You are on page 1of 8

Naskah Drama Bahasa Jawa : Emang Kilangan Sandal

Annisa Aurora K (04) : Menik


Diadikma Belarosa (07) : Bu Haji
Firqiya Furqoni I (12) : Imah
Henryco Reza (14) : Tarmin
Mahdiyah Anes (18) : Izah
Rasidafi Aziz (22) : Eman
Nuryanti (27) : Lela
Wahyu Puji L (32) : Mbok Tarmini
Yesika Eka A (34) : Bu RT

Eman Kilangan Sandal


Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njebul saka turone Eman, si bocah
mbeling urung gelem tangi. Yo wis ngunu isine Eman sabendino.
Mbok Tar : Le, tangi le ! wis padhang jingglang kok kowe sek mlungker ae.
Lela : Percuma mbok. Ora bakal dirungokake karo Cak Man.
Mbok Tar : Gugahen kono. Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi
Lela : Siap mbok.
Tapi….
Mbok Tar : Lapo maneh??
Lela : Ngkok kasure teles kabeh, paling yo cak man gak ngurusi.
Wes tenang ae, aku duwe cara dewe.
Lela : (bengok-bengok nang kupinge Eman) ‘KOBONGAN-KOBONGAN..
Tulung… tulung… tulung..
Eman : (gragapan) opo… opo.. kobongan??? (kaya kabeh diinteri)
Mbok Tar : Ssssttttttt…….. iki yo lapo se?
Eman : Lho mbok ana kobongan, gak ngungsi ta? (jek bingung
Mbok Tar : Kowe iki ngelindurta?
Lela : Hahaha… haha… iyo ak. Tak bijuki sampean. Salahe dewegak
tangi-tangi.
Eman : Ooo… arek cilik kurang ajar kowe iku.
Lela : Babah se, anggite sampean iku gak cilik ta?
Mbok Tar : Halaah.. podo cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man,
Eman : Sek talah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge… hahaha
Mbok Tar : Lhe… lhe… tak untal kowe lak enak (Eman mlayu)
Bu RT : Assalamualaikum. Ono opo iki mbok?
Mbok Tar : Waalaikumsalam. Iki lho Bu RT, Eman terus. Wes biasane nggawe kisruh.
Bu RT : Oalah. Yahmno yahmene kok Eman terus. Kowe gak isinn ta Man? Dadi
lakon bandmo?
Eman : Lha lapo isin. Wong aku klambnan og.
Lela : Halah… ngomong ae sapean gak duwe isin. Yo seh?
Eman : Kowe iku mesti melok-melok !! meneng ngunu lho.
Mbok Tar : Wes mboh Man. Dikandani kok gak kenek. Ngelu aku mikirno kowe.
Eman : Yo wes gak usah dipikir ! ngunu ae repot.
(bengok-bengok nang ngarep omahe Lela)
Izah : La.. ela.. e e e.. under my umbrella. Terno aku nang Jagalan. Cepet La !
Lela : Bengak-bengok nang omahe wong. Gak duwe omah ta?
Opo? Imah mlaku dewe?
Bu RT : Aduh Nak, ojo bengak-bengok ae. Wes ndang terno Izah kae lho..
Lela :Enggeh Bu, Izah pancen rada saliwang.
Mbok aku mlaku-mlaku dhisek (saliman)
Mbok Tar : Iyo Nak terno sampek omahe ae yo. Ndang mbalio.
Lela : Lealha Mbok, gak mlaku-mlaku laan aku. (nyelonong ngalih).
Eman : Heh, gak pamitan karo mas mu ta Ndhug?
Izah : Lel, ndang cepet, koncoku selak garing o.
Mbok Tar : Zah mreneo! Bengak-bengok ae, llapo nang Jagalan? Ngguwak Eman ta?
Eman : Iling Mbok anak dhewe diguwak, angel lho nggawene.
Izah : Omongan mu Joh.
Iku lho Mbok konco ku jek tas muleh teko Gua Hiro. Arepe nang omah ku
lha dalah kesasar.
Bu RT : Yo ndang budhal, sak no konco mu ngkok nangis. Gak eneg balon kotak
ndek kene.
(Lela lan Izah nang jagalan)
Eman : Bu RT karo Mbok iki kok gak nggenah bluas e, anake dewe dikacangno
ngene.
Bu RT : Hush ! jek apik kowe diingoni mbokmu. Kuwalat kapok lho yo
Eman : Sopo sampean ? nguwalatno aku
Mbok Tar : Ati-ati Man, suwe-suwe kowe ngkuk kuciwa lak sampek nggawe aku
mangkel
Eman : Lho mbok, dungane kok elek ngunu se?
Mbok Tar : Bah !
Bu RT : Sabar mbok, ngene ae
Sampean jaken Eman ngaji saben sore sing karo Bu Haji iku oo.
Mbok Tar : Oh iyo yo, Wes Man, ngkuk sore kowe kudu melu akku. Lak gak, awas yo
Eman : Hhhaaa….. ?? moh aku. Campur ibu-ibu
Nang jagalan, Izah ngomong dewe.
Izah : Oalah Lela, ngeterno sampe omah ku tok, yo dadi gawe. Iki pisan endi
Menik ??
Menik : Assalamualaikum Izah. Iki lho aku, Menik. Sak jam aku muter-muter ora
ketemu-ketemu.
Izah : Karo aku ?
Menik : Ora, karo sandalku iki lho. Sisihan seh.
( Bu Haji moro)
Bu Haji : Assalamu’alaikum. Iki sopo ngu ca’-nguncal sandal sasisih? Kowe ngerti ta
Nduk?
Izah + Menik : Wa’alaikumsalam Bu Haji.
Menik : ( Nyaut sandal) La iki sandalku. Matur nuwun Bu Haji, Alhamdulillah yah
rotone ten Panjenengan, Aman sehat wal afiat sandal kula.
Bu Haji : Waduh.. waduh, waduh, endel tenan bocah iki! Sopomu Zah?
Izah : Koncoku Bu, naminipun Menik.
Menik : Hehehe.. Menik Menik Bu Haji.
Bu Haji : Iyo gak opo-opo Nik. Omahmu endi Nduk sampe kesasar nang Jagalan?
Menik : Wah.. omah, sandal iki wae aku ditukoake karo Wong Tuwaku kok Bu.
Jelasipun, kula mboten saget tuku omah.
Izah : Omahe wong tuwamu endi?
Menik : Sepurane Zah, lali gak tak gowo. Tasku ues abot. Nggawa omah, lak gak
mlaku-mlaku aku. GAK KUAT - - (ekspresi datar)
Bu Haji : Arek iki gak waras ta Zah? (bisik-bisik)
Izah : Gak ngerti aku Buk, ues suwi gak ketemu.
Menik : Hallo... Wulan Ramadhan kok ngerasani, jare kancaku nang SPADA :
‘GAK ILOOK’.
Bu Haji : Nang kini aku Bu Hajine. Sopo Nduk iku jenenge?
Izah : Jawab sing jujur lo..
Menik : Oke. Moro.o nang SPADA JOE, ngoleko kelas IX Hem, ono arek jenenge
Dhona, lha iku jejerane.. Golekono Hpne.. La iku !!
Izah : HP..!!
Menik : Lanjut, nyalano Hpne bukaen inboxe, SMSe ono nang kunu.
Bu Haji : SMSe arek iku maeng Nik?
Menik : Mboten Bu Haji, SMSe pacare sing nang Hpne.
Izah + Bu Haji : GUBRAK.. GLODAK !!
Menik : Ojo ngunu, sing apik toh karo adek Menik :D
Bu Haji : Ues-ues Nduk, mandek ndagele. Poso-poso mengko mokel lo..
Izah : Bu Haji.. sabar, orang sabar cepet dapet pacar. (Blak-blakan)
Bu Haji : (mencep) Gak usah dibahas. Nik, gelem melu pengajian karo Izah?
Menik : Insyallah Bu Haji, mumpung isih Ramadhan.
Izah + Bu Haji : Ramadhan yo nang kelase, lungguh karo Fendy.
Menik : (ngguyu) Lapo ..? Cemburu ta?
Bu Haji : Lalapo? (melet nang Faiz Ramadhan) Iki isien formulire?
Izah : (moco Formulir)
Izah : Nami?
Menik : Raden Putri Menik Menok Mawon Seneng Masak Nang Pawon.
Izah : Sekolah?
Menik : SMP Luar Negeri Ploso
Izah : Alamat?
Menik : Numpak bus Puspa Indah jurusan Malang, Madiun, Dempok. Ana kreta
kelinci numpak.o, mudun keras. Numpak len nganti terminal. Oper len ijo jurusan endi
ae. Terus ae... mudun pengairan pioso. Mlaku terus ono umbul-umbul wama kuning.
Bu Haji : Omahmu ndukk..
Menik : Ketua RTku Bu. Terus ae, sampek perempatan Pos Doreng. Ono omah
tingkat 2 dicat putih, latar ombo,taman ono. La... iki aku gak mbijuk.
Izah : Sugih men kowe Nik.
Menik : La iku,tonggo ngarep omahku sing sugih.
Bu Haji : Ealah ndukk.... ndukk. Jawaban ogak gak iso digubris. Yo wes ndi, tk gawe
mulih.
Izah : Niki buk.
Menik : Waalaikumsalam Bu Haji
Bu Haji : Aku durung salam ndukk. Assa...
Izah+menik : Wa’a...
Nang Pos Kamping
Tarmin : Woi bro. lapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek kon
Eman : Ngunu ta? Koncone dewe jare elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-
mongno. Yo podo eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake mbokku.
Tarmin : Berarti mbokmu la’an sing elek.
Eman : Lho ya. Duduk aku lo y seng ngomong. (rodok bengok)
Tarmin : Ono opo she?
Eman : Aku dipekso karo pilihane mboku.
Tarmin : Opo? Sing temen Man (kaget)
Eman : Iyo Min. aku yo rodo wei karo mbokku.
Tarmin : Opo kowe wis siap? Ilengo kowe jek cilik
Ayu ta?
Eman : Apane, ibu-ibu kok ayu. Yo wes koyok mbokku ngunu.
Tarmin : Astaghfirullahaladzim. Edan iku Man. Edan tenan !
Eman : He.. kowe lapo? Edan-edan barang.
Tarmin : Lha iyo, awakmu jare kudu nuruti pilihane mbokmu
Eman : Sakjane, iku yo sarane Bu RT.
Tarmin : Lho?? Astaghfirullahaladzim Man. Saknone kowe
Eman : Sek ta? Lapo kowe nyabut nyebut ae?
Tarmin : Kapan iku dilaksanakno?
Eman : Ngkuk sore.
Tarmin : Opo? Wes nggolek penghulu ta?
Eman : He? Lha lapo athek penghulu, anggite aku kate kawin aa?
Izah&imah : (moro-moro teko) opo kawin?
Izah : Eman kate kawin, karo mbok-mbok?
Izah&imah : Hhahaha
Eman : Ojo ngawyr ta kowe? Sopo sing kate kawin?
Tarmin : Lha iku maeng.
Eman : Maksutku, aku dikon mbokku melu pengajian Ibu-ibu. Karepen ben aku
tobat. Ngunu lho.
Kabeh : Owalah…
Izah : Lha ngkok kowe lak dadi dasteran Man.
Imah&izah : (ngguyu)
Eman : He.. ojo kurang ajar karo aku
Tarmin : Iyo. Ngejak geger ta?
Izah : Hem… (ngece) anggite aku wedi ?
Imah : Kecil kowe iku. (ngece)
(kabeh kate gelut)
Bu Haji : Astaghfirullahaladzim. !!
Ancen bener jare Rhoma Irama. “Darah muda darahnya para remajaa
Kabeh : Jeng jeng jeng
Bu Haji : Yang selalu merasa gagah, tak pernah mau mengalah a.. aa..
Kabeh : DARAH MUDA
Bu Haji : Ono opo maneh? Bendino kok geger ae.
Eman : iku lho Bu Haji, Izah kar Imah ngelok-ngelokne aku
Yo gak trimo se?
Izah : Halah.. biasane kowe yo ngelokno aku ngunu
Imah : yo
Izah : Tapi sing tak omong lak bener se?
Imah : Yo
Izah : Salahe dewe mbeling
Imah : Yo
Kabeh : Ya yo ya yo ae
Bu Haji : Wes buyar. Mending nglakoni hal-hal sing positif. Ora kok gelut ae
Sorene nang masjid.
Bu Haji : (kabeh podo kumpul) Assalamualaikum…(banter) ya ahli kubur( irih)
Jamaah : Waalaikumsalam wr.wb
Bu Haji : Jamaah...
Jamaah : Dalem.
Bu Haji : Nggeh pun.
Saiki ayo di bahas masalah nkale arek nom-noman.
Mau isuk, ana bocah papat arep geger. Yo opo iku?
Mbok Tar : Eman ta Bu Haji ?
Ancene kowe iku senengane geger tok Man, Jian !
Eman : Aku maneh
Kabeh : Lha sopo mane lak gak kowe ?
Menik : Assalamualaikum. Sepurane Bu Haji kulo telat.
Bu Haji : Waalaikumsalam. oh yo gpp ndug.
Ibu-ibu iki ono anggota anyar jenenge ‘Menik’
Menik : (ngguyu) Monggo.
Eman : lho Min, asli menik-menik.
Tarmin : iyo. Ayu e.
Izah : hemm… (mencep) ayu aku kok.
Imah : iyo, arek cilik ngunu ae jare ayu.
Tarmn : iri seh kowe ?
Izah : he ? gak yo. Wong jelas-jelas ayu aku. Kancaku paling gak nggenah kok
iku.
Lela : sssttt… rame ae yo. Wes ta ayu aku kok.
Izah : Halah.. podo ae.
Lela : Babah. Ayu aku kok. Gak ero aku wes kaya Putri Kate Midleton a ??
Imah : He ? Putri Kodok paling
Lela : Onoke Pangeran Kodok duduk Putri Kodok.
Eman : Lak rame ae.
Menik : (lungguh sanding Eman karo mesem) wes suwe toh Mas melok iki ?
Eman : Oow… yo yo lah. Aku iki kayak-kayak o dijuluki Pak Ustadz.
Menik : Oohh… ngunu toh.
Lela : Preeettt... Pak, nyusahke iyo.
Menik : Lucu sampean. Jeneng sampean sopo Mas ?
Eman : Kenalno. Emando Bieber Van Persie.
Lela : Heleh.. eman bibir kayak kursi ta ?
Menik : Hahaha… Mas Eman karo adheke kok lucu banget toh.
Eman : Mbak Menik engko mulehe karo aku yo ?
Tarmin : lha aku Man ?
Lela : Sampean ambek Mbak Ijah, Mbak Imah ae lho. Hahaha…
Tarmin : (ngece) He.. mosok aku mlaku ambek topeng monyet ??
Izah & Imah : (mencep)
Izah : Sepurane yo. Mosok aku bareng karo walang sangit ??
Izah & Imah : wleek…
Bu Haji : ehm.. ehm.. wes mari kenalane ?
Kabeh : Saaammmpuuunnn.
Bu Haji : Dadi, ibu-ibu sampean kabeh kudu nuntun anake dhewe-dhewe ben ora
kecanthol gawean-gawean sing elek. Kayak gasakan, mabuk-mabukan, lsp. Di didik
supaya dadi wong juju. Ogak kok mari korupsi, terus nang Mbali ndelok tenis. Ono yo an
sing jare berobat nang Singapur tapi gak moleh.
Tarmin : lha yo. Astaghfirullah.
Mbok Tar : Koyok kowe iku Min.
Tarmin : Anak sampean yo yo ae.
Bu Haji : Gak moleh-moleh. Opo ta pesawate ban e kempes. Dadi di kumpo sek.
Ndilalah kumpo e keri.
Mbok Tar : Wah, nuntun la’an ?
Bu Haji : Dadi mari ngene opo sing elek ditinggal sing apik ayo di gowo muleh.
Menik : Nggeh Bu Haji. Tapi aku ana urusan liyane iki. Dadi aku pamit sek.
Assalamualaikum.
Wektu mulih saka masjid.
Bu Haji : Wes yo rek aku tak mulih sek.
Imah : Nggeh Bu Haji.
Bu Haji : Assalamualaikumsalam wr.wb
Imah : Waalaikumsalam wr wb
Bu Haji : Kok durung mulih mah,
Imah : Kulo ngrantosi Izah, Bu Haji.
Bu Haji : Lo kate nang ndi?
Imah : Kulo bade blonjo bu,, hehehe..
Bu Haji : Blonjo opo mah, aku gak mok kei.
Imah : Heheh... klambi riyoyo Bu Haji.
Bu Haji : Poso jek intuk 6 kok wes tuku klambi riyoyo.
Imah : Mangkeh lak ngrentosi kate riyoyo rego kabeh mundak Bu Haji.
Bu Haji : Iyo wes aku tak mulih sek, wes salam se aku mau.
Imah : Sampun Bu Haji.
Moro-moro.
Bu Haji : Lo sandalku kok ilang.
Imah : Wonten napa bu? (marani Bu Haji)
Bu Haji : Sandalku ilang Mah.
Imah : Lo kok saget Bu Haji. Bu Haji mbonten supe ta? ngagem sandal kok
sisihan.
Bu haji : Aku iki yo jek enom Mah. Mosok wes lalian.
Imah : Paling nggeh Eman Bu sing njupuk.
Bu Haji : Hheehhh... gak oleh su’udzon, poso-poso lo !
Imah : Lha terus sinten lak mboten Eman.
Bu Haji : Be’e kowe sing njupuk, kowe sing ndurung mulih dewe ngunu.
Imah : Lo kok aku Bu, lha jarene mboten angsal su’udzon.
Bu Haji : Yowes aku tak mulih sek
Imah : Kondur nggem opo?
Bu Haji : Yo terpaksa nyeker aku
Imah : Owalah bu, bu kok yo mesa’aken temenan sampean iku.
Bu Haji : Hhuuuusssttt.. meneng o. (isin)
Imah : Hahahah...
Dina keloro, gantian saldale Eman sing ilang nang masjid. (mulih saka
masjid)
Eman : Lhuala sandalku ilang. Sandal anyar iku.
Izah : Halah sewu telu ae lho.
Eman : Nyeker dech !
Menene muleh ngaji, sandhale Eman ilang maneh.
Eman : Wes mboh !! Sandhalku ilang terus.
Mbok Tar : Ancene edan. Kelangan kok sampek bolak-balek.
Tarmin : Kowe gak salah ndeleh ta ?
Lela : Iyo. Sampean lak pikun sakdurunge wayahe se ??
Izah : (ngenyek) kuwalat se ?
Imah : Bu RT, yok opo iki ?
Bu RT : Iki kudu di basmi cepet-cepet.
Bu Haji : Ngene ae, engkok mari magrib ayo di inceng sopo sing njupukan.
Mari magrib..
Menik mlayu-mlayu dipergoki Eman.
Eman : lho, Nik lapo kowe mlayu-mlayu ?
Menik : Ee.. Cak Eman. Gak popo. Olahraga Cak. (gragapan)
Eman : Sek-sek, aku kok koyok gak petuk kowe wingi.
Menik : Ee..aa.. aku.. aku wingi..
Tarmin : Man, sandalku ilang Man.
Izah : Dadak aku yo yo. Ilang sisih.
Bu Haji : Ues di dengkek a maling e ?
Bu RT : Iyo. Wes ta ?
Imah : Maeng sing mlayu rene. Kowe petuk a Man ?
Eman : Gak i. Aku mek petuk Menik,
Tarmin : Edan. Maling saiki nyolonge gak sandal sak pasang.
Izah : Iyoh. Nyolong ae sisihan.
Bu Haji : Kok maling. Rai ne wong ae saiki yo sisihan.
Bu RT : Lha kok ?
Bu Haji : Lha yo se ? sisih lanang sisih wedok.
Kabeh : Hahahahahaha……
Lela : (menggos-menggos) lha iku maling e.
Eman : Ndi ?
Lela : Menik iku lho ?
Menik : Lho ? apa buktine ??
Eman : Opo sing mbok gowo ?
Izah : (ngrebut) lha iki sandalku.
Mbok Tar : Lhealah ndug.. ayu-ayu kok nyolongan.
Bu Haji : Ya Allah. Menik.. lapo kowe njupuki sandale wong-wong ?
Menik : Lha jare Bu Haji tinggalen sing elek-elek jupuken sing apik-apik. Yo sandal
e sing apik tak jupuk. Terus sandalku sing elek tak tinggal.
Kabeh : Ealahhh… GLODHAK !!!
Meniiiiiiiikkkkk…….. :P
TAMAT

You might also like