You are on page 1of 15

Dhuh sangang sasi aku diemban

Dening ibuku ing madhaharan

Naliko iku ibuku nompo

Kamelaratan kang tumpo-tumpo

Sehingga ibu nyuwun pitulung

Marang pengeran kang Maha Agung

Dhuh Gusti Allah Mugi Panjenengan

Paring selamet lan kesuburan

Dateng kawula saha puniko

Bayi kang dereng nate duraka

Dhuh Gusti Allah Mugi Panjenegan

Anggampilake ing kelahiran

Awit margino sanget rekoso

Nanging panjenengan Maha Kuwasa

Dhuh Gusti Allah kawula pasrah

Dateng panjenengan kang Maha Murah

Carane ibu ora mung ngemban

Raga nyawaku ing madhaharan


Tapi kang luwih mungguh larane

Yaiku mangsa hanguwatake

Saking larane nganti iluhe

Nerotos saka netra kalihe

Sehingga ibu lali manungsa

tapi ndak lali Dzat Kang Kuwasa

Tan saya suwe tan saya banget

Ulihe nyuwun mugi selamet

Bareng wis lahir ibuku bungah

Sarana ngucap alhamdulillah

Tan saya lawas tan saya nemen

Ngumate ibu dhuh melas temen

Rina lan wengi ndak bisa turu

Nganti ragane tan saya kuru

Soko bengine ulihe repot

Ngrumati aku ndak tahu repot

Repot nyusoni nganggo powane

Repot ngedusi saben dinane


Repot ngresiki ing sandhanganku

Ugo ndondomi kerono aku

Lan njaga aku saka bahaya

Mengkono iku ndak oleh kaya

Balik sejane mung arep-arep

Rahmate Allah sarana madhep

Wis tah pendeke repote ibu

Ora sepele lan ethok-ethok

Saking baguse atine ibu

Senajan repot ngrumat nyang aku

Ndak bakal leno lan ngersulo

Baik asihe kaprah mulo

Saking asihe ibu nyang yogo

Yen anak loro ibu ugo

Semono ugo yen anak waras

Ibu ndak telat muji kang welas


Ngajare ibu marang awakku

Ndak mergo sengit marang ragaku

Balik sejane supaya kita

Dadi menungsa aja kelunta

Lan jujurake sak oleh-oleh

Marang awakku supaya noleh

Marang dedalem kang bener-bener

Sehinggo aku dadi wong pinter

Dadi wong mulyo dadi unggul

Unggulane Allah lan para Rasul

Lan sekabihe para ambiya’

Semono ugo poro ulama’

Pendhak ngajare ibu nyang anak

Dak taqadake tamba ndak enak

Semongso-mongso tamba ndak enak

Lumrahe gelis marsake awak

Sareng awakku dilahirake

Saka widungan sarana sae


Banjur romoku nyuwun nerima

marang pangeran kang Moho Lomo

Lan nuwuhake marang sang anak

Mugoho urip sarana kepenak

Mugoho urip sarana enteng

Lan mugo-mugo dadi wong meneng

Lan mugo-mugo dadi wong pangkat

Ono ing ndunyo lan ing akherat

Ing sah rening bapakku dhemen

Duweni anak kang mulya temen

Mulane nemen ulehe ngemong

Raga nyawaku kang isih kothong

Ulihe njaga ing pangananku

Umben-embenku lan sandhanganku

Ulihe nandur marang akalku

Ing pamulangan supaya aku

Nompo pangerti kang tulus-tulus

Lan kepinteran kang bagus-bagus


Lan kepinteran kang migunani

Lan kekendhelan kang pinuji

Kawit enom tumeko sepuh

Margo dayane romo kang ampuh

Aku memuji karo Kang Welas

Marang Pangeran Kang Maha Welas

Supaya aku biso nglakoni

Apa dawuhe bapak lan umi

Lan aku wajib kudu mituhuni

Dhawuhe Pengeran lan Kanjeng Nabi

Lan mugo-mugo enthuk ridlane

Marang Gusti Allah lan Utusane

Aku wis ngerti marang repote

Bapak lan ibu njaga putrane

Toh apa dene Bapak lan Ibu

Kang nyebabake aku kepenak


Ono ing ndunyo kang rusak

Oh mumpung urip ndak noto awak

Oh mumpung urip ndak winakis

Oh mumpung urip ndak cawis-cawis

Oh mumpung urip tandhang temenenan

Oh mumpung urip ngurbanke badan

Urip mbagusi ibu lan romo

Supoyo aku dadi wong utomo

Lan ngeladeni sak kuwat-kuwat

Supaya aku nompo rahmat

Saka ngersane kang majibake

Marang awake hangagungake

Lan mbagusi wong tuwo kaleh

Kelawan ikhlas lurus penggalih

Lan sekuat-kuat awakku iki

kudhu ngungguli ing ngisor iki

Ing satemene ibu lan bapak


Banget asihe marang sang anak

Hinggo karone ndak ngajeng-ajeng

Mugo sianak muga wilujeng

Hinggo mulyo ndunyo akherat

Sebab uripe urip manfaat

Mulane aku kudu nglakoni

Ing nasehat abi lan umi

Oo, nerimo ndak mergo wedi

Balik kerono tuluse ati

Sebab karone wis ngaweruhi

Apa kang kito durung mangerti

Ngabekti iku tingkah pinuji

Lan nuduhake baguse ati

Dhuh kari-kari ibu lan romo

Luweh pareko marang manungso

Marang awakku mulane aku

Kudu ngabekti ing wong tuwoku

Supaya tambah kadhemenan


Marang awakku saben dinane

Yen ibu romo ngadeg karone

semono ugo aku mengkene

ndak pisan-pisan aku njur lungguh

senajan lungguh nggo romoh tamah

lan aku wajib atata kromo

ana ngersane ibu lan romo

ndak ngakehake ing tatah latah

ugo gelejet lan tingkah polah

lan aku wajib hamirengaken

marang dhawuhe karo-karone

lan mikir-mikir hingga mangerti

lan angen-angen hingga ngabekti

lan aku wajib nembung kang alus

marang karone sarana alus

serta menganggo gunem kang bersih

lan suwaraku kudu kang lirih


aku ndak niru bocah kang miromo

ing pelungguhan ngersane romo

lan bocah-bocah kang padha bosen

amirengake dhawuh kang temen

hingga ndak weruh nyatane barang

merga ngeduhi dhawuh kang terang

balik awakku kang sregep

hamirengake dhawuh kang sedhep

gelis nambahi ing kaweruhan

uga nambahi ing kamulyaan

pendhek ndak ono barang kang enak

anging dhawuhe karo ulama’

kapan kapethuk marang bapakku

ana ing dalan pinuju mlaku

banjur sayogja aku salaman

marang bapakku serta gancangan

lan ugo marang rewang-rewange


supaya aku nompo ridhane

rampung salaman njur aku ngenteni

menawa bapak ngutus kang gati

yen bapak rawuh aku pinuju

lungguh ing kursi mbanjur aku maju

banjur hanyandak marang astane

sehingga nyusup njaba njerone

Pancen nyucup marang astane

Ibu lan romo saben dinane

Iku dipuji marang Pengeran

Lan Kanjeng Nabi dadi utusan

Paringe bapak marang sang anak

Iku kerono asihe bapak

Mulo sayogja yen aku nyuwun

Kelawan alus lan matur nuwun

Aku ndak nyuwun naliko romo

Ono sandhinge para manungso

Yen panyuwunku ndak dituruti


Sayogja aku ndak ngudi-ngudi

Ora sayogja njur aku nyanak

Perlu nyenyuwun nyang liyan bapak

Senajan marang setengah soko

Kancane bapak kang luwih nama

Dhuh ngene iki perkara camah

Lan ngasorake ing ahli omah

Lan nyedahake asore rogo

Alane watak semono ugo

Aku ndak niru ing bocah-bocah

Kang ngentengake ing barang omah

Banjur njupuki opo kang enak

Tanpa nyenyuwun ibu lan bapak

Yen aku gedhe kudu nulungi

Marang repote abi lan umi

Lan luweh luweh ibu lan romo

Lan uga ibu naliko tuwo


Serto ngedohi ing kebosenan

Ugo ngedohi ing pangersulan

Pendek senajan banget abote

Utowo banget mungguh repote

Sok ugo repot kerono bantu

Marang sang romo ugo sang ibu

Ndak pisan-pisan njur aku nesu

Marga nuruti ing hawa nefsu

Yen salah siji soko wong tuwo

Ngutus aku ing siji dino

Mongko ndak pikir iki perintah

Rasa-rasane nerajang salah

Banjur atiku kudu kang jembar

Saka tumerep kelawan sabar

Uga maringi sak wayah-wayah

Ing keterangan kelawan genah

Sehingga manut kelawan seneng


Ing penjawaban anak kang ganteng

Syiiran iki diangen-angen

Kanggo putrane kang mirengaken

Lamun ndak tutur semono bae

Ugo parnaca anggepa sae

Mulo diwaca lan diapalke

Ing tingkah laku saben dinane

Ringkese syair lamun ngreksane

Kudu direksa putra-putrine

Kawit bayi hingga dewasa

Ndak terangake ing iki yoso

Yekti sesak iki syehifah

Uga pamoco kerasa payah

Mulo ndak tutur sethitik bae

Tapi pamoco nganggepa sae

Mugi syukur marang gusti Allah

Krana rahmate kang Maha Murah

Muga-mugaha pintu pitudhuh


Saka ngersane Kang Maha Asih

You might also like