You are on page 1of 5

1Pranoto coro

Allhamdulilah allhamdulilah robbil alamin assollatu wassalamu ala asrofil ambiyai warmursalim waala alihi wasohbihi ajmain amma badu
-Wabil muqoddimah,hadrotal muhtaromin,poro alim ulama ingkang tansah kulo taati. -wabil khusus panjenenganipun .. -Poro bapak poro ibu,hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken ALLAH WST Sumomggo kito tansah ngunjuaken puji syukur wonten ngerso dalem ALLAH SWT,ingkang sampun pareng pinten pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun nikmat iman lan islam Sholawat soho salam mugiyo tansah katur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.

BI QOULINA ALLAHUMA SOLLI WASALIM ALA SAYIDINA MUHAMMAD


Kanthi waosan sholawat meniko mugiyo kito dados umatipun ingkang angsal syafaatipun mbenjeng wonten dhinten kiyamat ,Amin. Poro hadirin ingkang kinurmatan .Wonten mriki kulo imgkang kajibah minangkani pranoto acoro,badhe ngaturaken reraciing acoro -Sepindah pembikaan -Kaping kaleh waosan ayat suci AL-QURAN -Adicoro ingkang kaping tigo waosan sholawat -Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko atur pambagyo utawi sambutan -sak lajengipun adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko mauidhoh hasanah -Dene Adicocoro pamungkas nun inggih doa penutup Mekaten kolo wau menggah reraciing adicoro wonten dalu puniko.sumonggo kangge iftitahul majlis acoro wonten ndalu puniko kito bikak kanthi waosan surat AL-Fatihah, Mugiyo kanthi waosan surat AL-Fatihah,acara saget lumampah kanthi lancar .Amin.

Adicoro sak lajengipun waosan ayat suci AL_Quran ingkang badhe kaslirani panjenenganipun,dumateng panjenenganipun kulo sumanggaaken Sodaqollahuladhim wasodaqo rosuluhul kharim wa anna insa allah ala sayidina minasahidin Poro hadirin engkang kinurmatan,adi coro ingkang kaping tigo nun inggih waosan sholawat ingkang dipun pangarsani kaleyan wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken. Poro hadirin ingkang kinurmatan ,adicoro sak lajengipun inggih meniko atur pambagyo wilujung utawi sambutan panitya. Wekdal soho panggenak kawulo sumanggaaken. Poro hadirin ingkang kinurmatan adicoro ingkang kaping gangsal nun inggih adicoro inti,maidho hasanah ingkang bade dipun aturaken panjeneenganipun..wekdal lan panggenan kulo semanggaaken. Mugi- mugi kanthi uraian mauidho hasanah kolo wau kito saget mendhet hikmah kangge ningkataken iman lan takwa kita.amin ya robil alamin. Poro bapak,poro ibu hadirin ingkang kinurmatan, Adicoro ingkang pamungkas inggh meniko doa panutup, Imgkamg bade kasalirani pamjemenganipun . Anaging sakderengipun ,kulo minangkani pronoto adicoro saking awal ngantos akir anggenipun mimpin acoro katah kalepatan lan kekirangan, kulo nyuwun agunge samudro pangaksomo.

Akrimul kalami billahi taufik walhidayah waridho wal inayah wasalammualakum waroh matullaahi wabarokatuh.

Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken

Sambutan.

Allhamdulilah allhamdulilah robbil alamin assollatu wassalamu ala asrofil ambiyai warmursalim waala alihi wasohbihi ajmain amma badu
-Wonten ngarsanipun poro alim ulama ingkng tansah kulo mulyaaken -Wabil khusus panjeneganipun ingkang kawulo tenggo mauidho lan fatwanipun-Bapak bapak pejabat sipil lan militer poro bapak poro ibu poro sederek ingkang kinurmatan. Sepindah monggo kito tansah muji syukur wonten ngerso dalem ALLAH SWT,biqoulina Allhamdullillahi Rabil Alamin Allah SWT ingkang sampun pareng pinten-pinten kenikmatan dumateng kito,ngantos kito sedoyo saget mujalasah kanti wilujeng mboten wonten punopo. Salajengipun sholawat soho salam mugiyo kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhannad SAW,mugiyo kito sedoyo dados umatipun ingkang angsal syafaat mbenjang wonten dinten kiamat. Poro rawuh,poro hadirin eohimakumullah. Ten mriki kulo minangkaning wakil saking panitia sepindah ngaturaken sugeng rawuh,sugeng pinaraan,

Mugiyo hadir kawulo lan rawuh panjenengan dipun catet dening ALLLA H SWT dados amal solih,amin. Atas nami panitiya kulo ngaturaken sembah nuwun dumateng sedoyo pihak ingkang sampun paring biyantu kangge kesuksesan acara meniko,sami ugi arupi dana,tenaga lan pikiran,khususipun dumateng generasi muda lan remaja ingkang sampun kompak lan guyup kangge lancaripun acoro..saking panitia naming sagete ngunjuaken doa:

Mugiyo Allah SWT paring pinwales kanti piwqales ingkang langkung agung. Amin Ya Rabil Alamin M boten kesupen kulo nyuwun agunge samudro pangaksami dumateng poro hadirin sedoyo,senaoso acara meniko sampun digags saking wekdal ingkang tebih,anangaing ten mriko-mriki taseh kathah kekiranganipun,saking papan panggenan,papanpinaraan,pasugatan lan lintunipun.sepindah maleh kulo nyuwun agunge samudro pangaksami.Saking kawulo pribadi menawi anggenipun matur kathah kelepatan lan kurang trap kurang silahing tembung lan tingkah nyuwun saagunging pangaksomo.

Akrimul kalami billahi taufik walhidayah waridho wal inayah wasalammualakum waroh matullaahi wabarokatuh.

Assalamualaikum warohmatulluhi wabarokatuh Pareng matur dumateng sedoyo ,sak derange acara. Kito wiwiti ,monggomonggo kito sareng-sareng muji shukur dumateng ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun pareng pinten-pinten kanikmatan lan karohmatan saenggo kito sedoyo.kathitik wonten dalu puniko kulo lan panjenengan sami saged ngempal wonten mriki kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan setunggal punopo.sholawat soho salam kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkang kito tenggo safaatipun wonten ing yaumul akhit, amin. Mugi mugi kanthi waosan sholawat puniko saged ndadosno manfaat dating kulo lan panjenengan sedoyonipun Amin Allahuma Amin

You might also like