You are on page 1of 2

Cangkriman

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umumé kanggo
gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana
werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga
wangsalan kang dijawab dhéwé.

Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:

 cangkriman kang awujud tembung wancahan.


 cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
 cangkriman kang ngemu surasa blenderan
 cangkriman liya-liyané

Cangkriman Wancahan

Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana.
Contoné:

 kabaketan = nangka tiba nang suketan.


 pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
 burnaskopen = bubur panas kokopen.
 wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
 yumaerong = yuyu omahé ngerong
 suru bregitu = asu turu di bregi watu

Cangkriman Pepindhan

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané.
Contoné:

 Sega sekepel dirubung tinggi = salak.


 Pitik walik saba kebon = nanas.
 Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
 Wit adhikih woh adhakah = waloh.
 Wit adhakah woh adhikih = ringin.
 Kebo bulé cancang marang = buntil
 Gajah nguntal sangkrah = pawon
 Emboké wuda, anaké tapihan = pring

Cangkriman Blèndèran

Cangkriman blèndèran iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn
macané salah. Contoné:
 Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
 Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing
mati.
 Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil

Cangkriman kang kacetak wacanan

Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:

Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing
disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn
lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring.
Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)

You might also like