You are on page 1of 2

Pewawancara : Nuwun sewu, asma terangipun bapak, sinten?

Narasumber : Yacobus Eko Cahyono

Pewawancara : Bapak lahir dhateng pundi, saha tanggal pinten?

Narasumber : Lahir wonten Padang, Sumatra Barat. Tanggal 27 Juli 1967

Pewawancara : Rumiyin bapak kagungan gegayuhan dados punapa?

Narasumber : Rumiyin, taksih alit kula gegayuhanipun dados dokter

Pewawancara : Sakpunika bapak ngasta dhateng pundi?

Narasumber : Gegayuhanipun dados dokter, awrat. Dhateng SMA mundhut jurusan IPS wonten
SMA 4 Semarang. Teras wonten pendaftaran IKIP, ketampi. Teras dados guru.
Sakpunika ngasta ing SMA Mardisiswa, Semarang.

Pewawancara : Dados dwija punika, kepengenanipun piyambak punapa tiyang sepuh?

Narasumber : Inggih kepingin piyambak lan di dukung kalih tiyang sepah

Pewawancara : Pripun riwayat pawiyatanipun Bapak, awit alit ngantos kuliah?

Narasumber : SD wonten Padang. Lanjeng, SMP pindah wonten Semarang, dhateng SMP Yoris.
SMA wonten SMA 4 Semarang, mundhut jurusan IPS. Kelas 3, wonten program
PMDK, mlebet IKIP tanpa tes

Pewawancara : Kagungan pengalaman mengesankan, nalika ngajar/sinau geografi?

Narasumber : Dhateng IKIP, mundhut jurusan geografi. Mundhut geografi, amargi kula remen
traveling, dados cocok. Kesan ngajar geografi biasa mawon. Lare nakal punika umum

Pewawancara : Sanesipun remen traveling, geneya mundhut pendhidhikan geografi?

Narasumber : Dhasaripun remen dolan ugi seneng peta

Pewawancara : Taun kapan bapak milai ngajar geografi? Lan dhateng pundi mawon?

Narasumber : Ngajar geografi punika milai taun 1987. Dereng lulus, sampun ngajar dhateng SMP
Mardisiswa. Teras ngajar dhateng SMA Mardisiswa ngantos sak punika milai taun
1988

Pewawancara : Naming ngajar geografi, punapa wonten pelajaran sanes?

Narasumber : Naming geografi

Pewawancara : Tanggung jawab dados guru, punapa mawon pak?

Narasumber : Ingkang sepindah punika mucal. Nanging mboten mucal mawon, kudu ndhidhik.
Mucal punika maringi pelajaran, nanging ndhidhik punika ngupadi, supados lare-lare
sae, pinter, urmat punika ingkang awrat, tinimbang namung ngajar
Pewawancara : Apa kang dados motivasi bapak dados guru?

Narasumber : Motivasi kang idealis inggih supados minterake anak bangsa

Pewawancara : Kados pundi pak, perasaanipun bapak nalika wonten siswa ingkang mboten
nggatekake? Apa kang bakal dilakokake bapak?

Narasumber : Amaragi kula saking kaluwarga militer, disiplin punika nomer setunggal. Menawi
wonten sekolah, lare-lare mboten disiplin, ingkang sepindah dipun tegur. Kaping
kalih dipun paringi peringatan. Menawi diparingi peringatan taksih nakal, terakhir di
jewer

Pewawancara : Kesan ngajar geografi, punapa mawon pak?

Narasumber : Kesanipun seneng. Amargi mboten perlu tindak wonten daerah ngrika, nanging kita
ngertos. Artine dereng nate dhateng Amerika Serikat, nanging lewat maca, nduwe
bayangan, “Oh, Amerika punika, kados ngoten”

Pewawancara : Badhe lanjut S2 punapa mboten pak?

Narasumber : Rasa kepengen wonten. Nanging, kula sampun umur. Belajar itu seumur hidup,
nanging yen S2, kersane sing nom-nom mawon

Pewawancara : Pesen bapak kangge generasi nom...

Narasumber : Pesen bapak kangge lare-lare nom, sekolahlah setinggi tingginya. Ingkang kaping
kalih menawi sampun pinter, nggih ampun kesupen kaliyan nusa bangsane. Kathah
ingkang pinter, nanging malah kesupen dhateng nusa bangsanipun. Sekolah
dhateng negri manca, kerja dhateng negri manca lan ilmune diparingaken dhateng
bangsa sanes

Pewawancara : Seneng lan susahipun dados guru punapa mawon pak?

Narasumber : Seneng punika, menawi tes nilainipun sae, punika remen. Kosok balene, sampun
direkasani mulang, nanging pas ulangan nilainipun mboten sae, punika kang sedhih.
Dados, bagian pundi kang lare mboten ngertos, mboten tanglet bapak/ibu guru

You might also like