You are on page 1of 1

Adigang, adigung, adiguna

Nuwun.
Assalamualaikum. Wr. Wb
Bapak Kepala SMP N 38 ingkang dahat kinabekten. Bapak, Ibu guru saha para
tamu ingkang kinurmatan lan sedherek mitra ingkang kula tresnani. Puji pudyastuti
sumangga kita aturaken dhumatheng Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit saking
rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan saengga saged manunggal ing
wanci menika.
Tingkah laku masyarakat ing zaman menika langkung mentingaken diri pribadi.
Kathah tiang ingkang ngandhelaken kaluwihanipun piyambak-piyambak. Tingkah laku
menika kedahipun mboten di pun lampahi amargi mboten dipun remeni kaliyan Gusti
Allah.
Tingkah laku masyarakat ing zaman menika sami kaliyan paribasan wonten ing
Basa Jawi Kuno inggih menika Adigang, Adigung, Adiguna. Paribasan menika wonten ing
Serat Wulangreh anggitan Sri Sunan Pakubuwana IV ing Sekar Gambuh gatra 4 nganthi
10.
Watak Adigang menika tegesipun tiang ingkang ngendelaken marang kekiatanipun.
Watak adigang dipun ibarataken watak kidang utawi menjangan. Kidang nggadahi
anggepan bilih tandukipun paling sae saha paling kiat sak indening buwana. Ananging
piyambakipun pejah amargi tandukipun.
Woh dene, Watak Adigung menika tegesipun tiang ingkang ngendelaken marang
kekuasaanipun. Kados dene Gajah ingkang ageng lan nggadahi dikdaya mboten saget
dipun asoraken kaliyan kewan sanesipun. Adiguna tegesipun tiang ingkang ngendelaken
marang kapinteranipun kados dene watakipun sawer ingkang nggadahi wisa.
Paribasan menika ngemutaken kita bilih tiang ingkang nggadahi kaluwihan
tumindakipun dados awon la nggadahi pemanggih menawi diri pribadinipun nggadah
tumindak ingkang paling becik. Saengga nuwuhaken tumindak ingkang awon dhumateng
tiang sanes lan diri pribadinipun.
Dados, kaluwihan ingkang dipun gadhahi tiang saget migunani saha saget damel
bebaya tumprap diri pribadi lan tiang sanes. Wonten ginanipun menawi dipun agem
kesaenan nanging saget mitunani tiang sanes menawi dipun agem nuruti hawa nafsu diri
pribadi. Kula gadhahi pamanggih utawi pangajeng-ajeng kita sami nebihaken sifat lan
tumindak ingkang adigang, adigung lan adiguna.
Para rawuh ingkang minulya, namung menika ingkang saged kula aturaken,
menawi kathah kalepataning atur saha solah bawa ingkang kirang nuju prana, kawula
nyuwun agunging panagapunten.
Nuwun.
Wassalamualaikum, Wr. Wb

You might also like