You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Wr.

Wb
Nuwun, kawula nuwun.
Dewan yuri ingkang kula hormati,
Para rawuh kakung saha putri ingkang kula hormati,
Para kanca ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin, sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten


ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken pinten-pinten
kenikmatan dumateng kita sedaya, kacihna ing wekdal punika kita sedaya saget sami
pinanggihan wonten ing papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal
punapa.

Sholawat saha salam sumangga kaaturaken wonten ngarsanipun junjungan kita Nabi
Agung Nabi Muhammad Sallallohu Alaihi Wassalam, ingkang kita tengga-tengga dhawuh
lan safaatipun mbenjang wonten yaumul khiyamah

Sakderengipun kula matur mbok menawi wonten atur kula ingkang lepat saha klentu
mewah mboten ndamel sarujuking penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun pangapunten.
Bapak ibu para rawuh saha para sedherek kula sedaya ingkang kinurmatan, gesang wonten
ing madyaning brayat agung perlu sanget mbetahaken pawiyatan ingkang cekap. Awit punapa, wekdal
punika sampun manggihi jaman era globalisasi, era teknologi canggih, pramila supados kita
mboten katilar dening jaman punika kedah hanggadahi pawiyatan ingkang saget ngimbangi
kawontenaning jaman punika

Pawiyatan ingkang sampun dipun pandegani dening bapak Ki Hajar Dewantara,


sumangga kauri-uri ngantos telasing jaman. Panjenenganipun Bapak Ki Hajar Dewantara
kagungan sesanti, ING NGARSO SUNG TULADHA, ING MADYA MANGUN KARSA, TUT
WURI HANDAYANI. Ingkang tegesipun wonten ngajeng kedah saget paring patuladhan, wonten
tengah ndamel semangat, wonten wingking paring panyengkuyung

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Pawiyatan mboten wonten batesipun, cekap menawi
sampun kukut yuswa. Pramila sumangga kita mboten kendat pados pangertosan bab punapa kemawon,
murih saget njumbuhaken kaliyan sesrawungan wonten madyaning brayat agung, ndadosaken
suka rena kaliyan sesami

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like