You are on page 1of 2

‫السال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬

ُ‫س ْيلَةُ ُفِى ُنَ ْي ُِل‬ َُ ‫ض‬


ْ ‫ان ُ َو‬ َ ‫ْر ُ َر َم‬
َُ ‫شه‬ َ ُ ‫ن ُ َو َجعَ َُل‬ ُِ ‫سالَ ُِم ُ َواْ ِال ْي َم‬ ُِ ‫ِي ُأ َ ْنعَ َمنَا ُبِ ِدي‬
ْ ‫ْن ُاْ ِال‬ ُِ ُُِ‫ا َ ْل َح ْمد‬
ُْ ‫لل ُالَّذ‬
ْ َ ‫علَى ُا َ ِل ُِه ُ َوا‬
ُ‫ص َحا ِب ُِه‬ َ ُ ‫ ُ َُو‬.‫سان‬ َ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّمدُ ُا َ ْف‬
َ ‫ض ُِل ُاْ ِال ْن‬ َ ُ ‫علَى‬ َ ُ ُ‫سالَم‬ َّ ‫صالَةُ ُ َوال‬ َّ ‫ ُ َوال‬.‫ان‬ ِ ‫ا ْلغ ْف َر‬
‫أُ ِّماُبعد‬.‫ْنُبا ْلقَرآن‬ َُ ‫س ِكي‬ِّ ِ ‫ا ْلمت َ َم‬
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji
syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat,
Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun
limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken
anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun,
shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko :
Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng
ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :
Ingkang artosipun :
“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso.
Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro
podo taqwa” (Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito
sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an,
Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene
ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito
tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan
ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon,
ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’,
tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata ‫ص ْوم‬ َ ingkang hurufipun
wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang
huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum (‫ص ْمت‬ ُ )
ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun
saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (‫ ) َو َرع‬utawi Wiro’i. Ingkang
maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis
ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho
minggahipun syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (‫ ) َملَك‬ingkang artosipun
ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan
nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen
kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi
kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon
kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso
kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito.
kranten kanjeng Nabi dawuh :
ُ‫نُ َذ ْن ِب ِه‬
ُْ ‫ساُباُغ ِف َُرُلَهُُ َماُتَقَ َّد َُمُ ِم‬ َ ‫نُقَا َُمُ َر َم‬
َُ ‫ض‬
َ ‫انُ ِإ ْي َماناُ َواحْ ِت‬ ُْ ‫َم‬
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh.
Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo
nyuwun pangapunten lahir lan batin.
‫وُباللُالتوُفيقُوُالهداية‬
‫والسالُمُعليكمُورحمةُهللاُوبرُكاُته‬

You might also like