You are on page 1of 2

Assamualaikum Wr. Wb. Audzubillahhiminasy syaiton nirrojim. Bismillahirrohmannirrohim.

Allhamdulillahirobbilalamin wabihi nastain waala umuriddunya waddin, washolatu wasalamu ala asrofil ambiyai wal mursalin sayyidina wamaulana muhammadin waala alihi wasohbihi ajmain. amma badu. Ingkang kulo hormati Bpk. ......... sekeluargo. Ingkang kulo hormati dumateng pembina jamaah lan sedoyo kanca-kanca jamaah yasin ingkang dirohmati Alloh S.W.T Minangkani pambuka atur kawula sumonggo kito sareng-sareng muji syukur dumateng ngarsanipun ALLOH S.W.T Dzat ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat, taufik soho hidayahipun sahingga kito saget makempal sillaturahmi dateng dalemipun Mbak/Mas ............ kanti keadaan sehat wal afiat. Ingkang kapeng kalihipun sholawat soho salam ugi kaunjuk dumateng junjungan kito nabi Agung Muhamad SAW. Biqoulina allohuma sholi wasalim wabarikalaih. Dhateng mriki kulo kajibah dados pranoto adicoro badhe ngaturaken susunan rerangken adicoro ing dalu meniko: 1. Pambuko 2. Waosan yassin soho tahlil 3. Mauidhoh khasanah 4. Istirahat 5. Penutup Sumonggo acara ing dalu meniko kito wiwiti kanthi waosan surotul fatihah ( lirridho illahi wabi syafaati rosulillah saw.......Al-fatehah.) Acara kaping kalihipun inggih puniko waosan Yassin soho Tahlil, imam kasuwun ikhlasipun penggalih dumateng mbk/mas .........kulo sumanggaaken. Acara sak lajengipun inggih puniko mauidhoh khasanah, saking pembina jamaah kulo sumanggaaken. Acara kaping sekawan istirahat Acara pungkasan inggih puniko penutup. Sak derengipun acara dipun tutup, nuwun sewu dumateng mbk/mas ......... kulo minangkani wakil saking kanca jamaah, sak dangunipun wonten ing dalem mriki, awal hinggo akhir kathah kalepatanipun saking atur, tindak tanduk minggahipun dumateng adabiyah kulo lan sedoyo jamaah nyuwun pangapunten lan matur agunging panuwun dumateng mbk/mas .......ingkang sampun ngikhlasaken papan pinarakan lan pasugatan soho sanes-sanesipun, mugi-mugi dadosaken amal hasanah ingkang manfaat maslahah fiddinni wa dunya khatal akhiroh.amiin.. Nyumun sewu dumateng bapak/ibu ........ sakcekapipun acara ing dalem menika kulo soho kanca jamaah keparing nyuwun pamit. Mugi-mugi sak pengkeripun kulo soho jamaah sedoyo keluargo mriki tansah pinaringan rahayu wilujeng pikantuk rohmatipun Alloh S.W.T Dumateng sedoyo kanca jamaah ingkang kulo hormati mbok bilih kulo matur awit awal ngantos akhir katah kalepatanipun saking atur minggahipun dumateng adabiyah, kulo nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun. Sumonggo pakempalan ing dalu menika kito tutup kanthi waosan Al-Fatehah. Liridhoillahi wabisyafaati rosulillah.........Al-fatehah.. Saking kulo, kulo cekapi semanten.

Wassalamualaikum Wr.Wb..Allohuma sholli ala muhamad......

You might also like