You are on page 1of 8

Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono.

Bocah
loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek
amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono

: Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)


: Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
: Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
: Dolan nyandi lho ?
: Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
: Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
: Hehehe, ora-ora.
: Gek nggawa duit opo ora ?
: Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
: Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.

Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B.
Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng.
Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni

: He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?


: Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
: Opo jajal diparani neng omahe ?
: Omahe sopo ?
: Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
: Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
: Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
: Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
: Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
: Oke bos.....

Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman
mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan
Jono ora ana ketok.
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman

: Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?


: Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
: Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
: Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
: Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
: Gampang, yo uwis ndang muliho.

Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa.
Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni

: Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
: Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
: Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
: Halah kemiso, jajal piye....
: (nyanyi gundul-gundul pacul)
: Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
: Sing penting lagu daerah lho...
: Ojo, diganti liyane ngono lho.
: Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
: (Main gitar)
: Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
: Hahaha, lha aku ora iso lho..

Parman
Deni
Parman
Deni

: Kene lek ngono aku ae.


: (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
: (Nyanyi karo Deni)
: Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono

: Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi
: Heladalah, iki tenanan lho...
Parman
: Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi
: Nyapo aku sing kok takoni....
Parman
: Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi
: Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman
: Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru
: He he, enek opo iki ?
Deni
: Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru
: Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono
: Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru
: Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni
: Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru
: Lha kwi kowe ora teko...
Jono
: Ora diomongi, Pak.
Pak Guru
: Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso
nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman
Deni
Parman
Sardi
Parman
Pak Guru
Sardi
Jono
Pak Guru

: Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.


: Lho yo jelas lah, sopo disek...
: Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
: Aku njaluk sepuro yo, Man.
: Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
: Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
: Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
: Kula nggih, Pak.
: Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.

Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang
paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan
oleh hasil kan muasne.

TUKANG KORAN
Babak 1
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo
adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.
Andi : Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...
Reza : Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?
Andi : Murah mas. Amung Rp3.500,-
Reza : Oh, ngono. Iki duwit e
Andi: Wah duitmu gedhe ra ana susuk e? piye iki?
Reza : Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek mau)
Andi : Lek pancen ngono matur suwun low yo. Oh iki loh korane (Ngekekno koran menyang Reza)
Reza : Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu
Andi : Iyo, suwun tenan yo

Reza : Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!

Babak 2
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang omahe kang ana ing kampong kuwi.
Andi : Buk e,,,bukbukaku moleh
Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe Andi) Kowe wes bali le?
Andi : (Melbu menyang omah barengan Bu Siti) Enggeh bu, dinten niki kulo angsal arta kang katah.
Bu Siti: Wah, sip tenan lek ngono. Endi duite?
Andi: (Karo njupuk saka kesake lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno menyang bu Siti) Niki bu
Bu Siti : Hah, akeh tenan iki! (Ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : Niku ingkang tumbas anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken bae sisane.
Bu Siti : wah kok apik tenan arek iku? Wes ngomong matur suwun?.
Andi : Inggih bu, deweke pancen apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas koran kulo langsung di usir.
Bu Siti : Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh maneh le? Wong pancen kudu
sabar.
Andi: Pun ngomongne liyan bu.. mangke duso
Bu Siti: Oh iyo, sing penting wes diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus kono! Byuh mambu kringet
Andi: Enggeh bu
Babak 3
Andi dodolan koran kaya biasane, njajakno ing kompleks omahe Reza nanging..
Andi: Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...
(Ciiiitttt..... ana mobil mandeg jegreg ing ngarepe Andi lan nyerempet deweke)
Ana wong wadon metu tekan mobill kuwi lan cepet-cepet ndeleng keadaan Andi
Bu Nikita: byuh rapopo ta le?
Andi: Mboten menapa bu
Bu Nikita: Nyang rumah sakit bae yo?
Andi: Mboten bu, kulo mboten menopo namung keseleo sekedik
Bu Nikita: lha kuwi, sikilmu abuh ki. Yowes ayo melbu omah
(andi langsung dituntun bu nikita)
Bu Nikita: Sek ojo akeh obah tak pijet e sikilmu!
Andi: aduhduhduhduh (andi kelaran)
(Moro-moro ana suara sikil tekan ndhuwur)
Reza: Loh buk lapo arek iki kok iso ana ing kene?
Bu Nikita: Hush gaoleh ngomong kaya ngono. Arek iki ing kene amarga ibu. Ibu mau nyerempet
Reza: Tapi iki arek mlarat bu.. gak sak level aku awak dewe!!
Bu Nikita: heh ibu ra tau ngajari koyo ngono!
Andi: Yoh aku metu!
Bu Nikita: Loh le rinio aku during mari ngobati awakmu
(Andi mlaku metu ambek nyeret sikile amarga sek lara)
Reza: lha ! Apik lah ! ra rusuh-rusuhi omah ku
Bu Nikita: Astagfirullah Reza Saaken bocah kuwi
Reza: Jarno bu mangke bilih mboten dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek kesempatan, cek entuk welas asih
saka ibu, banjur diparingi duit saka ibu
(Bu Nikita ngejar Andi lan ora ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora sampek ketemu Andi)
Babak 4
Andi moleh ambek nyeret sikile sing lara
Andi: Bu Andi bali bu
Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget ndeleng keadaane Andi) Le sikilmu kok babras kabeh kuwi
kenopo?
Andi: Enggeh bu niki banjur keserempet mobil bu?
Bu Siti: Kok isa loh le?
Andi: Nikuwau kula mboten ati-ati bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang komplek biasane
kula dodol koran
Bu Siti: lha terus sopo sing nyrempet?
Andi: ibuk e bocah wingi, sing kolu critani wingi.

Bu Siti: Oalah, cah sugih sing menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong sugih ki
Andi: Tapi ibukne ki apik low buk, wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake metu kulo langsung di usir
Bu Siti: Yaweslah syukur ibuk e apik le
Andi: Enggeh buuu
Babak 5
Reza lagi keliling-keliling nggae motore sing anyar nanging
(Gedubrraaaakkkk!!! Suara motore Reza kang nabrak wit)
Reza: Aduhhh!
(Ing kono ana Andi kang lagi nawakake koran, wektu ngrungokno suara iku Andi cepet-cepet mlayu)
Andi: Ana opo kae? Loh Reza!!
(Cepet-cepet Andi nulungi Reza lan digawa menyang rumah sakit)
Sawise Reza sadar.
Bu Nikita: Walah le le makane talah nyetir sepedah iku gausah kakekan pola, untung wae ono si
Andi sing nggowo kowe mengang rumah sakit
Reza: Loh tenan bu Andi sing nggawa aku mrene?
Bu Nikita: Iyo le
Reza: Endi bu saiki si Andi? Aku pingin ngomong ambek dheweke
(Bu Nikita nyeluk Andi gawe ngomong karo Reza)
Andi: Opa za?
Reza: An selama iki aku wes berprasangka buruk menyang awakmu, aku njaluk sepura sak
akeh-akehe
Andi: Walah Za Za masio awakmu gak njaluk sepura menyang awakmu aku wes nyepurani
awakmu sak during-durung e
Reza: Suwun tenan yo An suwuuuunnnn, awakmu pancen wong kang apik
Andi: Iyo podo-podo Za

JUDUL:RAPAT KARTINIAN
PEMAIN:
ARIN
BASUKI
DINA
HARIYO
SORAYA
PAK LURAH
PAK CARIK
Arin: Konco - konco liyane arep mrene jam piro yo? kok wis jam papat durung lengkap?
-----Basuki: aku wis ngabari konco - konco nak ngumpul ning kene jam telu lho. Mbuh ki kok podo
durung tekan.
-----(ora suwe Dina, Hariyo, lan Soraya teko)
-----Arin: piye lah kok jam semene lagi podo teko. Selak acarane dimulai lho.

-----Dina: ngapurane yo Rin...aku ono pelajaran tambahan sing ora terjadwal. Dadine aku bali sekolah
rodo telat
-----Basuki: wis ah, sing penting wis podo kumpul. ayo mangkat.
(Arin, Basuki, Dina, Hariyo, lan Soraya mangkat nyang bale deso. tekan Bale deso, acara rapat
wis dimulai)
-----PAK LURAH: we lha dhalah..kok lagi podo kethok ki piye. Rapat wis dimulai sejaman lho
-----Basuki: nyuwunsewu Pak Lurah, telat amargi nenggo rencang - rencang kempal
-----PAK LURAH: yo wis ora opo - opo. kono ndang lungguh
-----PAK CARIK: Saged dipun lanjutaken pak?
-----PAK LURAH: nggih monggo
-----PAK CARIK: amargi adik - adik karang taruna sampun dugi, monggo kito lanjutaken malih
ngrembak acara kartinian ingkang badhe dipun laksanaaken sasi ngajeng ngajeng.
PAK CARIK: acara ingkang badhe dipun laksanaaken: pasar mirah, bhakti sosial, lomba miru jarik,
lomba masak kagem bapak - bapak lan lomba masang sanggul.
PAK CARIK: kagem acara pasar mirah lan bhakti sosial, sedoyo dados tanggung jawabipun adik adik karang taruna. Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak - bapak, lan
lomba masang sanggul, sedoyo dados tanggung jawabipun ibu - ibu PKK Dusun. Monggo ingkang
badhe usul.
-----Arin: menawi kagem pasar mirah, mangkih ingkang dipun sade namung bahan kebutuhan pokok?
-----PAK CARIK: Bahan kebutuhan pokok lan sandangan ingkang pantes dipun agem
PAK CARIK: Monggo kagem adik - adik karang taruna lan ibu-ibu PKK dusun enggal - enggal
nyusun proposal lan dipun ajukaken dateng Pak Lurah kangge keperluan anggaran.
PAK CARIK: Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak
Lurah.
PAK CARIK: kulo kinten cekap semanten rapat dinten niki, minggu ngajeng kito sedoyo kempal
malih kangge mbahas acara ingkang luwih rinci.
PAK CARIK: maturnuwun rawuhipun lan wassalamu'alaikum wr. wb

naskah drama Roro Jonggrang (bahasa jawa)

Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo bojone .
Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.
Bandung

: Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung
manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.
Ibu
: Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene.Awak
dewe uwis urip
kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu,arep njaluk sing piye maneh ibu iki.
Bandung
: ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.
Ibu
: (mesem ngguyu) Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda kaya ngene
sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur
nyayang anake).
Bandung
: Lho, saestu Bu.
Ibu
:Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.
Kowe iku wis gede,
moso kowe arep dewean wae.
Bandung: (mesem)Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu.
Saktemene kula ajeng tanglet
kalih ibu, Nanging kula boten
kepenak,Bu.
Ibu
: Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki
ibumu opo dudu.
Arep takon opo to Le?
Bandung
: Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih
bingung.
Bandung
: Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?

Ibu
: Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing
pantes. Kowe saiki
wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.
Bandung
: Ana apa,Bu?
Ibu
: Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.
Bandung
: dados bapak tasik sugeng bu?
Ibu
: Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.
Golekana Ramamu
kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno
pesen pesen ibu iki.
Bandung
: inggih, Bu.
Ibu
: Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.
Lek wis kepetuk
ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong
asing sing bakal kok
temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan
sing
isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo
kanggo njaga keslametanmu
dhewe.
Bandung
: Inggih,Bu.
Ibu
: Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa
selendang warna
abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anake.
Bandung
: matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kulangembara.
Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
niki .
Ibu
: Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak tresnani.
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi
dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni Jin
Bondowoso.
Jin
: Sampean sapa?
Bandung
:Aku Bandung
Jin
: Ono kaperluan opo sampean mrene.
Bandung
: Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki
Ramaku?
Jin
:Wani piro?
Bandung
: Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing
kowe
karepake.
Jin
:Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.
Bandung
: sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.
Jin
:Oke (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso.
Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane Bandung Bodowoso.
Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.
Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo
Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala perang karo Bandung Bondowoso.
Bandung Bondowoso nggawe panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan
Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko
mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh karo ngetokake getih lan kelaran.
Patih Gupala
: Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang
: Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana
ngendi Ramaku?
Patih Gupala
: (menundukkan kepala dan menyembah)Nyuwun sewu
Roro. (mikir-mikir)Prabu Boko
Jonggrang
: Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar
sing
ora ke penak Patih?
Patih Gupala
: Inggih Roro.
Jonggrang
: Ana ngendi Ramaku?(bingung lan arep nangis)." Cerita
karo aku
Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala
: Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang
: HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten
Goroh
Patih?
Patih Gupala
: Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung
Bondowoso
nusukkaken kerisipun.
Jonggrang
: Rama(nangis)
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang.
Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni
mau?

Bandung
: (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?
Jonggrang
: Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung
: HahahaSopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing
Kerajaan
Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede
iki (ngomong karo
sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu
tenan
kowe. Apa kowe gelem dak
dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang
:(mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora
tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe
aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)
Jonggrang :Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitiksitik
wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku
gelem tok pek
bojo.
Bandung
: Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu sewengni?10
candi wae, apa mending kowe njaluk syarat
liyane. Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep
tok nggo ngopo candi iku.
Jonggrang : Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku
panjalukku.buktekno yen kowe
tresna aku Bandung.
Bandung
: Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?
Jonggrang : Aku nyuwun sewu candi!! (karo arep nglungani)
Bandung
: Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung
:jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?
Jin
:iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?
Bandung
:aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.
Jin
:wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis
mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.
Jonggrang : Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.
Dayang : La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri,
miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La
wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun
badhe kelar to Putri.
Jonggrang : La terus apa sing kudu tak lakokake.aku ora gelem rabi karo
Bandung.
Dayang : Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
Prambanan, kongkon wong wadon numbuk pari, lan bakar yajerami.
Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki
seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembangkembang.
Dayang : Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
gawean kuwi.
Jonggrang : Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.
Dayang : Inggih ndara.nyuwun sewu.
Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin: Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet ngaleh iki.Yen ora,awake dhewe
engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi iki?
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani Jonggrang.
Bandung : Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.

Jonggrang : Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?
Bandung : Tentu wae tresnoku?
Jonggrang: Aku ora percaya.
Bandung: kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.
Jonggrang: oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
kowe batal ngolehake aku, Bandung.
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.
Bandung : Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.
Jonggrang : aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki
mung 999 .
Bandung : yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999 buah. Engko bakal
dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.
Jonggrang : ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
sing bakal minggat.
Bandung : Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu
Jonggrang
Jonggrang : Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.
Bandung : Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang : pancen ngono toh nyatane!
Bandung : Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku
iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
, lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : Aaaaahhh !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.

Rampung..

You might also like