEDUSI MAYIT
1. Mayit sing isih ihrom (muhrim1), iku carane mulosoro podho karo naliko
isih urip. Ateges podho ugo lanang utowo wadon ora keno diwenehi
wewangian ( umpamane lengo wangi, kapur barus, sabun, lan
sepadane, podho ugo sing diwenehi wewangian anggota awake mayit,
kapuk utowo ulese mayit), ora keno dikethok rambut utowo kukune lan
ora keno disureni naliko didusi yen khawatir rontoke rambute mayit
(kejobo dlorurot). Khususe sing lanang mongko naliko ngulesi ora keno
ditutupi sirahe lan ora keno dikelambeni. Lan yen wadon mongko ora
keno ditutupi rahine. Dene masalah naleni ules ono khilaf antarane
ulama (semono ugo ora keno diwangeni, mayit wadon sing isih iddah
kerono ditinggal mati bojone)
(Al Jamal Al Manhaj Juz I Hal. 462)
(Al Mahalli Juz I Hal. 381 Darul Fikr)
2. Wajibe ngedusi lan sunate mudloni mayit iku mung sepisan senajan
mayit langsung hadats gedhe sak durunge mati. Lan yen sak wesi didusi
mayit dijima mongko mayit ora wajib didusi maneh. Utowo ngetokake
kotoran mongko ora sunat diwudloni maneh (sebab mayit dihukumi ora
mukallaf). Ananging mung wajib diresiki najise (miturut pendapat sing
kuat) luweh-luweh yen durung disholati. Sebab syarate sholat iku kudu
suci.
(Syarwani, Juz III Hal. 98)
(Bujairimi Khothib, Juz II Hal. 268)
3. Yen ora ono banyu, utowo ono banyu ananging khawatir rontoke utowo
protole anggotane mayit (sebab mayit kobong, utowo kecelakaan, utowo
keno penyakit) mongko mayit cukup ditayammumi (kanti ngilangi najise
disek) lan tetep kanti mbasuh anggota sing keno dibasuh, umpomo ono
lan tayammum minongko gantine anggota sing ora keno dibasuh (podo
1
Sing dikarepake muhrim ing kene yoiku wong sing ngelakoni ibadah haji utowo umroh lan
durung tahallul (khususe ibadah haji durung tahallul awal)
16
karo tayammumi wong urep naliko adus jinabat lan sebagian anggota
awake ono sing ora wani dibasuh sebab catu)
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 111)
(Bujairimi Khothib, Juz II Hal. 267)
4. Mayit sing kilup (durung dikhitan) iku yen njerone kilup ono najise lan
ora biso dibasuh (diilangi) mongko miturut Imam Ibnu Hajar iku wajib
didusi lan ditayammumi (tayammum minongko dadi ganti anggota sing
ora keno dibasuh), lan ugo tetep disholati ( najis sing ono jero kilup
dihukumi mafu1 (dlorurot).
5. Mayit sing mati sebeb kerem iku miturut pendapat sing kuat iku tetep
kudu didusi, sebab gugure kewajiban ngedusi iku anane penggaweane
wong mukallaf.
(Kifayatul Akhyar, Juz I Hal. 164 Darul Ihya)
Muturut Imam Romli, yen ora biso suci mongko ora perlu ditayammumi lan ora perlu
disholati. Dene sing luwih kuat pendapate Imam Ibnu Hajar. (Ianatut Tholibin, II/109)
2
Dadi antarane wong lanang lan wadon iku bedho. Ananging miturut pendapat sing
mutamad yoiku pendapate Imam Ibnu Hajar yoiku paling ora ules sing nutupi kabeh awak,
senajan mayit rupo bocah cilik. (Hasyiyah Syekh Sulaiman Al Jamal, II/157)
3
Sing podho ombo lan dawane, lan sing saben-saben lapis biso nutupi kabeh awak.
4
:
17
Pertikele kanggo ulese mayit lanang. Dene kanggo mayit wadon iku sak wise noto rong
lapis nuli noto izar (sarung), qomis (kelambi kurung), lan khimar (kudung). Urutan iki
(sarung, kelambi kurung, kudung) iku yen sisih kiwo-tengene kelambi kurung ora dijahit.
Lan yen dijahit mongko kelambi-kelambi ditoto utowo dienggoake mengko sak wise mayit
disarungi lan sak durunge dikudungi.
2
Sing utomo (yen biso), nyumpeli dalam ngarep-mburi dilakoni ono ing panggonan ngedusi
(sak durungi diangkat menyang panggonan ngulesi).
3
Yoiku bathok, tapak tangan loro, dengkol loro (kapok dideleh dengkol ngisor) lan pucukpucukr deriji. Lan sewenehe ulama ono sing milang utomo :
- Menehi kapok ono ing antarane deriji tangan, deriji sikil loro, lan catu utowo borok.
- Blebet wajah kelawan kain supoyo kapok sing ono cangkem, irung, lan meripate mayit ora
gampang geser.
4
Biso ugo tangan dilurusaken, dideleh kiwo-tengene awake mayit. Ananging sing luwih
utomo tingkah sing kawitan, miturut Syekh Hasan bin Ahmad bin Muhammad bin Salim.
18
1. Naleni utowo belebet susune (kanggo mayit wadon sing wis montok
susune), supoyo ora obah-obah naliko diusung, sehinggo ulese
gampang mbukak.
2. Sak durunge ngulesake rong lapis (sing pertikele podho karo ngulesi
mayit lanang), mayit disarungi, dikelambeni, lan dikudungi, kanti urut.
7. Naleni ules (pocongan1) kelawan limo utowo telong talinan.
- Yen limo :
1. Nduwur sirah.
2. Bahu.
3. Bokong.
4. Dengkul
5. Ngisor sikil.
- Yen telu :
1. Nduwur sirah.
2. Sekitare dhodo.
3. Ngisor sikil.
KETERANGAN :
Sak wise rampung diulesi nuli mayit di deleh ing penduso lan diangkat,
diusung menyang panggonan nyolati, kanti ndisikake sirahe mayit.
WIGATI :
1. Ules sing wenang kanggo mayit yoiku ules sing wenang dienggo mayit
naliko isih urep. Ateges mayit lanang ora keno diulesi nganggo sutero.
(Thoriqoh Sadidah, Hal. 379)
2. Nambahi kelambi kurung lan serban2 kanggo mayit lanang iku hukumi
nulayani keutamaan ) ( . Lan yen dadi wasite mayit ugo ono
tirkah lan ora ngeluwihi sepertelune mongko kudu dilaksanaake. Dene
luwih songko iki mongko hukume makruh. Lan dihukumi harom yen
biaya ules songko tirkah lan ora ono ridlo songko ahli waris utowo ahli
waris ono sing isih cilik.
(Syarwani, Juz III Hal. 118)
3. Sing dikarepake ;
1. Sarung : Kain sing nutupi anggotane mayit, antarane udel lan
dengkul.
2. Kelambi Kurung : Kain sing digawe kelambi jubbah, sing ora ono
lengene lan ora ono belekan bagian dhodhone. Dene sisih kiwotengene iku biso dijahit utowo ora.
1
2
Kudu niat kefardluan sebab sholate tetep dadi sholat fardlu senajan mayit wis disholati.
Ora wajib niat kefardluan sebab sholate wis dadi sholat sunat. (At Thoriqoh As Sadah Hal.
381, Bujairimi Alal Manhaj, I/481)
2
20
Olehe nyolati bocah cilik sing wis tamyiz iku wis biso nggugurake kewajiban senajan ono
wong lanang sing wis mukallaf.
2
Sebab ono ing masalah nyolati mayit anane mayit iku podo karo imam. Dadi yen jejer
mongko hukume makruh. Lan sing dadi ukuran yoiku tungkake wong sing nyolati karo
sirahe mayit.
3
Sebagian ulama ono sing ngarani yen ora anane aling-aling iku dadi syarat sehinggo yen
nyolati mayit sing ono penduso sing ditutup mongko diwilang sah.
21
/ / / /
/ .
3.5.2 PETANG TAKBIRAN
ihrom. takbirotul milang kelawan iku takbiran Petang
3.5.3 NGADEK KANGGO SING KUWOSO
lungguh. kelawan cukup mongko kuwoso ora umpomo Dadi
3.5.4 MOCO FATIHAH SAK WISE TAKBIR SING KAWITAN
kawitan. sing takbir wise sak kudu ora sejatine iku Fatihah Moco
moco karo (bareng pindo kaping sing takbir wise sak diwoco biso Ananging
papat. kaping utowo )mayit ndungaake karo (bareng telu kaping sholawat),
sing takbir wise sak diwoco kudu iku Fatihah Al moco Ananging
kadong wis utowo masbuq mamum dadi sholat sing wong selagi kawitan,
Fatihah. Al moco
3.5.5 MOCO SHOLAWAT SAK WISE TAKBIR SING KAPING PINDO
sunate Lan . : moco ora paling sing iku sholawat Moco
lafadh nggabungake serto sholawat moco durunge sak : nambahi
: yoiku sempurnane Dene salam.
3.5.6 NDUNGAAKE MAYIT SAK WISE TAKBIR KAPING TELU
ndungaake khusus sing dungo kelawan kudu iku mayit Ndungaake
nyukupi. ora mongko umum dungoe umpomo Dadi disholati. sing mayit
: Umapamane
nabi kanjeng songko diriwayatake tur nyukupi sing ndungo Dene
: yoiku antarane ing saw. Muhammad
.
: dungane mongko cilik bocah mayite yen Lan
.
22
Keterangan :
1. Umpamane naliko ndungo mung ngucap : mongko dianggep
cukup.
2. Dlomir biso diganti, dicocokake kelawan kahanane mayit ( lanangwadone, ijen-orane).
3.5.7 SALAM KAWITAN SAK WISE TAKBIR KAPENG PAPAT
Dene salam sing kaping pindo iku hukume sunat. Lan disunatake sak
durunge salam sing kawitan kanti ngucapake :
(383 : . ).
KETERANGAN :
Sak wise rampung nyolat nuli mayit diangkat lan diusung menyang
kuburan sing pertikele diterangake ono buri.
WIGATI :
1. Nyolati mayit iku sunate ono ing masjid kanti berjamaah lan digawe
telong shof1 utowo luwih yen sing nyolati ono wong enem utowo luwih.
Pertikele Noto Shof :
Wilangane
NO
nyolati
1
7 Orang
6 Orang
5 Orang
4 Orang
3 Orang
Imam
Makmum
Imam lan makmum jejer
Makmum
Imam
Makmum
Imam lan makmum jejer
Makmum
Imam
:
23
2 Orang
II/I
/I
I
I
Makmum
Imam
Makmum
Keterangan :
Yen wilangane shof wis ono telu lan wilangan wong sing nyolati luwih
songko pitu mongko shof sing kawitan iku sing luwih utomo.
2. Posisi mayit naliko disholati iku sing paling luwih utomo (kanggo ukuran
Indonesia) yoiku yen mayit lanang, mongko sirah ono ing kidul. Lan yen
mayit wadon, mongko sirah ono ing lor.
(Al Bujairimi Alal Manhaj, Juz I Hal. 484)
3. Posisi Imam utowo wong sing nyolati ijen, iku sing luwih utomo yoiku :
- Yen mayit lanang : ono kencenge pundake mayit (sirahe mayit ono
ing kiwane).
- Yen mayit wadon : ono kencenge bokonge mayit (sirahe mayit ono
ing tengene1).
4. Naliko nyolati mayit iku disunatake ngelonake wacan (podo ugo Fatihah
utowo liyane) senajan ono ing wektu bengi.
5. Ono ing sholat mayit iku ora disunatake moco dungo iftitah sak durunge
moco Al Fatihah. Lan ora disunatake moco surat2 sak wise moco Al
Fatihah. Anannging cukup moco taawwudz sak durunge moco Al
Fatihah.
6. Miturut Imam Romli, iku naliko nyolati mayit sunate madep marang
mayit, yen nayit hadlir (ono ing panggonan sholat).
7. Ngakhirake nyolati mayit iku ora sunat, kejobo ngenteni wilangane wong
sing nyolati nganti petang puluh utowo satus3 selagi ora kuwatir owahe
mayit.
Kejobo olehe nyolati mayit ono ing masjid nabawi mongko sirahe mayit (senajan wadon)
ono ing kiwane wong sing nyolati kerono taadduban marang maqome Kanjeng Nabi
Muhammad saw.
2
Kejobo kanggo makmum sing wis rampung moco Al Fatihah sak durunge rampunge imam
mongko disunatake moco surat kenggo ngenteni imam.
3
.
2/132 .
24
8. Makmum sing kari songko imam kelawan rong takbiran ( tanpo ono
udzur), mongko sholate makmum batal4.
9. Makmum sing lagi takbir kawitan lan durung semppat moco Al Fatihah
nuli imam takbir sing kaping pindo, mongko makmum ora wjib moco Al
Fatihah kerono makmum kawilang makmum masbuq lan Fatihahe
ditanggung imam.
10. Salam naliko nyolati mayit iku miturut pendapat sing kuat ora disunatake
nambah kalimat : .
11. Makmum masbuq sing menangi sak takbiran, rong takbiran, utowo
telung takbiran songko takbire imam mongko kudu nambahi takbir
sehinggo takbire dadi jangkep papat (sak wise salame imam).
WERNO-WERNO MASALAH NYOLATI MAYIT
1. Mayit sing rusak jasade utowo ajur iku yen biso kudu dipulosoro kanti
sempurno (didusi utowo ditayammumi, diulesi, disholato, lan dipendem).
Yen ora biso didudi utowo ditayammumi, mongko ono bedo pendapat
antarane ulama. Miturut pendapat sing mutamad cukup diulesi
(dibungkus) lan dikubur. Miturut muhaqqiqin ugo wajib disholati.
(Busyrol Karim, Hal. 408-409)
(Qolyubi, Juz II Hal. 345, lan 347)
2. Mayit sing dikethok-kethok jasade lan sing ditemu lagi sebagian
anggotane ( tangan, umpamane) mongko kudu tetep dipulosoro kanti
sempurno. Dene sholate iku mung diniati nyolati anggota sing ditemu
(sing wis dipulosoro), yen nduweni keyakinan anggota liyane durung
didusi. Niate yoiku : .
Lan yen nduweni keyakinan anggota liyane ugo wis didusi mongko niate
nyolati kanggo kabeh anggotane mayit. Niate yoiku :
.
(Al Majmu, Juz V Hal. 253)
(Qolyubi, Juz I Hal. 337)
3. Mayit sing diyakini matine ananging ora ditemuake jasade iku miturut
pendapat sing mutamad wajib disholati, yen ono keyakinan wid didusi.
Lan yen ora ono keyakinan mongko keno disholati ananging niate
nyolati digantungake yen mayit wis didusi. Niate yoiku :
.
Dene miturut muhaqqiqin iku tetep wajib disholati senajan ora ono
keyakinan anane mayit wis didusi. Kerono perkoro sing isih biso
4
Sebeb takbir ono ing sholat mayit iku minongko rukun fili. Dadi kari rong takbiran iku
hukume podo karo kari rukun fili loro. (Thoriqoh As Saadah, 385)
25
4.
5.
6.
7.
8.
ditandangi ( nyolati) iku ora biso gugur sebab perkoro sing ora biso
ditandangi (ngedusi), .
(At Turmusi, Juz III Hal. 340-443)
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 131)
Batesi jarak kanggo wenange ngelakoni sholat ghoib iku ono khilaf
antarane ulama. Miturut Imam Ibnu Hajar iku selagi ono ing njobo deso.
Lan miturut Imam Romli iku ora dibatesi jarak. Ananging selagi kengelan
utowo ono udzur nekani nyolati mayit (sholat hadlir) mongko wenang
ngelakoni sholat ghoib.
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 132, lan 133)
(Busyrol Karim, Hal. 405)
Batese waktu kanggo wenange ngelakoni sholat ghoib iku ono khilaf.
Ono ulama sing ngarani telong dino, sewulan, selagi mayit isih ono
jasade. Lan malah ono sing ngarani sak lawase.
(Al Mahalli, Juz I Hal. 335)
Wong sing ngelakoni sholat ghoib iku kudu ahli ngelakoni sholat naliko
matine mayit. Dadi umpomo ono wong sing ngelakoni sholat ghoib
kanggo mayit sing matine naliko deweke iseh kafir, cilik, gendeng, utowo
haidl, umpamane mongko sholate ora sah.
(Hasyiyah Syeh Sulaiman Al Jamal, Juz II Hal. 182)
Sholat ghoib kanggo mayit akeh (kanti bareng) sing sebagian wenang
(sah) disholati ( kerono sing nyolati ahline naliko matine mayit), lan
sebagian orah sah, mongko sholate kudu dikhususake marang mayit
sing sah disholati, kanti moco niat :
(Al Jamal Alal Manhaj, Juz II Hal. 181-182)
Mayit sing luwih songko siji iku keno disholati bareng-bareng ( kanti
mung sholat sepisan).
(Al Jamal, Juz II Hal. 189)
KETERANGAN TAMBAHAN
NGUSUNG LAN NGIRING MAYIT
1. Upacara pemberangkatan mayit menyang kuburan sing biasane diisi
kelawan :
- Ndungaake mayit lan keluarga sing ditinggal.
- Njalukake pengapuro kanggo mayit lan dilunasane tanggungantanggungane.
26
2.
3.
4.
5.
6.
7.
2
Hukume makruh yen ora ono hajat.
3
Antarane melaku biasa lan melayu, selagi ora kuwatir rontoke mayit. Yen kuwatir kudu
alon-alon.
4
Lan harom sekirane nguwatiraken cebloke mayit.
: : 5
. .
)(
27
8. Ngusung lan ngiring mayit menyang kuburan iku sunat meneng ( ora
guneman1), cukup dzikir kelawan ati2 ( kanti ngakehake moco tasbih),
tafakkur ngenani anane pati, lan kahanane mayit sak wise mati.
9. Wong wadon melu ngiring mayit iku hukume makruh. Lan biso harom
yen nganti ono ikhtilath sing harom.
10. Ngalap barokah kelawan melu ngusung mayit wong sholeh iku sunat.
Ananging yen nganti desekan iku makruh, lan biso harom yen nganti
ngelarakake liyane.
11. Wong sing ngiring mayit iku teko ndisiki ing kuburan iku sunate ora
lungguh nganti tekone mayit lan dideleh ono ngisor.
12. Yen ono mayit liwat (mayit muslim) mongko kanggo wong sing ora melu
ngiring disunatake ngadek lan moco :
utowo :
(Hasyiyah Jamal Alal Syarkhil Manhaj, Juz II Hal. 165)
.
(191 2 )
1
Guneman iku hukume makruh yen ora ono hajat. Semono ugo makruh naliko ngedusi,
ngulesi lan ndeleh mayit ing kuburan.
2
Ananging miturut Imam Ibnu Al Yamani dzikir kelawan banter iku diwilang utomo supoyo
wong sing podo ngiring ora podo guneman ngenani perkoro dunyo utowo perkoro sing ora
maedahi.
3
Kafir sing ono Indonesia iku dudu kafir dzimmi utowo kafir harbi. Ananging hukume podo
karo kafir dzimmi.
4
Kejobo yen ngelarakake wong Islam (sebab ambune, umpamane) mongko hukume
mendem dadi wajib.
28
Batesane ngubur mayit sing wajib iku paling ora kedukan (luwangan)
sing biso nyimpen gandane (ambune) mayit, lan biso njogo songko kewan
galak sehinggo ora gampang dikeduk lan dipangan jasade.
Dene luangan kuburan sing luwih sempurno yoiku1 :
1. Jerune : 4,5 dziro (+ 216 cm) utowo sak pengadek-pengawene wong
sing mejono (sedengan).
2. Dawane lan ambane : Sekirane nyukupi (ora ngerupekake) wong sing
nampani lan noto mayit ing kuburan.
Catetan : 1 dziro =48 cm, miturut aktsarunnas. Dene miturut Imam
Nawawi 44,700 cm.
KETERANGAN
Model luangan kuburan sing disunatake iku ono loro :
1. Luang landak (lahd)2, yoiku luangan kuburan sing pinggir ngisor arah
qiblat (kulon) digrowoki (koyo goa) sing biso amot jasade mayit.
2. Luang cempuri3, yoiku luangan kuburan sing tengah ngisor digawe
koyo kalenan kanggo ndeleh mayit.
4.3 PERTIKELE NGUBUR MAYIT
1. Sak wise teko ing kuburan mayit (sing isih ono ing penduso) dideleh ono
ing pinggire luang kuburan siseh kidul, kanti mujur ngalor-ngidul lan
bagian sirahi ono lor.
2. Wong sing bagian nampani lan noto mayit 4, modhon dhisik ing luang
kuburan.
3. Penduso dibukak, mayit diangkat, dithoake, ditarik songko penduso
(songko arah sirahe) lan didhunake laon-alon ing kuburan nganti
ndisikake sikile mayit5.
:
Luwih utomo tinimbang luang cempuri, yen lemahe atos (ora gampang longsor).
3
Luwih utomo tinimbang luang landak, yen lemahe gampang longsor.
4
Wong sing noto sunate ganjil, telu utowo luwih kelawan kira-kirane kebutuhan. Lan sing
luwih berhak yoiku keluargane sing luwih cedek lan luwih tuwo.
5
Naliko ngedonake lan noto mayit disunatake nutupi kuburan karo kain, kanggo njogo yen
kebukak wadine mayit, lan ndungo :
(107 1 ) .
2
29
4. Mayit ditoto, diadepake qiblat1 ( sisih awak tengen ono ing ngisor2 lan
rodhok koyok wong rukuk3) kanti rahi lan sikile mayit ditempelake
marang pinggire luang kuburan.
5. Taline pocongan diuculi4 len ules sing ono pipi tengen dibukak, supoyo
biso nemplek lemah5 utowo bantalan songko lemah (gelu).
6. Mayit dibantali (bantal songko lemah) lan diganjel gegere karo lemah
(yen dibutuhake) supoyo mayit ora gampang nggoling utowo melumah.
7. Masang papan (tlisip) sing kanggo ngaling-ngalingi mayit songko urukan
lemah.
8. Nguruk nganggo lemah songko kedukan nganggo pacul utowo sejenise
kanti nyepetake nyempurnakake nguruke.
9. Nduwurake urukan kiro-kiro sak kilan kanti ngeratakake lan ora
ngundukake koyo punuke unto.
10. Masang tetenger (pathok) songko watu utowo kayu ono ing nduwure
sirah lan sikile mayit6.
11. Nyirami banyu (selagi ora udan).
12. Menehi utowo ndelehi7 kethokan wit-witan sing isih teles 8, utowo
kembang ono ing nduwure kuburan (khususe nduwure sirah).
13. Nalqin lan ndungaake mayit.
WIGATI
1. Naliko ngubur, wong sing ono kiwo-tengene kuburan dianjurake njupuk
telong cawukan, sing saben-saben cawukane didungani lan dileboake
luang kuburan9.
- Cawukan sing kawitan diwacaake :
1
Hukume wajib.
Hukume sunat. Dadi umpomo siseh awak kiwo ono ngisor (sirah ing kidul) kanti madep
qiblat, mongko cukup. Ananging hukume makruh.
3
Yen biso (umpamane mayit durung kaku), supoyo ora gampang ngguling.
4
Hukume sunat, lan yen ora diuculi hukume makruh.
5
Hukume nemplekake pipi ono ing lemah hukume sunat.
6
Yen pathoke mong siji mongko sing luwih utomo dideleh ono ing nduwure sirah.
7
Ora nanduri. Sebab nanduri kuburan umum miturut pendapat sing kuat iku hukume harom.
Lan hukume makruh yen nanduri kuburan khusus (kuburan ono tanah pribadi), selagi oyote
wit-witan nganti biso tumeko marang mayit. (Tuhfatul Muhtaj -Hamisy Syarwani-, III/198,
Bughyatul Mustarsyidin, 98)
8
Faedahe biso ngentengake sikso kubur, sebab olehe moco tasbih.
.
Lan disunatake menehi kerikil ono ing nduwure kuburan. (Asy Syarwani, III/199)
9
(107 1 )
2
30
Cawukan sing kaping pindo diwacaake :
- Cawukan sing kaping telu diwacaake :
Sak liyane iku, dianjurake njupuk sak cawukan maneh, diwacaake surat
x7 (kaping pitu)1, ugo dilebokake ing luang kuburan.
2. Ngadzani lang ngomati mayit ing kuburan ( sak durunge diuruki) iku
miturut pendapat sing kuat hukume ora sunat. Dene dipadaake
(diqiyasake) marang sunate ngadzani lan ngomati bayi naliko lahir iku
dianggep qiyas sing apes.
(Al Fatawi Al Kubro, Juz II Hal 17)
3. Ngowahi kalimat qomat ) (diganti ) (naliko ngomati
mayit iku hukume harom.
(Asy Syarwani, Juz I Hal. 468)
4. Wong sing podho ngiring mayit ing kuburan iku disunatake netep sediluk
(sak wise mayit ditalqin) ono ing sandingi kuburan, saperlu moco tatsbit 2
(ndungaake mayit supoyo tetep imane) kanti moco :
, sing diterusake kelawan nyuwunake rohmat
lan pengapuro marang Gusti Alloh.
-
--- --- )( 1
:
(202 2 )
2
(139 2
31
4. Ngubur mayit nganggo peti iku hukume makruh, kejobo ono hajat.
(umpomo tanahe gampang longsor utowo nyumber).
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 117)
5. Ngubur mayit ono kuburan sing nyumber iku hukume harom, mongko
kudu diwenehi peti.
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 117)
6. Ngubur mayit ono ing waktu bengi utowo waktu makruh kanggo
ngelakoni sholat ( wektu metune serngenge, istiwa, lan surupe
serngenge) iku mubah selagi ora sengojo ngepasake ing wektu sing
makruh kanggo ngelakoni sholat. Yen sengojo ngepasake mongko
hukume khilaf. Lan pendapat sing kuat ngukumi harom. (khusus wektu
bengi tetep mubah senajan sengojo ngepasake).
(Hawasyi Syarwani, Juz III Hal. 194-195)
7. Ngumpulake kuburane keluargo ono ing sak panggonan ( lingkungan)
iku hukume sunat kanggo nggampangake ziaroh.
(Hamisy Syarwani, Juz III Hal. 199)
8. Ari-ari sing sambung karo bayi (dudu ari-ari sing dadi wadahe bayi) iku
wajib dikubur yen bayine mati. Lan sunat dikubur yen bayine ora mati.
(Hamisy Syekh Al Jamal Alal Syarhil Manhaj, Juz II Hal. 190)
(Bujairimi Alal Khothib, Juz II Hal. 246)
9. Yen ngeduk nggawe kuburan lan iseh nemu jasade mayit mongko kudu
diuruk (dibalekake) maneh. Lan yen sing ditemu mung balunge mayit,
mongko :
- Yen wis sempurno kedukane (wis nyukupi kanggo ngubur), mongko
balung disisihake lan dikubur mane bareng karo mayit sing anyar.
- Yen durung sempurno kedukane mongko kudu diurukake maneh.
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 118)
10. Wong sing mati ono perahu ing tengah segoro (adoh songko daratan)
lan kuwatir rusak yen ora cepet-cepet dipulosoro mongko ora wajib
dipendem. Ananging wajib didusi, diulesi, lan disholati. Nuli diapit
kelawan papan ( opo wae sing sekirane kambang) supoyo mayit ora
kelem lan digowo ombak menyang pinggir ( supoyo dipendem dening
wong sing nemu ing daratan). Lan ugo keno diwenehi (taleni) bot-botan
supoyo kelem (ndasar).
11. Mbangun kuburan ( ngecor, ngijing, utowo nyungkup) sing ono tanah
pribadi iku hukume makruh. Lan yen ono ing tanah umum iku hukume
harom. Kejobo kuburane poro nabi, wali, lan wong sholeh. Utowo
kerono dlorurot (umpamane kuwatir longsor sebeb banjir).
(Asy Syarqowi, Juz I Hal. 344)
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 120)
32
BAYI KELURON
1. ARTINE BAYI KELURON
Artine bayi keluron yoiku bayi sing lahir sak durunge sempurnone
jangkep enem wulan.
2. WERNONE LAN PERTIKELE MULOSORO BAYI KELURON
Wernone bayi keluron iku ono telu :
a. Bayi sing lahir lan ono tondo-tondo urep (umpamane : ambekan, njerit
utowo obah-obah). Bayi iku pertikele mulosoro pado karo mayit sing ora
bayi. Ateges wajib didusi, diulesi, disholate, lan dikubur.
b. Bayi sing lahir lan ora ono tondo-tondoe urip. Ananging ono rupo bakal
menungso (umpamane: sirah, tangan, utowo sikil) senajan durung ono
umur petang wulan ( ing kandungan). Bayi iki pertikele mulosoro ono
khilaf antarane ulama :
- Miturut Imam Ibnu Hajar Al Haitami ( pendapat sing kuat) wajib
didusi, diulesi, lan dikubur. Ananging ora wajib disholati.
- Miturut Imam Syamsuddin Muhammad Ar Romli, diperinci :
Yen lahire sak durunge umur nem wulan, mongko wajib didusi,
diulesi, lan dikubur. Ananging ora wajib disholati.
Yen lahire sak wise umur nem wulan mongko podo karo mayit
ora bayi. Ateges wajib didusi, diulesi, disholati, lan dikubur.
c. Mayit sing lahira ananging durung ono rupo bakal menungso (umpomo
mung rupo cuwilan daging). Bayi iki ora ono kewajiban opo-opo.
Ananging didusi, lan sunat dibungkus kain lan dipendem.
Jabakake wong sing mati sebab perang musuh podho karo wong Islam.
3
Sunate diulese kelawan pakean sing dienggo perang. Lan yen ora nyukupi ditambah
kelawan ules tambahan.
4
Kejobo yen ono najise (sak liyane getih bekas catune perang), mongko kudu diilangi
senajan nganti ngilangi getih.
2
34
TAZIYAH (NGELAYAT)
1. ARTINE TAZIYAH
Artine taziyah yoiku ngelipur utowo ngayem-ngayem wong sing keno
musibah, sing dibarengi kanti :
Nganjurake netepi kesabaran (mbetahi cubo) lan ninggal ngersulo.
Ndungaake supoyo oleh ganti nikmat sing luwih bagus. Lan ndungaake
supoyo diterimo kabeh amal baguse lan disepuro kabeh dosane (khusus
kanggo mayit muslim, lan yen mayit kafir ora perlu didungaake).
2. HUKUME TAZIYAH
Hukume taziyah iku sunat1 ( luwih-luwih naziyahi wong sing sholeh,
bocah cilik, utowo wong sing apes mbetahi cubo) senajan marang wong
sing keno musibah bandane, selagi wong sing ditaziyahi ora wadon, sing
isih nom lan sing naziyahi ora mahrome utowo bojone.
3. WEKTUNE TAZIYAH
Wektune taziyah kanggo wong sing ora nduwe udzur yoiku wiwit sak
wise dikubure2 mayit nganti telong dino3. Dene kanggo wong sing udzur iku
diwilange telong dino wiwit songko ilange udzur.
4. TOTO KROMONE TAZIYAH
Toto kromone taziyah iku meh podho karo tata kramane sambang
wong loro. Ing antarane yoiku wong sing taziyah tansah ngetingalake roso
welas, ndungaake mayit lan wong sing ditaziyahi, lan ora ngakeake omong
sing ora perlu. Lan naliko salaman, wong sing taziyah sunat moco lafadh :
4 . Lan wong sing ditaziyahi jawab: .
. : 1
.
Dene hukume taziyah ditilik songko kahanane wong sing ditaziyahi (muslim, fasiq utowo
kafir) iku hukume podo karo sambang wong loro.
2
Ananging kanggo sopo wae (khususe tonggo, dulur utowo konco) iku diwilang utomo yen
taziyah sak durunge dikubure mayit selagi biso ndadeake ayeme wong sing ditaziyahi.
3
Taziyah sak wise telung dino kanggo wong sing ora udzur iku hukume makruh, kejobo
kanggo sopo wae sing ndadeake ayeme wong sing ditaziyahi.
4
Kanggo mayit kafir iku ora keno ditambahi : .
35
ZIAROH KUBUR
1. HUKUME ZIARAH KUBUR
Hukume ziarah kubur iku sunat1 kanggo wong lanang, lan makruh
kanggo wong wadon. Kejobo sing diziarohi kuburane poro nabi, wali, utowo
wong sholeh2.
Dene zairohe wong wadon menyang kuburane wong tuwo utowo
keluargane iku ono khilaf antarane ulama. Ono sing ngukumi sunat, lan ono
sing ngukumi makruh3.
2. TUJUANE ZIAROH
Tujuane ziaroh kanggo wong sing ziaroh yoiku ngalap pitutur4 yen
kabeh menungso bakale mati, ngadep sowan mareng Gusti Alloh, sehinggo
mundak semangat olehe ibadah lan ninggal maksiat.
Tujuane ziaroh kanggo mayit sing diziarohi yoiku ngalap manfaat
dungone wong sing ziaroh5. Mulo songko iku kanggo wong sing ziaroh ojo
lali ( naliko ziaroh) ndungo utowo menuwun marang Gusti Alloh kanggo
awake lan mayit.
3. TOTO KROMONE ZIARAH KUBUR
Adabe ziaroh kubur yoiku :
1. Kanti suci songko kahanan najis lan hadats.
2. Ulu salam6 marang mayit naliko arep mlebu kuburan sing disambung
kelawan dungo, kanti ngucap7 :
1
3.
4.
5.
6.
.
Kanti adep-adepan karo mayit. Ateges madep ngetan (yen biso).
Nydek mayit, koyo nyedek naliko iseh uripe mayit ( sekirane mayit
kerungu).
Moco Al Quran1 sing ganjarane dihadiahake marang mayit.
Ndungo utowo menuwun marang Gusti Alloh kanggo awake wong sing
ziaroh lan kanggo mayit.
Lan sing disunatake ulu salam khusus marang mayit sing arep diziarohi naliko cedek
kuburane. Umpamane kanti ngucap : . Dene yen
kepengen luwih ringkes kelawan salah sijine mongko sing luwih apik kelawan salam sing
khusus.
1
Biso kelawan moco surat Yasin, Ikhlas, tahlil utowo liyane.
.)(
:
(21 2 )
37
4.
5.
6.
7.
8.
39
Yen ora podo jenise mongko yen biso kudu dipisah. Yen ora biso
mongko diulesi dadi siji lan naliko ngubur sing lanang diadepake
qiblat.
(Nihayatul Muhtaj, Juz II Hal. 474)
14. Ngubur mayit luwih songko siji ono ing sak luwangan iku hukume
makruh, yen mayit podo jenise (podho lanange utowo wadone) utowo
ora podho jenise ananging ono hubungan mahrom.
Yen ora podho jenise lan ora ono hubungan maharom, mongko hukume
harom selagi ora dlorurot ( umpamane : banget akehe wong mati lan
rupek lan ciute panggonan ngubur)
(Al Bajuri, Juz I Hal. 259)
(Jamal Manhaj, Juz II Hal. 201-203)
15. Mayit sing akeh banget wilangane lan kangelan mulosoro kanti
sempurno mongko tetep wajib dipulosoro kanti sak kuwosone.
Dene mulosoro mayit, podho karo naliko ono gempa bumi utowo
tsunami ( kanti tanpo ngedusi, ngulesi, nyolati, lan ngubur mayit akeh
ono ing sak luangan, tanpa ngadepake qiblat, tanpo mbedaake lanang
wadone lan tanpo mbedaake muslim lan kafir), iku yen bener-bener
dlorurot (ateges ora biso dipulosoro kanti sempurno, ing antarane sebab
angele panggonan, terbatese tenogo mulosoro lan kuwatir selak
nyebabake penyakit) mongko dianggep wis nyukupi. Ananging tetep
kelawan milang kira-kirane dlorurot ( ateges umpamane yen biso
nandangi sa luangan kanggo mayit sepuluh ora keno kanggo mayit
luwih songko sepuluh). Opo maneh yen nilik pendapate ulama
madzhab maliki sing ngarani sunate adus, ngulesi, lan madepake qiblat
(senajan ora dlorurot).
Khususe masalah sholat tetep ono khilaf (senajan mayit ora biso suci)
(Qowaidul Ahkam Fii Masholihil Anam, Juz I Hal. 192-193)
(Syarkhus Shoghir, Juz III Hal. 43)
(Fathul Bari, Juz III Hal. 161, Darussalam Riyadl)
(Syarakh Mukhtashor Kholil, Juz II Hal. 113-114)
(Al Majmu, Juz VI Hal. 348, 404, darul kitab al ilmiyah)
(Al Jamal Muhtaj, Juz II Hal. 201-203)
(Ianatut Tholibin, Juz II Hal. 131)
40
NALQIN MAYIT
1. HUKUME NALQIN MAYIT
sing Islam wong mayit selagi sunat1, iku mayit nalqin Hukume
babar jasade ono ora ajur utowo enthek, klelep, matine (senajan mukallaf2
pisan).
2. TOTO KROMONE NALQIN MAYIT
: yoiku mayit nalqin kromone Toto
kuburan. lemah ngeratakake wise sak 1. Nalqin
najis. lan hadats saking suci kanti nalqin sing 2. Wong
yen utomo (luwih sholeh wong utowo kebagusan ahli nalqin sing 3. Wong
mayit). keluargane saking
madep lan mayit sirahe ono nyedek lungguh, kanti nalqin sing 4. Wong
ngadek. kanti ngerungokake podho liyane Dene ngetan3.
mayit. dingerti sing bahasa utowo arab bahasa 5. Kanti
nalqin. teloni 6. Ngaping
TALQIN MAYIT
.
4
1 : :
....) 2
(298
...
) (162
2
Dadi bocah cilik senajan murohiq (nyedeki baligh) utowo wong edan sing ora tahu waras
iku ora sunat ditalqin. Dene nalqin wong mati syahid sebab perang musuh kafir iku ono
)khilaf pendapat antarane ulama. (Qolyubi Wa Umairoh, I/414, darul fikr
3
Kanggo ukuran Indonesia.
4
Kanti nyebut jenenge mayit lan ibune, lan nyocokake dlomir kelawan kahanane mayit
(lanang-wadone, ijen akehe).
41
.
:
: .
.
.
.
_______________________________________________________
.
mayit jenenge nyebut (kanti !.. )(binti bin )(Fulanah Fulan He,
ibune). lan
dunyo alam songko metu kubur, alam ono awakmu Saiki ! Ilingo
akherat. alam marang tumuju
disembah haq sing pengeran ono ora yen Setuhune ! Nyeksenono
utusane iku saw Muhammad nabi kanjeng lan Taala, Alloh Gusti kejobo
Taala. Alloh Gusti
haq, perkoro iku kubur sikso lan nikmat haq, iku mati setuhune Lan
lan kubur songko tangi haq, perkoro iku Nakir Munkar malaikat pitakone
kanjeng ) (pitulunge syafaate haq, perkoro iku ) amal periksa (katiti hisab
haq, perkoro iku neroko lan swargo haq, perkoro iku saw Muhammad Nabi
haq. perkoro iku Alloh Gusti marang sowan
kubur. songko menungso kabeh nangikake bakal Alloh setuhune Lan
Munkar malaikat yoiku loro, malaikat ditekani awakmu yen iku, songko Mulo
Gusti makhluke ugo kekarone kerono wedi lan kaget ojo mongko Nakir
awakmu. karo podo Alloh,
? Nabimu Sopo ? Pengereanmu Sopo awakmu, nakoni karone Yen
? dulur-dulurmu Sopo ? Imanmu Opo ? Qiblatmu Opo ? agamamu Opo
sing i'tiqod lan fashih sing lisan kelawan karone marang jawaben mongko
Islam Nabiku, Muhammad Pengeranku, Alloh Gusti bener, lan manteb
dulur mumin lan Islam wong imanku, Quran Al qiblatku, Kabah agamaku,dulurku.
Pengeran, dadi Alloh Gusti anane kelawan ridlo Aku ! ngucapo Lan
utusan. lan nabi dadi Muhammad agomo, dadi Islam
42
bakale serto pati, lan urip diparingi awakmu kabeh mengkono Kerono
podho sing wong golongane kelebu Alloh, (insya kubur songko ditangeake
sentuso).
sing ucapan kelawan awakmu netepake tansah Alloh Gusti Mugi-mugi
Amin. bener. lan mantep tetep,
.
.
.
.
43
PENUTUP
Assalamualaikum Wr. Wb.
PERKORO SING SEMPURNO IKU MESTI ISIH NERIMO
KESEMPURNAN. OPO MANEH SING DURUNG SEMPURNO
Buku iki namung minongko rangkuman songko sebagian kitab kuning.
Nilik akehe wernone masalah sing gegayutan karo mulosoro mayit, mongko
banget perlune buku iki kanggo dikembangake.
Nilik terbatese kitab sing digawe rujukan dening penulis mongko ora
nutup kemungkinan bedhone penjelasan lan hukum sing wis katulis sebab
anane khilaf antarane ulama, senajan penulis wis usaha mahami lan
nampung.
Mulo songko iku, banget arep-arep penulis marang sopo wae supoyo
melu mandeng lan neliti. Khususe marang kitab-kitab sing dadi rujukane
penulis.
Cukup semene, suwun, sepurane lan pendungane.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Pos Kulon, Ahad Legi, 07 Agustus 2005 M.
Ibnu Abdul Fattah
44