You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah SMA Negeri 4 Semarang ingkang tansah kawula urmati,

Bapak saha ibu guru ingkang dahat kinurmatan,

Tiyang sepuh siswa SMA Negeri 4 Semarang ingkang satuhu kinurmatan,

Saha rencang-rencang kelas XII ingkang kula tresnani,

Alhamdulillah, puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos amargi
sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sami ing pepanggihan
misudha kelas XII SMA Negeri 4 Semarang.

Kaping sepisan, kula minangka dhuta saking kelas XII ngaturaken pangapura marang bapak saha ibu
guru wates kalepataning kita sedaya. Kula ngertos menawi kita dados siswa ing SMA 4 Semarang
sampun damel bapak saha ibu guru susah.

Mboten kesupen, ing pepanggihan menika mawon, kula uga ngaturaken pangapunten marang tiyang
sepuh kita sedaya wates kalepataning ingkang sengaja lan mboten sengaja ditindakake.

Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Kula lan rencang-rencang ngaturaken agunging panuwun
marang bapak saha ibu guru ingkang sampun maringi kawruh kita sedaya dadosaken siswa ingkang
pinter. Kula mboten saged atur piwales menapa-napa, ananging ngaturaken pandonga supados
Gusti Allah maringi berkah marang bapak saha ibu guru wates jasa-jasanipun.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani. Sampun tigang taun kita sesarengan, wonten bingah lan
susah nalika kita ngangsu kawruh ing SMA Negeri 4 Semarang. Menawi ndisik wonten patrap
ingkang mboten mranani, nyuwun pangapura.

Kula aturaken sugeng mlampah wonten pawiyatan utawa universitas ingkang lantun inggil sarta
dipunidham-idhamaken panjenengan. Mugi-mugi pepisahan menika dados kenangan ingakang elok
kangge kita sedaya.

Wasana, cekap atur panampi pamitan menika, menawi wonten kalepataning atur kula nyuwun
agunging samodra pangaksami. Tumbas bubur mboten kantun, matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like