Professional Documents
Culture Documents
RAHAYU : Y wes nak ngono yo Sit, Aku tak marani sinden sek.
Siti : Iyo mbak
Rahayu seng kawet mau ngundang sinden ora digagas, banjur ngamuki
sinden nang jeding.
Rahayu ; Sindennn.............................,
Sinden ; Dalem mbak ?
Rahayu ; Iki lo klambiku gosokno, Aku iki arep dolan
karo kancaku.
Sinden : Nanging mbak, sinden ajeng ngumbah agemane ibu lan
ngumbah pring.
Rahayu ; Terus aku kudu tak pikiri ? Gosokno klambiku saiki! Nek ora
aku omongno ibu yen kowe ora gelem!
Sinden : Ampun to, mbak . Geh,sampun sinden gosokaken
Rahayu ; La mbok yo ngono, Yo wes mengko klambiku gowo nang
kamare ibu
Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis
amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani
nang umaeh dewek. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin
teka lewat lawang mburi.
Tukimin : Loh, Nden? Keneng op kowe ? kok nangis?
Sindenrela
: Rasaku kok kesel banget ya, Min. Saben dino dikon
nyambut gawe kayak ngene
Tukimin :
Sindenrela
: Opo Tenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing
umaeh nang desa sebelah kae, to?
Tukimin :
Iyo tenan to Nden , mosok yo aku ngapusi . Jaka
Sembung sing kowe senengi kae lho.
Sindenrela
: Moso sih?
Tukimin :
Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...
Sindenrela
: Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku
isin, to!
Tukimin :
Iya, iyaaa...
Iki undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah.
Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.
Sindenrela
: Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti
ulih apa ora karo Ibu.
Tukimin : Meneng wae ra usah kondo sopo2 mengko kowe tak parani
jam 8 ojo lali yo
Sindenrela
: Oh yo wes nak ngono aku tak jajal nembung disit
karo ibu
Tukimin :
Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari
ya. Aku arep bali. Assalamualaikum...
Sindenrela
: Walaikumsalam...
Rahayu : Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela
: Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.
Rahayu :
Jarene sediluk kok suwene ngene ! (njukut klambine)
Loh, kuwe apa sing kowe cekel?
Sindenrela
: Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.
Rahayu :
Lho iki lak undangan acarane Jaka Sembung to ?
kowe kok bisa entuk juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha.
Aja ngimpi Jaka Sembung seneng maring kowe! Jaka
Sembung kuwe seneng wong wedok sing kaya aku, udu kaya
kowe!
Sindenrela
: Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden
nderek acara menika.
Rahayu :
Ibuuuu! Bu....!
Ibu tiri :
Apa to? Kok bengok-bengok?
Rahayu :
Bu, miren nopo mboten menawi Jaka Sembung
ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?
Ibu tiri : Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?
Rahayu : Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden
nderek, kan lucu nggeh, Bu? hahhahhahahha
Ibu tiri :
Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung
gawe isin tok mengko nang kana!
Sindenrela
: Tapi, Bu...
Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden
mboten pareng?
Ibu tiri :
Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe
nang umah, resik-resik!
Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!
Mlebu wayah bengi mbakyune karo ibu tirine Sindenrela
sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umahe Jaka
Sembung. Rahayu karo Siti ditukokno klambi anyar sing
maen banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri
ndeleng mbakyune diistimewakake karo ibune. Sakwise ibu
tirine lan mbakyune lungo nang omahe jaka sembung,
Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resikresik umah.
Sindenrela
: Ya Alloh, paringana sabar, paringana ikhlas...
Ora suwi ibu tirine lungo Ibu Peri teko
Ibu Peri : Lho Sinden keneng op kok nangis ? , op kowe ra melu nang
pestane jaka sembung seng gagah kui
Sindenrela ; Ibu Peri , Kulo mboten pareng nderek Ibu, kulo dikengken
resik2 umah
Ibu Peri : La kok jahat men to, Yo wes kowe tak tulungi mergo kowe
iku bocah seng apik.
Sindenrela : Tapi carane pripun ibu Peri ?
Sindenrela
: Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!
Tukimin : Lah, ora apa-apa. Iki acara bebas kanggo sapa bae. Wis nang
melbu
Sindenrela
: Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disik
Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung.
Sindenrela golek kursi seng arep dilungguhi, pas arep lungguh
kursi Jaka Sembung marani sindenrella
J. Sembung
: Sugeng rawuh, Mba Sinten Geh ....?
Sindenrela
: Sinden, Sindenrela.
J. Sembung
: Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu
sing ayu.
Sindenrela
: Mas Jaka bisa bae...
J. Sembung
: Bisa ya, hehe. Sampeyan moro rene nang kene karo
sapa?
Sindenrela
: Karo kanca mau , Mas.
J. Sembung
: Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora
nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...
Sindenrela
: Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah
tamune pada bubar nek aku nyanyi.
J. Sembung
: Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.
Sindenrela
: Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...
J. Sembung
: Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?
Sindenrela
: Emm...
Yawis, selagu bae ya.
J. Sembung
: Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik
kae.
Sindenrela
: Iya, Mas.
Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire
gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo mbakyune
metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng
Rahayu :
Moso? Apa iya, Mas?
J. Sembung
: Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki
wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.
Ibu tiri : Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!
J. Sembung
: Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe
wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan
wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken
Sindenrela dados garwa kula.
Sindenrela,
Ibu tiri, :
Haaaaaah???????
Rahayu
J. Sembung :
Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu.
Sindenrela
:
Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?
J. Sembung :
Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar
kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?
Sindenrela
:
Eh, mm, anu...
J. Sembung :
Nden?
Sindenrela
:
Eh, i..iya, Mas...
J. Sembung :
Alhamdulillah....
Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan
ibu tirinie lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela
wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem
lan tentrem.
TAMAT