You are on page 1of 8

Dongeng

Dongeng yaiku anggitan kang awujud gancaran, critane ngayawara/ kang mokal kelakone.
Dongeng iku sok ana gegayutane karo alam, kewan, mula bukane sawijining bab,
kapercayaan jaman kuna kadadeyan kang sarwa aneh lan ora klebu nalar.

Para winasis ngarani dongeng kang kaya mangkono klebu epik, yaiku kasusastran kang mung
nyritakake, ngandhakake apa ta apa, manut kahanane utawa lelakone dhewe, mung kepingin
nyritakake apa-apa sing diweruhi. Mula sipate apik iku obyektif, sing digatekake apa ta apa.
Pujangga epik ora ngaton, nyingkir. Panemune lan wawasane juru nganggit kawedharake
liwat wong sing digawe lakon (pelaku).

Basa sing cocog karo sifate epik sing obyektif iku adhapur gancaran lan tembang. Anggitan
kang kagolong epik, kayata mulane dongeng ana warna-warna:

a.Fabel, yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tata carane kaya
manungsa. Umpamane:

1. Serat Kancil tanpa Sekar, dening Ki Padmasusastra,

2. Dongeng Sato Kewan, dening dr. Priyana Winduwinata,

3. Peksi Glanthik, dening Ki Yasawidagda.

b. Legenda, yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam utawa sawijining bab, kang
critane mung diganthuk-ganthukake. Umpamane:

1. Dongeng Rawa Pening,

2. Guwa Parang Tritis,

3. Dongeng Kali Serayu.

c. Mite, yaiku dongeng kapercayaan jaman kuna, gegayutan karo dewa-dewi lan manungsa.
Umpamane:

1. Dongeng Dumadine Jagad,

2.Dongeng Dumadine Grahana,

3. Dongeng Nyai Rara Kidul.

d. Wiracarita, yaiku dongeng wiracarita uga diarani dongeng Gegendhung, yaiku dongeng
kang ngandharake para linuwih ing jaman kuna. Dedongenge diwuwuh-wuwuhi. Sing dadi
jejering crita banjut dipundhi-pundhi banget, critane sok digathuk-gathukake karo babad,
nanging wis worsuh, umpamane:

1. Raden Panji Asmarabangun,


2. Kanjeng Panembahan Senapati,

3. Siyung Wanara,

4. Ramayana,

5. Mahabarata.

e. Dongeng lugu, yaiku cerita kang sarwa aneh, ora klebu nalar, mau-maune saka piandeling
wong dek jaman kuna, ana uga kang piridan saka dongeng kahananing alam utawa para
sudira ing perang. Sing diperlokake anehing cerita. Umpamane:

1. Jaka Kendil,

2. Timun Mas,

3. Cindhe Laras,

4. Mbok Randha ing Karang Wulusan,

5. Malin Kundang.

f. Sage, yaiku dongeng kang awewaton sejarah, naning akeh wuwuhane, umpamane:

1. Dongeng Rara Jonggrang,

2. Dongeng Candhi Sewu,

3. Dongeng Kembang Wijayakusuma.

Pawarta / Berita
Kedadeyan kang nembe dumadi ana ing sawijining papan panggonan kang isih dadi
rerasaning wong akeh.
tuladha mediya pawarta:
TV, Radio, kalawarti= koran, ariwarti= majalah

Unsur - unsur pawarta

apa

sapa

kapan

nengndi

kepriye
kena apa

Sifat pawarta

1. aktual

2. faktual

3. cekak aos

4. narik kawigaten = menarik perhatian

5. unik

6. jangkep

unggah ungguh basa jawa iku kapilah dadi papat, yaiku :


1. Ngoko lugu
Basa ngoko lugu digunakake dening :
a) Yen lagi ngunandika.
b) Sapepadha sing rumaket / kanca sebaya.
c) Wong tuwa marang wong enom / anak-anake.
d) Bapak Ibu Guru karo muride.
e) Bendhara karo kacunge.
Tandha-tandhane basa ngoko lugu :
1) Tembung-tembunge ngoko kabeh.
2) Wong sing gunem nyebut awake dhewe aku.
3) Wong sing diajak guneman nggunakake tembung kowe.
Tuladha :
Apa bapak sida nonton bal-balan.
Kowe arep lunga menyang ngendi?
Kowe mengko apa sida teka ing omahku?
Renea dhisik ana perlune.
Aku lagi mangan sega ing dapur
Kowe mau kandha jare ing kene ana tukang cukur sing pinter.
Yen kowe duwe, aku arep nyilih bukune.
Aku njaluk tulung, gawekna layang ulem.
Kowe apa gelem nuku sepedhaku?
Mas aku nyilih layangmu wacan.
Apa kowe wis weruh ibumu? Manawa bapakmu wis teka?
Aku kudu manut pakone Bapak, supaya Bapak seneng atine.
Aku sekolah ana ing SMK.
2. Ngoko alus / ngoko andhap
Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil
(tembung kriya, tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange
tetep ngoko.
Basa ngoko alus digunakake dening :
a) Wong tuwa marang wong enom sing diajeni.
b) Wong sapepadhan ing perkumpulan sing wis rumaket.
c) Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.
d) Ibu marang Bapak ing omah.
e) Kanca karo kanca sing wis suwe ora ketemu padha pengin ngurmati.
Tandha-tandhane basa ngoko alus :
1) Tembung-tembunge ngoko kacampuran krama inggil kanggo pakurmatan.
2) Wong sing gunem nyebut awake dhewe aku.
3) Wong sing diajak gunem nggunakake tembung panjenengan.
7. Tuladha :
Aku ora ngerti daleme Pak Jarwo.
Apa bapak sida mriksani bal-balan.
Panjenengan arep tindak ngendi?
Semahe panjenengan nyambut gawe ing endi?
Kula arep nyuwun pangapunten marang sampeyan.
Wah Mas Lurah sida mundhut mobil ta?
Mas Anto daleme ngendi ta?
Pak panjenengan dhahar disik yo!

3. Krama lugu
Krama lugu yaiku basa kang wujud tembunge krama kabeh. Ater-ater
di dadi dipun panambang e,ane, dadi ipun utawa nipun.
Basa krama lugu digunakake dening :
a) Kenalan anyar ing ngendi panggonan.
b) Kanca karo kanca sing durung akrab.
Tuladha :
Aku tilem wonten kamaripun simbah.
Bibar nedha kula dhateng sampeyan mila ampun tilem riyin.
Nggih, nanging duginipun ampun sonten-sonten.
Kancaku lunga dhateng Surabaya nitih motor.
Andi wau sanjang piyambakipun mboten saged dugi.
4. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang wujud tembunge krama karo
tembung krama inggil (tembung kriya, tembung sesulih purusa, lan
perangane awak). Ater di dadi dipun, panambang e, ane, dadi ipun,
panambang ake dadi aken.
Basa krama alus digunakake dening :
a) Wong enom marang wong tuwa / anak marang bapak ibune.
b) Murid marang gurune.
c) Pembantu marang majikane.
d) Ngomong ing sangarepe wong akeh.
e) Ndonga marang Gusti Allah.
Tuladha :
Menapa bapak saestu mriksani bal-balan.
Ibu kondur saking peken.
Simbah nembe gerah waja.
Eyang mangke menawi tindak badhe nitih becak menapa dhokar?
Panjenengan badhe tindak pundi

PENGERTIAN GEGURITAN

Tembung geguritan dumadi saka tembung lingga gurit, kang tegese tulisan awujud
reroncenging tembung kanthi paugeran tartamtu utawa karangan kang awujud puisi jawa.
Geguritan bisa endah lan kepenak dirasakake kang maca nganggo irama kang becik lan
panganggone tembung-tembung dipilih tembung kang endah. Geguritan minangka asil
polahing jiwa manungsa kang awujud tulisan.

Geguritan kaperang dadi 2, yaiku geguritan kuna lan geguritan modern. Dene bedhane
geguritan kuna lan geguritan modern yaiku:

Geguritan kuna Geguritan modern

1. Diwiwiti nganggo tembung sun 1. Ora ana paugeran kang gumathok


2. Cacahing gatra ora ajeg, nanging sithike
2. Barisane endah
papat
3. Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine
3. Basane dudu basa padinan
kudu padha akehe
4. Tibaning guru lagu kudu runtut 4. Ana rima, irama, lan intonasi

Supaya bisa nulis sawijining geguritan kanthi becik lan yen diwaca kepenak dirasakakekudu
dipikir babagan kaya ing ngisor iki!

1. Milih tema kanthi trep.

2. Nggatekake diksi (pilihan tembung). Nggunakake tembungtembung kang jumbuh lan


trep karo bab kang arep diandharake.

3. Bisa nganggo purwakanthi ing ukara-ukara supaya katon endah.

4. Nggatekake paramasastra basane. Umpamane nganggo ukara sembawa, ukara


camboran lan liya-liyane. Kabeh mau duwe pangajab supaya weling utawa amanat
saka pangripta bisa tekan pamaose.

Tuladha geguritan:

Sambat Sebute Bantala

Dening Agus Artiningsih

Dhuh pra manungsa, titahing jawata

Sira tambuh, nglali apa ora krasa

Yen umurku mono, saya tambah tuwa


Mesthine kekuwatanku ya saya suda

Aku wis ora kuwawa

Nanging kena ngapa, sihing Binathara?

Sira malah saya seneng gawe mala

Bombong nambah dosa, lan dhemen tumindhak dursila

Sakehing amal padha ditinggal

Kang jujur disingkur, kang bener disengker

Sing becik padha disirik

Ala lan nistha malah dadi tuladha

Aku sayah, aku lungkrah lan aku wegah

Nyawang kahana kang saya bubrah

Manungsa kakehan polah

Kaya raseksa kang ngangah-anggah

Ngangsa bandha kang ora lumrah

Malah njarah, hake priyayi kathah

Sakehing prahara iki apa oar koknggo ngaca?

Jagade Gonjang-Ganjing

Dak sebut jagade gonjang-ganjing

Amarga akeh kang ora padha eling

Marang liyan, apa maneh marang sing gawe gesang

Wong gedhe padha jegal-jegalan

Rebutan panggonan lan panguwasan

Ewadene wong cilik padha gedhungsangan

Golek pangan panguripan

Sing ndhuwur saya mulur


Sing ngisor saya thekor

Pancen jagade lagi gonjang-ganjing

Akeh kang padha ngedan

Yen ora edan padha ora keduman

Padha ndugang-dinugang

Singkang-singkangan

Ilang rasa kamanungsan

Lumrahe wae gusti paring samubarang pepeling

Maneka bebendu: lindhu, petir, angin, udan, ora uwis-uwis

Supaya manungsa padha eling

Parikan uga diarani pantun Jawa, nanging ing parikan mung dumadi saka rong
ukara. Parikan yaiku unen-unen sing kalebu puisi Jawa Tradisional kang isine
sindhiran lelucon kanggo ngipur, lan pitutur tumrap ing bebrayan.

A. Ciri-ciri (Paugerane) Parikan :

1. Kedadeyan saka rong ukara

2. Saben saukara dumadi saka rong gatra

3. Nggunakake purwakanthi guru swara

4. Ukara kapisan minangka pambuka (sampiran) ukara kapindo minangka


(surasane)

B. Wujude Parikan :
1. Kedadeyan saka 4 wanda + 4 wanda (x2). Tuladhane :
Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, sing taberi
2. Kedadeyan saka 4 wanda + 6 wanda (x2). Tuladhane :
Liwat parit, lumumpat ing pager
Dadi murid, sing sabar lan pinter
3. Kedadeyan saka 3 wanda + 5 wanda (x2). Tuladhane :
Parine, wis lemu-lemu
Atine, wis kudu nesu
4. Kedadeyan saka 4 wanda + 8 wanda (x2). Tuladhane :
Rujak nanas, pantes diwadahi gelas
Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
5. Kedadeyan saka 8 wanda + 8 wanda (x2). Tuladhane :
Anak jaran, jare belo, mlebu toko awan-awan
Seneng dolan dadi bodho, blela-blelo ra karuwan

You might also like