You are on page 1of 34

TEMBANG MACAPAT

1
Paugeran tembang gambuh yaiku....
a. 5 gatra = 7u, 10u, 13i, 8u, 8o
b. 5 gatra = 8u, 10u, 12i, 8u, 8o
c. 5 gatra = 7u, 10u, 12u, 7u, 8o
d. 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
e. 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 7u, 8o

D
2
Ing ngisor iki kang kalebu sasmitane tembang
asmaradana yaiku....
a. Mijil, pamijil, wiyos
b. Sarkara, hartati, tresna
c. Asmara, brangta, yungyun
d. Taruna, anom, rema
e. Wuluh, truh, yudakenaka
C
3
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Tembang kasebut kalebu jenis tembang....


a. Asmaradana
b. Gambuh
c. Pucung
d. Sinom
e. Maskumambang
C
4
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Pitutur luhur kang ana sajroning tembang kasebut yaiku....


a. Menawa golek ilmu iku kudu nganti kelakon lan uga dilakoni kanthi temen-
temen. Yen menkono bisa bedaake becik lan ala.
b. Yen golek ilmu iku kudu nganti kelakon, mula gak oleh amung njangkepi
kewajiban. Yen mengkono bisa ngaweruhi becik utawa alane.
c. Menawa golek ilmu kudu temen-temen ora oleh amung guyonan. Yen mung
guyonan mula ora bakal oleh apa-apa kang dikarepake.
d. Menawa golek ilmu iku kudu diniati lan dilakoni kanthi temen-temen. Kanthi
mangkono niat iku bisa nguatno ati supaya ajeg golek ilmu. Yen mengkono bisa
nyingkirake tumindhak kang ora becik.
e. Yen golek ilmu iku kudu kelakon, mula kudu temenan lan aja amung njangkepi
kewajiban. Yen mengkono ora bisa ngaweruhi sing endi kang becik lan ala.
D
5
Sabar, grapyak, lan sumanak mula lumrahe
kanggo nelakake crita kang ngemu pitutur,
wewatake tambang macapat....
a. Dhandanggula
b. Sinom
c. Mijil
d. Gambuh
e. Durma B
6
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
tembang macapat pangkur yaiku....
a. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8u
d. 8a, 11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
e. 8i, 11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
A
7
Kang diarani guru lagu yaiku....
a. Dhong-dhinging swara saben pungkasan wanda
b. Dhong-dhinging swara saben pungkasan
tembung
c. Dhong-dhinging swara saben pungkasan gatra
d. Dhong-dhinging swara saben pungkasan pada
e. Dhong-dhinging swara saben pungkasan
tembang
C
8
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur

Tembang ing dhuwur yaiku kalebu tembang....


a. Mijil
b. Sinom
c. Kinanthi
d. Maskumambang
e. Amsaradana
A
9
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur

Tembung ‘andhap asor’ kalebu jenis tembung....


a.Tembung garba
b.Tembung saroja
c.Tembung entar
d.Tembung kawi
e.Tembung bebasan B
10
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur

Tembung ‘ana catur mungkur’ duweni arti pada karo....


a. Menawa ana rerasan kang ora becik mula kudu diadohi
b. Yen ana caturan kang becik mula kudu melu urun rembug
c. Menawa ana omongan lan sing diomongake wong liya kudu melu
ngomongna
d. Yen ana rerasan kang becik kudu disimpangi
e. Menawa ana rerasan kang apik kudu dirungokake
A
11
KINANTHI

Sing kuwat gelem tetulung


Gelem linanting sing ringkih
Kuwat ringkih nunggal tekad
Mlarat sugih wus sawiji
Sadaya tumuju marang
Masyarakat makmur adil

Tembung linanting ing tembang “Kinanthi” kasebut padha karo tembung ing ngisor ik
yaiku...
a. Nyangking
b. Mbarengi
c. Njejeri
d. Nggawa
e. Tinulung E
12
KINANTHI

Sing kuwat gelem tetulung


Gelem linanting sing ringkih
Kuwat ringkih nunggal tekad
Mlarat sugih wus sawiji
Sadaya tumuju marang
Masyarakat makmur adil

Pesen moral kang kinandhut sajroning tembang kasebut yaiku....


a. Pesen moral individu; saben wong kudu duwe rasa welas asih
b. Pesen moral sosial; saben wong kudu gelem tinulung marang liyane
c. Pesen moral agama; kudu syukur amarga bisa nulung
d. Pesen moral sosial lan agama; yen gelem tulung tinulung iku bakal angsal rizeki
e. Pesen moral sosial lan individu; kudu duweni rasa welas asih lan tulung tinulung
marang wong kang mboten nggadah
E
13
KINANTHI

Sing kuwat gelem tetulung


Gelem linanting sing ringkih
Kuwat ringkih nunggal tekad
Mlarat sugih wus sawiji
Sadaya tumuju marang
Masyarakat makmur adil

Watake tembang “Kinanthi” kasebut yaiku....


a. Sabar, grapyak, sumanak
b. Susah, sedhih, lan melas asih
c. Sedhih lan kentekan pengarep-arep
d. Seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani
e. sakpenake lan kurang greget
D
14
Tembang macapat nggambarake kauripan manungsa ing
alam dunya. Menawa tembang pangkur yaiku
nggambarake....
a. Bocah kang isih enom kang isih duweni rasa kawruh
kang gedhe.
b. Tresna kang wis jumbuh banjur digawa ing akrami.
c. Yuswa sampun sepuh lan ngungkurake kadonyan
d. Wong kang tuwa amung bisa tutur-tutur marang kang
isih enom, supaya bisa bedaake endi kang becik lan
ala.
e. Wong kang tuwa amung bisa nyedhak marang kang
nggawe urip lan amung bisa ngewenih marang liyane.
C
15
Wong kang tuwa amung bisa nyedhak marang
kang nggawe urip lan amung bisa ngeweni
marang liyane, kalebu gambarane tembang....
a. Durma
b. Megatruh
c. Pangkur
d. Dhandanggula
e. Kinanthi C
16
Adiguna puniku,
Ngandelaken kapinteranipun,
Samubarang kabisan dipundheweki,
Sapa bisa kaya ingsun,
Togging prana nora enjoh.

Tembang kasebut kalebu jenis tembang....


a. Sinom
b. Kinanthi
c. Asmaradana
d. Gambuh
e. Dhandanggula
D
17
Adiguna puniku,
Ngandelaken kapinteranipun,
Samubarang kabisan dipundheweki,
Sapa bisa kaya ingsun,
Togging prana nora enjoh.

Tembung ‘nora enjoh’ pada tegese karo tembung ing ngisor iki yaiku....
a. Ora bisa apa-apa
b. Mung sia-sia
c. Nemu cilaka
d. Kaanan ala
e. Ora becik
A
18
Adiguna puniku,
Ngandelaken kapinteranipun,
Samubarang kabisan dipundheweki,
Sapa bisa kaya ingsun,
Togging prana nora enjoh.

Isi tembang macapat kasebut yaiku....


a. Sapa wonge kang amung ngendelake kapinterane urip bakal sengsara
b. Sapa wonge kang mung ngendelake kaluhurane bakal urip sia-sia
c. Sapa wonge kang mung ngendelake kapinterane mula tembe mburine ora bakal
bisa apa-apa
d. Sapa wonge kang ngendelake kakuwatane mula ora bisa urip tentrem
e. Sapa wonge kang amung bisa ngendelake kapinterane yaiku kalebu wong kang
ala

C
19
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal ...(19)
Awakku kecemplung warih
... wus meh pejah (20)

Tembung kang trep kanggo njangkepi tembang


Maskumambang (19) kasebut yaiku....
a. Tulungana
b. Dukanana
c. Paringana
d. Gantinana
e. Lungguhana A
20
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal ...(19)
Awakku kecemplung warih
... wus meh pejah (20)

Tembung kang trep kanggo njangkepi tembang Maskumambang (20)


kasebut yaiku....
a. Ngelampahan
b. Gelagepan
c. Gumantungan
d. Panggabayan
e. Pakumpulan
B
21
Paugerane tembang dhandanggula yaiku....
a. Sagatra = 10 pada
b. Sagatra = 10 wanda
c. Sawanda = 10 gatra
d. Sapada = 10 gatra
e. Sapada = 10 wanda

D
22
Sing duweni paugeran 6 gatra yaiku = 8u, 8i, 8a,
8i, 8a, 8i yaiku tembang....
a. Sinom
b. Kinanthi
c. Asmaradana
d. Gambuh
e. Dhandanggula
B
23
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
Manut guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan tembang
kasebut kalebu tembang....
a. Asmaradana
b. Gambuh
c. Dhandaggula
d. Durma
B
e. Pangkur
24
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo

Tembung ‘sudra papeki’ padha tegese karo tembung....


a. Wong kang ora duwe
b. Wong kang ala
c. Wong kang derajate endek
d. Wong kang bodho
e. Wong kang asor C
25
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo

Isi tembang kasebut yaiku....


a. Pitutur kang ora becik ora perlu digugu lan ditiru amarga mengko bakal urip
sengsara.
b. Pitutur becik iku mula pantes ditiru supaya dadi wong kang slamet ing dunya.
c. Sapa wae kang menehi pitutur mula kudu manut
d. Dumunung pitutur kang becik iku kudu dianggo sanadyan nggone muruk dening
wong kang cendek derajate.
e. Manut yen diwenehi pitutur kang bener, supaya dadi wong kang becik.
D
26
Watek tembang kang susah utawa sedhih lan
melas asih pantes kanggo nelakake kasedihan
yaiku tembang....
a. Dhandanggula
b. Gambuh
c. Maskumambang
d. Megatruh
e. Pangkur C
27
Sasmitane tembang megatruh yaiku....
a. Duduk, wuluh, truh
b. Kaluwak, wandacung
c. Undur, sirna, galak
d. Sarkara, hartati, sari bremana
e. Logondang, rema, mudha

A
28
Tembang ing ngisor iki kang duweni guru gatra
kanthi cacah kang padha yaiku....
a. Kinanthi lan asmaradana
b. Durma lan pangkur
c. Mijil lan megatruh
d. Pucung lan gambuh
e. Maskumambang lan sinom
B
29
Ing sawernane tembang macapat kang duweni
paugeran 9 gatra yaiku tembang....
a. Mijil
b. Sinom
c. Gambuh
d. Asmaradana
e. Pucung
B
30
Tembang dhandanggula duweni paugeran guru
gatra, guru lagu, lan guru wilangan....
a. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
b. 12u, 6a, 8i, 12a
c. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a,6u, 8a, 12i, 7a
e. 8a, 8i, 8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
D

You might also like