You are on page 1of 6

ANDE ANDE LUMUT

Ing sawijining dina, ana arek wadon ayu loro mlaku mlaku karo tewah
teweh ing tengah alas. Arek wadon kuwi jenenge Klanting kuning lan ijo, arek e
bingung nggolek panggonan kanggo turu amarga deweke kesasar ing alas. Arek
wadon iki asline saka kerajaan Sona. Lan teka nek desa pucuk.
( Klanting kuning lan ijo nyanyi nyanyi ing tengah alas karo ndoleki omah sing
bisa digawe panggon turu)
Klenting kuning

: Klenting kuning ,lha iku ono omah

Klenting ijo : iyo ayo cobak mlebu.


Klenting kuning
K. Abang

: okee..nyobak mlebu aah... (tok tok tok...)

: sopo yo?

Klenting ijo : adam


K. biru

: adam sopo?

k.kuning

: (nyanyi)

K. Abang

: hehhh... wong bento!

Mbok Genuk : ono opo to nduk? Kok rame rame?


K. biru

: iki loh mbok, ono wong bento nyanyi nyanyi ora jelas

k.kuning banjur nyritakno tujuane deweke teka ing omah iku.


k.kuning
: ngeten loh mbok, kula niki mboten ngertos dalan ten mriki ,kula
niku awale mlampah mlampah, sak lajengipin kula kesasar ten desa mriki.
Mbok Genuk
: oalah iyo, yowes nginep kene wae, tapi kowe dadi seng
nyapu, ngepel, karo kora-kora yo nduk?
k.ijo
Mbok Genuk
disik
k.kuning

: enggeh mbok, mboten nopo nopo


: kowe saiki tak jenengi klenting kuning, wes saiki nang adus
: enggeh mbok, matur sembah nuwun

Akhire k.kuning lan ijo nginep ing omahe mbok Genuk. Tapi sairinge waktu mbok
Genuk lan klenting abang,k.biru , k. Ijo sikap e kurang apik marang k.kuning.
k.kuning dicaci, di lokne gak karu karuan.
K. ijo
: heii kuning, kowe iku ora pantes nggawe klambi apik koyo ngene..
cepet ganti..(ngekekna klambi gombal)
K. Kuning

: (nyanyi apasalahku).

K. abang
: salahmu akeh.. kowe iku kurang ayu,jenengmu yo elek, jeneng
kok kuning,, koyo iku ae..?
mbok genuk lewat karo nyaut titiittt

K. biru

: tuwa omongan e kaya rondho.

mbok genuk : ehh mbokne dewe dilokno.. yo ancen rondho..tapi aku rondo
imuttt...

Ora adoh tekan desa pucuk ana desa sing jeneng e desa kacangan,
antarane desa iku mau ana kali kang misahno desa kasebut, kali iku di jogo Yuyu
mekangkang. Ing sawijining dina ana pangeran saka kerajaan Mona ingkang arep
nggolek i calon garwane, yaiku Pangeran Adhe, pangeran iku mau kesasar, nek
panggonan iku mau pangeran ketemu kalian mbok uty.
Mbok uty
Pengawal
mriki.
Mbok uty

: arep nandi cah ngganteng?


: niku mbok, kula kesasar ten mriki, kula mboten semerap dalan
: ya Allah nak, kok mesakne, gelem nak omahku to nak?

Pangeran Adhe : enggeh mbok kula purun.


Mbok uty

: monggo nak

Pangeran Adhe : enggeh mbok


Pangeran Adhe lan pengawal lan mbok uty mlebu ing njero omah.
Mbok uty

: asline, kowe iku ana kepentingan opo to nak ?

Pangeran Adhe : kula niki badhe madosi calon garwa kula mbok, calon garwa
kula niku ical, kula badhe madosi, nanging kula kesasar mbok , nami kula
Pangeran Adhe, kula saking kerajaan Mona.
Mbok uty
nak?

: oalah nak, ngesakne, terus piye carane nggolek i calon mu iku

Pangeran Adhe : lah nggeh niku mbok, kula tasik bingong


Mbok uty
: utowo ngene wae nak, kowe tak gawekno sayembara, kangg
nggolek i calon mu, mengko arek wadon ing tlatah iki ben ngelamar kowe
Pangeran Adhe : nggeh mbok, ngoten mawon matur sembah nuwun kula
sampun njenengan iwangi.
Mbok uty
mangan

: iyo nak, seng sabar yoo, saiki kowe nang istirahat sek, nang

Pangeran Adhe : nggeh mbok


Mbok uty

: piye nek saiki jenengmu saiki tak ganti ande ande lumut nak?

Pangeran Adhe : enggeh mbok, kula manut panjenengan mawon


Pawarta sayembara iku mau, di sebaraken nganti desa pucuk, lan mbok
genuk kringi pawarta iku mau, banjur mbok Genuk nimbali klenting abang
putrine.

Mbok Genuk : klenting abang putriku seng ayu dewe sak pucuk!
K. Abang

: wonten nopo to mbok ?

Mbok Genuk : iki loh nduk, mau aku kringi pawarta nek mbok uty nggawe
sayembara kanggo nggolekno putrane garwa, jerene putrane iku ngganteng e ra
ketulungan nduk
K. Abang
: oalah, enggeh mbok, kula purun sanget dados garwanipun
putrane mbok uty.
Mbok Genuk
: iyo nduk, mene isuk kowe tak dandani sing ayu ben dipilih
karo putrane mbok uty
Klenting kuning krungu omongane mbok Genuk karo klenting abang,
banjur metu nyauti omongane mbok genuk karo klenting abang.
K. Kuning
: mbok, kula inggih purun tumut sayembara kangge ngelamar
putranipun mbok uty.
K. Abang
: kowe pengen melu? Hahaha ngocoho kowe iku sopo. Kowe iku
mung nunut ning kene. Ora sepantese kowe melu sayembara.
Mbok Genuk : wes kowe ra usah melu klenting kuning, kowe ning omah bae,
ngepel, nyapu karo kora kora. Lek wes mari, golekno pakan kanggo sapi ning
kandang kuwi lohh
(klenting kuning ora bisa mbantah omongane mbok genuk, klenting kuning mung
bisa manggut karo nahan eluh.)
K. Kuning
: enggih mbok, nanging yen tugas kula sampun rampung, kula
angsal tumut nggeh?
Mbok Genuk : wes iku urusan mburi, sing penting awakmu saiki nyapu nyapu
disik.
K. Kuning

: enggeh mbok

Banjur, klenting kuning nyapu ing njero kamar, mbok Genuk karo klenting
abang dhiskusi masalah klenting kuning engkang pingin melu sayembara.
K. Abang
: mbok, kula mboten remen yen klenting kuning tumut sayembara.
Amargi kula mboten purun disaingi kalian klenting kuning.
Mbok Genuk : halah wes nek masalah klenting kuning iku gampang, mene tak
dandanane seng uwelek, nek perlu tak teplok e taek e sapi nok kandang le nduk
hahaha, wes kowe tenang ae.
K. Abang
gandos.

: enggeh mbok, panjenengan pancen mbok kula seng siip, jos

Mbok Genuk : walah walah, wes saiki kowe nang adus, dandan seng ayu,
mangan, banjur turu yo nduk.
K. Abang
(Isuk e )

: enggeh mbok

Mbok Genuk : klenting abang, kowe nang rene, tak dandani seng ayu!!
K. Abang

: enggeh mbok, sekedap

(banjur klenting abang di dandani mbok genuk sampek ayu )


K. Abang

: kula sampun ayu nggeh mbok?

Mbok Genuk : wes ndok, walah walah wes ayu dewe sak pucuk
K. Abang
: sampun nggeh mbok, kula tak bidhal rumiyen, klenting kuning
njenengan urusi nggeh mbok
Mbok Genuk : iyo nduk, wes tenang o ae, wes ndang budhal, ati ati nek
nyebrang kali!
(banjur klenting abang budhal nak omah e mbok uty, klenting abang banjur tutok
nok kali, deweke ketemu karo Yuyu mekangkang)
Yuyu mekangkang : walah walah na kok onok arek wadon ayune mengene
K. Abang

: kon iku sopo?

Yuyu mekangkang : aku iki seng njogo kali iki, kowe nek kapan kate nyebrang
kudu ngambong aku disek, whahahahh
K. Abang

: nang kok enak kowe? Engko lak wedak ku entek, luntur pisan!

Yuyu mekangkang : gak ngarah, aku mok njaluk ambung saitik, nek gak ngunu
kowe gak iso nyebrang
K. Abang

: yowes, aku gelem, tapi saitik ae yooo

Yuyu mekangkang banjur ngambung klenting abang, lan ngeterno klenting


abang nyebrang kali. Lan sawise ing sebrange kali, klenting abang matur suwun
marang yuyu mekangkang.
Yuyu mekangkang : Wes tutok sebrang.
K. Abang

: (mudun saka prahu karo ekspresi mbesengut)

yuyu mekangkang : lho, gak matur suwun?


K. Abang
: iyo iyo matur suwun! (karo mlaku ngadoh soko yuyu
mekangkang)
Yuyu mekangkang balik menyang panggone mau sakdurunge deweke
ngeterno klenting abang nyabrang kali. Klenting kuning sing ngawasi kaet mau
saka adohan wes nggawe siasat ben yuyu mekangkang ora gelem ngambung
deweke, yaiku karo ngolesi rata awake karo godhong simbukan sing ambune
kaya tai.
K. Kuning
: yuyu mekangkang sing bagus dewe... aku oleh njaluk tulung
opo ora? (klenting kuning berok berok saka adohan)
Yuyu mekangkang : kowe arep njaluk tulung opo? Tapi ono imbalane loh yo.
(karo nyawang klenting kuning sing mlaku nyedhaki yuyu mekangkang)
K. Kuning

: tolong sabrangno ngliwati kali iki. Kowe njaluk imbalan opo?

Yuyu mekangkang : aku njaluk imbalan ambungen aku yen wes nyampek
sebrang kali. Tapi sek sek, ambune opo sing gak enak iki? Ambumu yo?
K. Kuning
sanget...

: hehehe iyo yu. Iki ambuku. Tolong aku sabrangno yo, tulung

Yuyu mekangkang : iyo, aku gelem nyabrangno awakmu, aku yo ora sudi
ngambung awakmu. Ambumu lebus. Gak enak. Ndang numpak.
Yuyu mekangkang banjur nyabrangno klenting kuning nyabrang kali. Ing
panggon liya, klenting abang wis tutok omahe mbok uty. Sawise tutok sabrang
kali, klenting kuning medhun saka awake yuyu mekangkang.
K. Kuning
: matur suwun ya yuyu mekangkang, kowe wis gelem
nyebrangno aku.
Yuyu mekangkang : iyo, wis nang mudhuno ora betah ambumu aku.
K. Kuning

: iyo.

Klenting kuning ninggalne yuyu mekangkang karo ndolek panggon kanggo


ngresiki awake, nanging klenting abang wis nyampe nok omah e mbok uty.
Mbok uty

: ono opo le nduk ?

K. Abang
lumut

: mbok niki kulo klenting abang, kulo badhe ngelamar ande ande

Mbok uty

: iyo iyo nduk, tak celukno putraku, sek yo sabar

K. Abang

: enggeh mbok

Mbok uty
: le tholee si ande ande lumut, tumuruna ana putri kang unggah
unggahi, putrine kang ayu rupane, klenting abang iku kang dadi asmane.
Ande ande lumut : duh, si bu kula mboten purun, duh si bu kula mboten
nyuwun, nadyan ayu sisane si yuyukangkang
Mbok uty

: sepurane yo nduk, ande ande lumut ora gelem karo kowe

K. Abang
: huhuhhuuuhhhuuu, gayane ande ande lumut, aku iki ayu, kowe
ra gelem karo aku yowes. Sampon mbok, kula tak bali rumiyen
Klenting abang bali saka omah e mbok uty, kanthi ngamuk ngamuk,
banjur klenting kuning teko nok omahe mbok uty.
K. Kuning
: assalamualaikum, mbok nami kula klenting kuning kula badhe
tumut ngelamar ande ande lumut.
Mbok uty
: woook, putra ku ande ande lumut yo ra ngarah gelem karo
kowe, ambumu ae lebus.
K. Kuning

: "tulung sanget mbok

Mbok uty

: iyo iyo sek, tak celuk no, entenono nok kene ae

K. Kuning

: inggeh mbok

Mbok uty
: putro ku si ande ande lumut, tumuruno ono putri kang unggah
unggahi, putrine kang ala rupane, klenting kuning iku kang dadi asmane
Ande ande lumut : duh si bu, kulo niki purun, duh si bu, kulo niki nyuwun,
nadyan ala rupane apik atine (kalian mudun saka kamare marani klenting
kuning)
Ande ande lumut : bu, inggeh niki calon garwa kula ingkang kula padosi. Niki
Dewi sekartaji. Dewi sekartaji, sampean isih iling to karo aku?
K. Kuning
: enggeh kakang, kula saktenane mboten supe kalian njenengan,
kula nggeh madosi njenegan.
Sampun, sak lajengipun, Pangeran Adhe kalian Dewi Sekartaji urip tansah
damai, lan tentrem.

You might also like