You are on page 1of 3

Teks MC Pernikahan Manten Bahasa Jawa Krama

Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi
minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming
kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah …………………….. ugi para tamu
undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur
Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun
rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal
wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy
kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.

Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad
SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun
bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro
putri ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados
pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan
sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,
Amin………

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.


Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen
jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo
marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade
kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning
adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.

1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko


2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih
3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga
pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan
siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH

Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak
ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak
derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin
aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak
sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos
dening sederek….……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho
saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x

‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!

Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten
kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri
minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco

Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati,
sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi
pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking
bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi
saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak
……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.

Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan
mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka
sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun
suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan
dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang
cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga…!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu
anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan
mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.


Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat)
ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho
pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak………. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso
(mengharap) panjenengan ipun Romo kyai …………ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho
paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun
dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo
kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.

Baca Juga : Contoh Percakapan Untuk Belajar Bahasa Jawa

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.

minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening
bapak …….. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul
bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning
sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah
pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah
bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami

Lan dumateng bapak ……………wekdal saha sasana kawula aturaken.

You might also like