Professional Documents
Culture Documents
ULANGAN HARIAN 1
Wacan 1
Ayo Gotong Royong
Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
2. Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Rumapakan iki kalebu .....
a. Parikan
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 1
b. Geguritan
c. Cangkriman
d. Wangsalan
3. Rumpakan Ayo Gotong Royong sing ditengenake .....
a. Cacahing guru wilangan
b. Runtuting swara
c. Pamilihing tembung kang mentes
d. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
4. Rumpakan ayo Gotong Royong kalebu .....
a. Tembang campursari
b. Tembang dolanan
c. Tembang macapat
d. Geguritan
5. Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Tembung nala, dasanamane......
a. Ludira, rah
b. Angga, badan, salira
c. Ati, wardaya, kalbu
d. Netra, paningal, soca
6. Sepi ing pamrih rame ing gawe, nduweni teges ....
a. Sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad
b. Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep sembulih
c. Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisaa oleh pituwaskang gedhe
d. Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan sedyane
7. Kang bisa disumbangake ana ing gotong royong kaya ing ngisor iki,
kajaba ....
a. Dhuwit
b. Tenaga
c. Panganan lan inuman
d. Semangat
8. Kang dadi dhasar gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. Lila legawa
b. Karukunan
c. Rasa handarbeni
d. Pangkat lan drajad
9. Sing dikarepake gotong royong yaiku ....
a. Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dununge
b. Nyambut gawe bebarengan tanpa opahan
c. Nyambut gawe bebarengan kanthi oleh opah kang murwat
d. Nyambut gawe ngresiki dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane
10. Tembung kang tegese meh padha karo gotong royong, kaya ing ngisor iki,
kajaba .....
a. Reresik dalan
b. Gugur gunung
c. Kerja bakti
d. Usung-usung lumbung
11. Gugur gunung iku mujudake pengamalan Pancasila kang kaping ....
a. Siji
b. Loro
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 2
c. Telu
d. Lima
12. Gugur gunung pinangka salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip
bebrayan.
Tembung tradisi nduweni teges .....
a. Kuna
b. Lawas
c. Turun temurun
d. Tinggalan
Page 3
Page 4
Page 5
1.
2.
3.
4.
Page 6
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Guru swara
7. Apa dhawuhe guru marang para siswa?
a. Para siswa didhawuhi nyambut gawe
b. Para siswa didhawuhi sregep sinau
c. Para siswa didhawuhi nggawa piranti kerja bakti
d. Para siswa didhawuhi reresik dalan
8. Apa sing ditindakake siswa putri?
a. Ngatur taman kelas
b. Reresik kelas
c. Ndandani meja lan kursi
d. Nyapu dalan
9. Sing ditindakake siswa kakung kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a. Ngatur taman kelas
b. Mbabati suket
c. Nandur kembang
d. Ngatur meja lan kursi
10. Nata meja lawan kursi
Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.
Tembung gilar-gilar, nduweni teges .......
a. Padhang jingglang
b. Katon resik lan padhang
c. Resik banget
d. Resik lan sehat
Wacan 2
Kanggo nggarap soal nomer 11 tekan 20
Holobis Kuntul Baris
Dening : Pak Jarno
Rowang,
Aja pijer lungguh jegang sangga uwang
Nyawang kadang kang sengkut tumandang
Aja mung dadi mandhor
Tudang-tuding mondhar-mandhir
Mundur mungkur gangsir
Ayo disengkud tumandang !
Mbabati kang rungkud, dimen padhang
Sawangen kae!
Si Sumbul othal-athul namakake gathul
Dhik Atak giyak-giyak nyekel seblak
Mas Adul gombal-gambul ngangkat pacul
Mbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake arit
Rak ora ana sing nganggur ta?
Page 7
Kanca,
Coba uwuh lan plastik kuwi jupukana
Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Aja pating slebar nyenyepet netra
Mundhak dadi susuhing lelar
Holobis kuntul baris
Makarya kinanthen ikhlasing nala
Ulat padhang awak sayah datan rinasa
Usung-usung lumbung rampung
Kelas resik lingkungan sehat
11. Rumpakan Holobis Kuntul Baris iku kalebu ....
a. Tembang macapat
b. Tembang dolanan
c. Tembang campursari
d. Geguritan
12. Tembung Holobis Kuntul Baris, iku satemene jeneng .....
a. Jeneng panganan
b. Jeneng kutha
c. Jeneng uwong
d. Jeneng bangunan
13. Aja mung dadi mandhor
Tudang-tuding mondhar-mandhir
Mundur mungkur gangsir
Tembung : mandhor, mondhar-mandhir, mundur ing rumpakan iki migunakake
purwakanthi ....
a. Guru swara
b. Guru sastra
c. Lumaksita
d. Guru lagu
14. Sing padha gotong royong ana ing rumpakan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. Mas Galih
b. Dhik Atak
c. Mas Adul
d. Mbak Anggit
15. Piranti sing padha digawa kanggo kerja bakti kaya ing ngisor iki, .....
a. Pacul
b. Ember
c. Arit
d. Gathul
16. Aja pating slebar nyenyepet netra
Mundhak dadi susuhing lelara
Dasanamane tembung netra, yaiku ....
a. Mripat, soca, paningal
b. Mustaka, mripat, rikma
c. Wadana, pasuryan, mripat
d. Karna, talingan, paningal
17. Coba uwuh lan plastik kuwi jupukana
Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Ana ing paramasastra ukara iki kalebu ukara ....
a. Pakon
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 8
b. Pitakon
c. Pangajak
d. Pamenging
18. Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Tegese papan kiwa ....
a. Papan ing sisih kiwa
b. Papan sing kerep diambah
c. Papan sing arang-arang diambah
d. Papan pembuangan sampah
19. Sing kalebu ukara sesanti gotong royong saliyane Holobis Kuntul Baris, kaya ing
ngisor iki, kajaba .....
a. Sepi ing pamrih rame ing gawe
b. Saiyeg saekapraya
c. Rukun agawe santosa
d. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
20. Nindakake gotong royong iku kudu dikantheni ati sing kepriye?
a. Lila legawa
b. Kepeksa
c. Kebak ing pamrih
d. Ulat padhang
Wacan 3
Kanggo mangsuli pitakon nomer 21 tekan 25
RUKUN AGAWE SANTOSA
Dening : R. Tantiningsih
Kadangku
Donya iki dudu duwekku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener
Kadangku
Elinga,
Aku lan kowe ora bisa urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengke srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa salira
Urip bakal tentrem ayem
(W Pramono,s,Blog)
21. Rukun agawe Santosa, nduweni teges .....
a. Manawa urip rukun bakal mahanani kekuwatan
b. Kekuwatan iku kudu dikantheni urip sing rukun
c. Karukunan lan kekuwatan bakal nuwuhake katentreman
d. Katentreman lan karukunan iku ndadekake masyarakat urip mulya
22. Guritan ing pada siji isi piwulang .....
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 9
Page 10
a. remB|ln
b. remB|lN
c. remB|ln\
d. xmB|ln\
30. ?krukunNnHikukyf]ijilim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a. Karukunan iku kaya driji lima.
b. Karukunan iku kaya driji-driji lelima.
c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.
d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.
Pitakonan
Pitutur
Pangolok-olok (ngisin-isin)
Ngandhani
Page 11
a.
b.
c.
d.
Ngenyek, kanca
Golek , wong tuwa
Ngenyek, wong tuwa
Ngenyek, sapadha-padha
Page 12
d. Kudu jujur
14. Bang abang jambu dersana
............................................
Eman-eman yen sembrana
Keduwung tembe burine.
Sampiran kang cocog kanggo gatra kapindho ......
a. Yen gula regi rasane
b. Gula pasir legi rasane
c. Gula pasire legi rasane
d. Gulane pasir legi rasane
15. ............................................
Kaduk uyah kurang legi
Piwelingku mring pra mudha
Nggayuha wulang utami.
Ukara kang cocog kanggo gatra kapisan ......
a. Gawe kolak saka klapa mudha
b. Gawe kolak klapa mudha
c. Gawe kolak saka pisang raja
d. Kolak klapa mudha
16. Pitik blorok, netes siji.
Jare kapok, malah ndadi.
Parikan ing ndhuwur kedadean saka ....
a. (4 wanda + 8 wanda) x 2
b. (4 wanda + 4 wanda) x 2
c. (5 wanda + 5 wanda) x 2
d. (5 wanda + 6 wanda) x 2
17. Ing ngisor iki pinangka tuladha parikan bebas, ora kawengku cacahing wanda
yaiku ....
a. Suwe ora jamu,
Jamu godhong tela,
Suwe ra ketemu,
Ketemu pisan neng kutha Sala.
b. Ana lutung, rebutan mete.
Lung-tinulung, karo kancane
Page 13
d. ffibecik\
e. mesQibecik\
f. tmBhbecik\
g. [aorbecik\
20. ...................................
prsisWkufujuju/.
Isine cecek-cecek ing gatra kapisan iku ....
a. angulrubu=semut\
b. [kokituwsksl
c. anlwmbu/duwu/
d. guljwrs[nX
Page 14
Wacan 1
Sengkut Gumregut
Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar
Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk
Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol
Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh
(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)
1. Rumpakan ing ndhuwur kalebu ..
a. geguritan
b. tembang dolanan
c. tembang campursari
d. tembang macapat
2. Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing
ndhuwur?
a. Swara dara muluk
b. Langit abang
c. Srengenge kang njedhul
d. Embun esuk
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 15
Page 16
1)
2)
Page 17
Page 18
Wacan 3
Kerukunan iku kaya kartika ing akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya
26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor
iki, kajaba ....
a. Lintang
b. Langit
c. Rembulan
d. Srengenge
27. Tembung kang nduweni teges langit ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur
yaiku ....
a. Kartika
b. Akasa
c. Mardika
d. Bagaskara
28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Dasanamane rembulan yaiku ....
a. Kartika, taranggana, sudama
b. Candra, sitaresmi,sasi
c. Surya, raditya, rawi, srengenge
d. Pertiwi, buwana, kisma
29. Rembulan padhang, yen ditulis Jawa .....
a. remB|ln\pd=
b. remB|lNpdz
c. remB|lnPd=
d. xmB|lnPd=
30. ?krukunNnHikukyf]ijiXlim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a. Karukunan iku kaya driji lima.
b. Karukunan iku kaya driji lelima.
c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.
d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.
1
2
3
4
Page 19
Wacan 2
Bapak pocung isih enom klambi gadhung,
Yen wis rada tuwa,
Si pocung klambine kuning,
Tuwa pisan si pucung klambine abang
2. Nitik cacahing gatra tembang ing ndhuwur iku tembang .....
a. Gambuh
b. Asmaradana
c. Pocung
d. Maskumambang
3. Tembang ing ndhuwur isine .....
a. Geguritan
b. Cangkriman
c. Parikan
d. Wangsalan
4. Bedhekane tembang ing ndhuwur iku ....
a. Mlinjo
b. Jambu
c. Pelem
d. Gedhang
1. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik .
a. Larik 1 lan 2
b. Larik 3 lan 4
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 20
c. Larik 2 lan 4
d. Larik 1 lan 4
2. Bapak pocung isih cilik kemul sarung
Bareng wis diwasa,
Lukar sarung lukar klambi,
Sepuh pisan den pancung nggo dandan-dandan.
Bedhekane cangkriman tembang iki ....
a. Wit klapa
b. Empring
c. Wit gedhang
d. Wit pari
8. Paman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk manthuk-manthuk
Badhekane cangkriman iki ......
a. Kates
b. Rambutan
c. Tuntut kembang gedhang
d. Kembang srengenge
Page 21
a.
b.
c.
d.
Sepur
Ula
Tali sepatu
Setut
Wacan 3
Gugur Gunung
: KRT. Wasita Diningrat/Wasito Dipuro/ Ki Cokrowasita
Laras : Pelog Pathet Barang
Ayo kanca, ayo kanca, ngayahi karyaning praja
Kene , kene, gugur gunung tandang gawe
Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning Negara
Siji, loro, telu, papat
Maju papat-papat, diulang-ulungake
Mesthi enggal rampunge
Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris.
15. Rumpakan ing wacan 3 kalebu ......
a. Tembang gendhing dolanan
b. Tembang macapat
c. Geguritan
d. Tembang tengahan
16. Para kanca lagi nindakake pagaweyan kanggo sapa?
a. Kanggo para kanca
b. Kanggo negara
c. Kanggo masarakat
d. Kanggo awake dhewe
17. Sipat apa kang diduweni kanca-kanca kanggo mulyaning negara?
a. Sayuk rukun
b. Lila
c. Legawa
d. Sayuk rukun lan lila legawa
18. Sapa sing nganggit tembang Gugur Gunung iku?
a. Ki Narto Sabdho
b. Manthous
c. Ki Wasito Diningrat
d. Gesang
19. Ukara kang kalebu semboyane Gugur Gunung yaiku ....
a. Sayuk rukun
b. Holobis kuntul baris
c. Siji, loro, telu, papat
d. Ayo kanca ngayahi karyaning praja
20. Cakepan tembang iki endi sing isine : ajakan anti korupsi?
a. Kuwi apa kuwi e kembang melathi, Sing tak puja- puji aja dha korupsi, Marga yen
korupsi negarane rugi, Piye ta Mas piyee, aja ngona-ngono-ngono kuwi.
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 22
b. Kuwi apa kuwi e kembange turi, Sing tak puja-puji kudu dha memetri, Amurih lestari
kabudayan Jawi, Piye dhik piye, alah ngona-ngono-ngono kuwi.
c. Kuwi apa kuwi e kembange menur, Sing tak puja-puji mbok ya padha jujur, Amarga yen
jujur negarane makmur, Piye dhik payee, iya ngona-ngono-ngono kuwi.
d. Kuwi apa kuwi e kembange waru, Sing tak puja-puji ayo dha bersatu, Marga yen bersatu
negarane maju, Piye mas payee, alah ngona-ngono-ngono kuwi.
21. Purwakanthi kang dipigunakake ing Tembang Kuwi Apa Kuwi .....
a. Purwakanthi guru swara
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi lumaksita
d. Purwakanthi guru basa
Wacan 4
Poma-poma wekas mami,
Anak putu aja lena,
Aja ketungkul uripe,
Lan aja duwe kareman;
Marang pepaes donya,
Siyang dalu dipun emut,
Yen urip manggih hantaka
(Serat Wulangreh, Sri Paku Buwana IV)
22. Nitik guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang ....
a. Asmaradana
b. Sinom
c. Pocung
d. Gambuh
23. Intisarine tembang ing ndhuwur yaiku ....
a. Ngurang-urangi marang barang kadonyan
b. Aja kebangeten anggone mburu kadonyan lan kudu tansah eling marang Gusti manawa wong
kuwi bakale mati
c. Kudu tansah manembah marang Gusti sebab wong kuwi bakale mati
d. Golekana bandha kanggo sangu urip ing akherat
24. Sapa sing paring dhawuh utawa piweling ing tembang iku?
a. Mami
b. Anak putu
c. Simbah
d. Sri Paku Buwana IV
25. Poma-poma wekas mami,
Tembung mami ing tembang iku tegese .....
a. Ibu
b. Bibi, bu lik
c. Aku, ku
d. Kowe
26. Tembang ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 7a dumunung ing gatra ....
a. 2
b. 4
c. 5
d. 7
27. Yen urip manggih hantaka.
Tegese hantaka .....
a. Semaput
LKS GLADHI BASA JAWI VII/1
Page 23
b. Tiba
c. Mulya
d. Mati
28. Lesung wis siyaga, yen ditulis Jawa .....
a. lesu= wissiyg
b. Xsu=wisSiyg
c. lesu=wisSiyg
d. lesuz\wis\siyg
29. ?m=sxnD_turh[toy.
Unine ukara tulisan Jawa kasebut .....
a. Mangsa rendheng kathah toya.
b. Mangsa rendheng wewah toya.
c. Mangsa rendheng turah toya.
d. Mangsa rendheng akeh toya.
30. ?si=tkPepujiajd[korupSi.
Unine tulisan Jawa kasebut .....
a. Sing tansah jujur aja padha korupsi
b. Sing jujur aja padha korupsi
c. Sing tak puja-puji aja dha korupsi.
d. Sing tak pepuji aja dha korupsi.
Page 24